Tugu Proklamasi


Tugu Proklamasi utawi Tugu Petir inggih punika tugu kanggé mèngeti proklamasi kamardikan RI.[1] Tugu Proklamasi dipunyasa ing komplèks Taman Proklamasi ing Jl. Proklamasi (rumiyin dipunwastani Jl. Pegangsaan Timur No. 56), Jakarta Pusat.[1] Wonten ing kompleks punika wonten monumen patung ingkang cacahipun kalih inggih punika patung Soekarno-Hatta.[1] Patung punika gadhah ukuran ingkang ageng ingkang manggon kanthi jéjéran.[1] Patung punika mirib kaliyan dokuméntasi foto nalika naskah proklamasi sepisanan dipunwaosaken.[1] Wonten ing satengahing patung proklamator punika wonten patung naskah proklamasi ingkang dipundamel saking lempengan watu marmer ireng, kanthi susunan saha wujud mirib kaliyan naskah keyikan ingkang aslinipun.[1] Sasampunipun era reformasi, kejawi dados panggènan kanggé acara péngetan dinten Kamardikan RI saben taunipun, panggènan punika ugi asring dados nglempakipun para demonstran kanggé ngudhali uneg-unegipun.[1] Manawi sampun sonten ing dinten-dinten biyasa kathah para pandhuhuk ingkang griyanipun caket kaliyan musiyum sami gadhah kagiyatan wonten ing musiyum utawi tugu proklamasi punika.[1] Panggènan menik dados panggènan ingkang dipunremeni kanggé para laré dolanan, ulah raga saha panggènan kanggé kumpul lan srawung utawa namung lenggah-lenggah kemawon.[1]
Monumen punika dipundamel nalika taun 1980 kanthi patung Soekarno saha Mohammad Hatta ingkang dipundamel saking watu marmer kanthi ukuran 46 mèter saha 43 mèter.[1] Déné awratipun punika 1-2 ton kanggé saben patungipun.[1] WOnten ngajengipun ugi wonten replika naskah proklamasi ingkang dipundamel saking marmer kanthi ukuran 60 x 90 Cm.[1] Ukuran punika saking pembesaran tikel 200 saking ukuran aslinipun.[1] Nanging kathah ugi ingkang ngginakaken tugu punika kanggé dodolan saha kathah para mudha ingkang pacaran.[2]
Monumen Proklamasi dipundamel kagem pengenget setunggal tahun kemerdekaan Indonesia, 17 Agustus 1946. Kawonten serat ingkang dipahat ing Tugu Proklamasi, inggih puniko "Atas Oesaha Wanita Djakarta".[3]
Sejarah
[besut | besut sumber]Ing tanggal 1 Januari 1961, Presiden Sukarno ngresmikake Monumen Petir, sing banjur dikenal minangka Monumen Proklamasi. Ing taun 1972, konstruksi Gedung Perintis Kamardikan modern diwiwiti. Ing taun sing padha, Monumen Proklamasi sing sadurunge dirusak dibangun maneh kanthi desain sing padha.[4]
Ing tanggal 17 Agustus 1980, bebarengan karo ulang tahun Proklamasi Kamardikan Indonesia kaping 35, monumen pungkasan ing Taman Proklamasi, Monumen Pahlawan Soekarno-Hatta sing gedhe, diresmikake dening Presiden Soeharto.[5]
Ing taun 2000, Pemerintah Provinsi Jakarta ngrubuhake Taman Proklamasi kanggo mriksa pondasi omah Bung Karno, kanthi tujuan kanggo ngevaluasi pembangunan maneh ing mangsa ngarep. Nganti saiki, sisa-sisa pondasi omah Bung Karno isih bisa dideleng dening para pengunjung Taman Proklamasi.[6]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 indotravelers.com(dipunundhuh tanggal 19 September 2011)
- ↑ news.okezone.com(dipunundhuh tanggal 19 September 2011)
- ↑ Mutiarasari, Kanya Anindita. "Serba-serbi Tugu Proklamasi: Lokasi hingga Sejarah". detiknews (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-02-15.[pranala mati permanèn]
- ↑ "Tugu Proklamasi sebagai Tonggak Sejarah Kemerdekaan Indonesia". Wartakotalive.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-02-15.
- ↑ Wifaqi, Hikmah; Chamidah, Nur (2024-12-13). "PROKLAMASI 1945: TONGGAK SEJARAH MENUJU KEMERDEKAAN INDONESIA". Dinamika Sosial: Jurnal Pendidikan Ilmu Pengetahuan Sosial. 3 (3): 297–305. doi:10.18860/dsjpips.v3i3.10931. ISSN 2828-4763.
- ↑ CNN Indonesia (2022-08-04), Sejarah Robohnya Rumah Proklamasi #JelajahKemerdekaan, dibukak ing 2026-02-15
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |