Tari Guel

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Jogèd Guel, Acèh

Jogèd Guel minangka salah satunggaling khasanah budaya Gayo ing NAD. "Guel" ateges ndhelikaken. Mliginipun ing tlatah dataran tinggi gayo, jogèd punika gadhah cariyos ingkang unik. Para panaliti lan koreografer jogèd nedhaken bili jogèd punika boten namung jogèd biyasa. Punika minangka gabungan saking seni sastra, seni musik lan seni jogèd punika piyambak.

Wonten ing perkembanganipun, jogèd Guel minggah mandhap, nanging "Guel" dados jogèd tradhisi mliginipun wonten upacara adat tartamtu. "Guel" minangka apresiasi dhumateng wujud alam, lingkkungan lajeng dipunrantam kanthi gerak simbolis lan hentakan irama. Jogèd punika minangka médhia informatif. Kekompakan wonten ing padu padan antawisipun seni satra, musik/swara, gerak sanget saged dipunkembangaken kanthi semangat jama, saha éwah-éwahaning pola pikir masarakat.

Guel tamtu gadhah filosofi dhedhasar sajarahipun piyambak. Nalika antawis taun 1990-an jogèd punika dados objek panalitén para surveyor saking manca saha saking lebet nagri.

Pemda NAD nalika punika namung nyamektakaken sapérangan tim sangandhaping koodinasi Depdikbud (dinas pendidikan dan kabudayan), lan mau nama Drs Asli Kesuma, Mursalan Ardy, Drs Abdrrahman Moese, sarta Ibrahim Kadir ingkang ndhérék survey ingkang salajengipun dipunraos migunani tumraping kawula mudha, seniman, budayawan saperlu manggihaken sawijining deskripsi ingkang méh sampurna babagan jogèd guel. Sapérangan kasiling panalitén punika ingkang kacobi dipunandharaken, punapa malih panci dhokumèn/literatur jogèd punika sakedhik ingkang saged dipunsamektakaken.

Penari[besut | besut sumber]

Ing tlatah Gayo, kala rumiyin dipunkenal kathah sanget para penari Guel. Kadosta Syeh Ishak ing Kampung Kutelintang-Pengasing, Aman Rabu ing kampung Jurumudi-Bebesan, Ceh Regom ing Toweran. Penari sanès ingkang kurun wekdaal saking 1992 dumugi 1993 ingkang wekdal punika taksih gesang inggih punika Aman Jaya-Kampung Kutelintang, Umer-Bebesan, Syeh Midin-Silih Nara Angkup, Safie-Gelu Gele Lungi-Pengasing, Item Majid-Bebesan. Punika nalika iku rata-rata sampun gadhah yuswa 60-an. Sapunika sampun séda saéngga gantos génerasi penari dados salah satunggaling perkawis ingkang saestu.

Ewadene wonten penari ingkang mijil amargi bakat piyambak, boten langsung dipunajaraken kanthi téyori lan praktik déning para penari nimpuna kados ingkang sampun dipunsebutaken, keterampilan menarinipun sampun boten kados para pakaripun. Mekaten ugi para pangiring musik tetabuhan kados ta Rabana samsaya langka, punapa malih péngin nandhingaken kaliyan dedengkot almarhum Syeh Kilang ing Kemili Bebesan.

Jogèd Guel kapérang dados sekawan babagan baku. Kasungsun saking babak Mu natap, Babak II Dep, Babak III Ketibung, Babak IV Cincang Nangka. Rupa Gerak utawi gerak dhasar inggih punika Salam Semah (Munatap), Kepur Nunguk, Sining Lintah, Semer Kaleng (Sengker Kalang), Dah-Papan. Denen cacahing para penari wonten ing perkembanganipun kasungsung saking kelompok kakung lan putri antawis 8-10 (Wanita), 2-4 (kakung). Penari kakung wonten ing saben penampilanipun pesthi wonten minangka simbol kaliyan primadona, nglambangaken aman manyak utawi lintoe Baroe lan Guru Didong. Cacahing penabuh limrahipun paling sakedhik sekawan tiyang ingkang nabuh Canang, Gong, Rebana, lan Memong. Jogèd Guel panci unik, pengalaman penulis ngraosaken ngandhut unsur lan karakter perpaduan unsur keras lembut lan prasaja. Manawi para juru main saestu nguwaosi jogèd punika, mliginipun peran Sengeda lan Gajah Putih, saéngga para penonton bakal ngrosaken raos remen ingkang sanget. Kados wonten paprangan lan upaya ingkang ngaruhi antawising Sengeda lan Gajah Putih. Upaya kanggé ngasoraken katingal jelas, saéngga kipasan kain kerawang Gayo ing Punggung Penari kados ngandhut kekiyatan ingkang luar biyasa nalika jogèd. Guel saking babagan tumuju ing babagan sanèsipun dumugi pungkasan pesthi nawakaken uluran tangan kados jogèd sepasang kekasih ing tengah kegundahan tiyang sepuhipun. Boten wonten ingkang menang lan asor ing jogèd punika, amargi persembahan lan pertautan gerak lan tatapan mripat minangka pralambang Cinta. Nanging, sapunika jogèd Guel punika kados kelangan indukipun, amargi pamaréntah sanget anggènipun maringi perhatian punapa malih gempuran musik hingar modhèren kados ta Keyboard ing saben pista palakrama ing tlatah puika.

Pranala njaba[besut | besut sumber]

  • Junus Djamil, Gadjah Putih, Banda Acèh, Lembaga Kebudayaan Atjeh, 1958
  • Ridwan H Muchtar, Hikayat Jogèd Guel, Serambi,Rabu, 31 Dhésèmber 1969 [1]

Cathetan suku[besut | besut sumber]


Cithakan:Indo-jogèd-stub