Tanah wé
Tanah wé yaiku papan kawentuké jati dhiri budaya, bangsa, utawa ètnik. Dhéfinisi iki bisa uga ditegesi nagari papan sasawong dilairaké.[1] Tanah wé bisa uga diarani minangka tanah èr, kisma banyu, kisma tirta, tanah wutah rah, tanah wutah getih, prasada tanah wé, tanah bijana, janabijana, lan watan.
Ing Indhonésia, istilah tanah air (tanah wé) digunakaké kanggo anyebut saindenging Bumi Indhonésia kang dumadi saka dharat lan segara. Istilah iki adhadhasar konsèp Wawasan Nusantara kang kawentuk saka kaanan Indhonésia minangka nagara kapuloan paling gedhé ing donya. Istilah iki ambédakaké Indhonésia karo bangsa liya kang asring anyebut tlatahé karo sebutan motherland (ibu pratiwi), fatherland (bapa prasada), utawa mother country (nagara indung) gumantung saka budaya lan basa kabangsan nagara kasebut. Kajaba iku, Bumi Indhonésia asring uga diarani Ibu Pratiwi, Bumi Pratiwi, lan Nusantara.
Deleng uga
[besut | besut sumber]Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ "Definition of Homeland". merriam-webster.com (ing basa Inggris). Dibukak ing 23-12-2018.
{{cite web}}
: Check date values in:|access-date=
(pitulung)
Wacan sabanjuré
[besut | besut sumber]- Palemahan lan Élingan déning Simon Schama (Random House, 1995)