Menyang kontèn

Supremasi putih

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Supremasi putih utawa supremasisme putih iku pangandel kang rasis kang pitaya yèn wong kulit putih iku unggul lan kudu dianggep luwih wigati, kuwasa, lan mrabawani tinimbang ras liyané. Supremasi putih mulabukané saka rasisme ing jagat kawruh kang kerep gumantung marang argumèn-argumèn saka mayawidya (pseudoscience). Kaya déné obah-obahan (movement) kang sairib aran néyo-Nazisme, kang nggilut supremasi putih racaké ora nampa wong saka ras liya lan wong Yahudi minangka warganing obah-obahané.

Tembung iki uga racaké kanggo ngarani idhéyologi pulitik kang nglanggengaké lan nyengkuyung lelakon supaya wong putih tansah kuwasa ing babagan sosial, pulitik, sajarah, utawa bebadan (kaya kang kacetha ing tatanan sosiyopulitik kontèmporèr lan kapungkur, contoné ya iku dol-tinuku batur ing Atlantik, pranata Jim Crow ing Amérikah Sarékat, lan apartheid ing Aprikah Kidul).[1][2] Manéka rupa supremasi putih duwé panemu kang béda-béda babagan sapa kang kagolong wong kulit putih. Manéka golongan supremasi putih nitik sawatara golongan ras lan budaya minangka mungsuhé kang pokok.[3]

Ing jagat akadhemik, mligi ing téyori ras kritis utawa Intersèksiyonalitas, tembung "supremasi putih" uga ngemu teges tata pulitik utawa sosiyoékonomi, kang ménakaké wong putih minangka pribadi utawa golongan ing siji tatanan (privilése) déné ngiwakaké golongan ètnis liyané.

Réferènsi

[besut | besut sumber]
  1. Wildman, Stephanie M. (1996). Privilege Revealed: How Invisible Preference Undermines America. NYU Press. kc. 87. ISBN 978-0-8147-9303-9.
  2. Helms, Janet (2016). "An election to save White Heterosexual Male Privilege". Latina/o Psychology Today. 3: 6–7.
  3. Flint, Colin (2004). Spaces of Hate: Geographies of Discrimination and Intolerance in the U.S.A. Routledge. kc. 53. ISBN 978-0-415-93586-9. Although white racist activists must adopt a political identity of whiteness, the flimsy definition of whiteness in modern culture poses special challenges for them. In both mainstream and white supremacist discourse, to be white is to be distinct from those marked as non-white, yet the placement of the distinguishing line has varied significantly in different times and places.