Wong Simalungun

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Wong Simalungun

Wong Simalungun iku salah sijiné wong asli saka Sumatera Lor.[1] Simalungun tegesé sepi utawa ing basa Indonesia diarani sunyi.[1] Lagu-lagu Simalungun kang misuwur ya iku Sitalasari lan Tading ma ham.[1]

Wong Simalungun manggon ing Kabupatèn Simalungun lan saubengé.[2] Leluhur wong Simalungun asalé saka dhaérah India Selatan.[2] Wong Simalungun kapérang ing karajan-karajan.[2] Marga asli wong Simalungun ya iku Damanik, lan 3 marga pendatang ya iku Saragih, Sinaga, lan Purba.[2] marga marga (jeneng kulawarga) iku kapérang dadi papat marga gedhé ing Simalungun.[2]

Wong Batak ngarani wong iki kanthi jeneng wong Si Balungu saka legenda setan kang nyebabaké penyakit ing dhaérah iku, dené orang Karo ngarani Timur amarga manggon ing pérangan timur wong Karo.[2]

Asal-usul[besut | besut sumber]

Ana akèh sumber ngenani asal usul Wong Simalungun, ananging akèh kang nyritakna yèn nenek moyang Wong Simalungun asalé saka njaba Indonesia.[2] Wong iki teka kanthi loro rombongan.[2] Rombongan kang kapisan ya iku Simalungun Proto , kang teka saka Nagore (India Selatan) lan pegunungan Assam (India Timur) nalika [[abad kaping lima.[2] Wong iki banjur liwat Myanmar, Siam lan Malaka lan sawisé iku banjur nyabrang ing Sumatera Timur lan nggawé karajan Nagur saka Raja dinasti Damanik.[2] Rombongan kang kapindho ya iku Simalungun Deutero, kang teka saka wong-wong ing saubengé Simalungun kang isih tangga karo wong asli Simalungun.[2]

Cathetan wong[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c bataksimalungun.com(dipunundhuh tanggal 28 Agustus 2011)
  2. ^ a b c d e f g h i j k sirajabatak.com(dipunundhuh tanggal 28 Agustus 2011)