Smilodon

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Smilodon
Kalamangsa: Early Pleistocene to Late Pleistocene
Smilodon californicus.jpg
Smilodon fatalis fossil at the National Museum of Natural History, Washington, DC
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Mammalia
Ordho: Carnivora
Famili: Felidae
Subfamili: Machairodontinae
Génus: Smilodon
Lund, 1842
Species

Smilodon(/[unsupported input]ˈsmlədɒn/),asring dipunsebat kucing untu- pedhang utawi (kanthi cara boten leres)macan untu pedhang,inggih punika satunggal jinis kéwan machairodontine ingkang sampun cures.[2] Kucing jinis punika urip endemik wonten ing Amérika lèr ngantos Amérika kidul,urip wonten ing jaman Pleistocene awal kinten-kinten wonten ing tahap Lujanian saking Pleistocene(2.5 Mya - 10,000 warsa kepengker.[2]

Ètimologi[besut | besut sumber]

Jeneng Untu-pedang (Saber-tooth) tegesipun dawanipun untu rahang sisih inggilipun ingkang ekstrim.Sanajan dipunjenengi macan untu-pedang,Smilodon sajatosipun sanès macan,sing kalebet subkulawarga Pantherinae,Smilodon ndhèrèk subkulawarga Machairodontinae. Jeneng Smilodon punika asalipun saking basa Yunani:σμίλη, smilē, "Lading/pedhang" lan Yunani ὀδoύς (odoús), "untu", Genitive: ὀδoύς, ὀδόντος,odóntos.

Klasifikasi lan Spesies[besut | besut sumber]

Restorasi saking Smilodon fatalis

Jinis Smilodon dipunsebutaken déning Naturalis Denmark lan Paleontologis Peter Wilhelm Lunding warsa 1841. Panjenengane nemokaken fosil populator Smilodon wonten ing gua-gua caketing kutha alit Lagoa Santa,ing praja Minas Gerais,Brasil. Kathah katrangan ngenani Smilodon,ananging ngantos sapunika nembé tiga kemawon ingkang saged dipunakoni.[3]

  • Smilodon gracilis, 2.5 yuta-500,000 warsa kepengker; Spesies paling alit lan pertama (Dipunprakiraaken namung 55–100 kg(120-220 lb) inggih punika penerusipun Megantereon ing Amérika Ler,ingkang pundi asal kéwan punika evolusi.[4] Spesies Smilodon sanèsipun bilih mawon ugi saking jinis punika.[4]
  • Smilodon fatalis, 1.6 yuta-10,000 warsa kepengker, dipun-gantos dados Smilodon gracilis ing Amérika Ler lan ugi sisih kulon Amérika kidul minangka péranganing Great American Interchange.[4] Wonten ing ukuranipun kinten-kinten antawisipun Smilodon Gracilis kaliyan populator Smilodon,lan kinten-kinten énggal sami kaliyan kucing raksasa ingkang saged urip ngantos sapunikaMacan Hungaria.[5] Kucing punika inggilipun 1 m inggil gegeripun lan diprakirakaken boboté 160–280 kg (350-620 lb).[5] Terkadhang saged ugi ngginakaken kalih spésies kados ta Smilodon californicus and Smilodon floridanusminangka pembandhing,ananging biyasanipun kekalihipun cenderung dipunanggep kalebet subspesies saking Smilodon fatalis.[5]
Restorasi saking Smilodon populator
  • Smilodon populator ("Smilodon pangrusak"), 1 yuta-10,000 warsa kepengker; sumebar ing pérangan wétan Amérika Kidul lan minangka spésies paling ageng saking sadaya machairodont.[4] Smilodon populator langkung ageng tinimbang sedhereke,S. fatalis lan S. gracilis,gadhah jaja ageng lan suku ngajeng ingkang ageng,lan ugi babagan menapakemawon ngenani kucing punika ingkang paling ageng ditepungi ing spesiesipun.[5] dhuwuripun 1,22 m(48 in) lan 2,6 m (100 in) dawa rata-ratanipun,lan buntutipun ingkang dawanipun 30 cm (12 in).[4] Kanthi bobot antawis 360–470 kg (790 ngantos 1.000 lb),punika bobot ingkang paling ageng ingkang dipungadhahi déning kéwan jinis felidae.Untu taring inggilipun wonten 30 cm dawanipun lan nunjul ngantos 17 cm (6,7 in) saking rahang inggil.[5] Bukti genetik nedahaken manawi Smilodon populator gadhah penyimpangan genetik kaliyan keturunan utama kucing modern (subkulawarga Felinae) sawatawis 14-18.000.000 taun kepengker.[5]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ http://www.sbpbrasil.org/revista/edicoes/11_3/castro.pdf
  2. ^ a b {en}PaleoBiology Database: Smilodon, basic info
  3. ^ {en}A. Turner: The big cats and their fossil relatives. Columbia University Press, 1997.ISBN 0-231-10229-1
  4. ^ a b c d e {en}Sorkin, B. 2008: A biomechanical constraint on body mass in terrestrial mammalian predators. Lethaia, Vol. 41, pp. 333–347
  5. ^ a b c d e f {{en}http://www.cell.com/current-biology/retrieve/pii/S0960982205008365}