Siklus Sel

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Siklus sèl

Pangèrtosan Siklus Sèl[besut | besut sumber]

Siklus sèl inggih punika fungsi sèl ingkang dasaripun wujud duplikasi akurat jumlahipun ageng DNA ing salébéting kromosom, lan lajéngipun dipunpisahaen asil duplikasi kasébut pramila kédadosan kalih sèl ènggal ingkang identik.[1]

Fasa ing Siklus Sel[besut | besut sumber]

Gambar skematik fase siklus sèl yang dikendalikan olèh enzim CDK.[2]

Ing sèl prokariota ingkang botén gadhah inti sèl, siklus sèl kédadosan ngélampahi suatu prosès ingkang dipunsébat pembekahan binèr, nanging wonten ing sèl Èukariota ingkang gadhah inti sèl, siklus sèl kapèrang dados kalih fasé fungsionalipun, fase S lan M, lan fase persiapan, G1 dan G2:[3]

  1. Fasa S (sintèsis)
    Ménika tahap kédadosanipun replikasi DNA. Ing limrahipun, sèl salira manungsa bétahakné wekdal kira-kira 8 jam kanggé nyélésèakén tahap punika. Asil rèplikasi kromosom ingkang wutuh, dipunpilih sami kaliyan kalih nuklèi sabén guna prosès mitosis ing fasé M.
  2. Fasa M (mitosis)
    Interval wekdal fasé M satunggal jam kirang langkungipun. Tahap ig pundi kédadosan pembelahan sèl. ing mitosis, sèl membelah piyambakipun wujud kalih sèl anak ingkang kapisah. Ing fasè M kédadosan pintén-pintén jénjang fasè , ya iku:[4]
        • Profasé, fasé kédadosan kondènsasi kromosom lan pertumbuhan pemintalnya. Ing kromosom katingal ing sitoplasma.
        • Promètafasé, ing fasé punika sampul inti sèl terlarut saha kromosom ingkang ngandut kalih kromatid miwiti bermigrasi pinuju babagan èkuatorial (piringan métafasé).
        • Métafasé. kondènsasi kromosom ing babagan èkuatorial nyapai titik ingkang inggal.
        • Anafasé. Sabén sèntromèr wiwit kapisah saha sabén kronatid ing saben-saben kromosom katarik tumuju pemintal kutub.
        • Tèlofasé. Kromosom ing sabén kutub miwiti ngalami dèkondènsasi, dipunsaréngi kaliyan kabentukipun malih mèmbran inti sèl saha sitoplasma sampun miwit belah.
        • Sitokineèsis. Pembelahan sitoplasma rampung ingkang sampun kédadosan déning intéraksi antawis pemintal mitotik, sitoskeleton aktomiosin lan fusi sèl,[5] dan menghasilkan dua sèl anak yang identik.
  3. Fasa G (gap)
    Fasa G kapérang saking G1 dan G2 inggih punika fase sintesis zat ingkang dipunbetahaken ing fase salajengipun. Ing sèl mamalia, interval fase G2 kira-kira 2 jam, nanging interval fase G1 gadhah variasi antawis 6 jam ngantos pinten-pinten dinten. Sel ingkang panggènipun ing fase G1 lami, panggènipun ing G0 atau “quiescent”. fase punika, sèl ajeg nglampahi fungsi metabolisme kaliyan aktif, nanging boten ugi nglampahi proliferasi kanthi aktif. Sel ingkang panggènipun ing G0 saged mlebet ing siklus sèl, utawi ajeg ing fase mau ngantos dados apoptosis.
    ing limrahipun , sèl ing tiyang diwasa ing fase G0. Sel mau saged mlebet Sel ing fase G1 déning stimulas antawis sanès wujud : owah-owahan kepadatan sèl, mitogen utawi faktor pertumbuhan, utawi asupan nutrisi.
  4. Interfase
    punika sebuah jedah dawa antawis satunggal mitosis kaliyan sanèsipun. Jedah mau kagolong fase G1, S, G2.[6]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Bruce Alberts, Alexander Johnson, Julian Lewis, Martin Raff, Keith Roberts, and Peter Walter (2002). Molecular Biology of the Cell - An Overview of the Cell Cycle (édhisi ka-4). Garland Science. ISBN 0-8153-3218-1. Dibukak ing 2010-07-10.{{cite book}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  2. Kufe, Donald W.; Pollock, Raphael E.; Weichselbaum, Ralph R.; Bast, Robert C., Jr.; Gansler, Ted S.; Holland, James F.; Frei III, Emil. (2003). Holland-Frei Cancer medicine - Figure 3.2. Dana-Farber Cancer Institute, Harvard Medical School Boston, Department of Surgical Oncology, University of Texas, MD Anderson Cancer Center, Department of Radiation and Cellular Oncology, University of Chicago Hospital, Chicago Tumor Institute, University of Chicago Chicago, University of Texas, MD Anderson Cancer Center, Houston, American Cancer Society, Derald H Ruttenberg Cancer Center, Mount Sinai School of Medicine New York (édhisi ka-6). Hamilton on BC Decker Inc.,. ISBN 1-55009-213-8. Dibukak ing 2010-07-09.{{cite book}}: CS1 maint: extra punctuation (link) CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  3. Kufe, Donald W.; Pollock, Raphael E.; Weichselbaum, Ralph R.; Bast, Robert C., Jr.; Gansler, Ted S.; Holland, James F.; Frei III, Emil. (2003). Holland-Frei Cancer medicine - Proliferation. Dana-Farber Cancer Institute, Harvard Medical School Boston, Department of Surgical Oncology, University of Texas, MD Anderson Cancer Center, Department of Radiation and Cellular Oncology, University of Chicago Hospital, Chicago Tumor Institute, University of Chicago Chicago, University of Texas, MD Anderson Cancer Center, Houston, American Cancer Society, Derald H Ruttenberg Cancer Center, Mount Sinai School of Medicine New York (édhisi ka-6). Hamilton on BC Decker Inc.,. ISBN 1-55009-213-8. Dibukak ing 2010-07-09.{{cite book}}: CS1 maint: extra punctuation (link) CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  4. Tom Strachan, Andrew P Read (1999). Human Molecular Genetics. University of Newcastle, University of Manchester (édhisi ka-2). Wiley-Liss. kc. Figure 2.10. Cell division by mitosis. ISBN 1-85996-202-5. Dibukak ing 2010-08-10.
  5. "Animal cell cytokinesis". Research Institute of Molecular Pathology; Glotzer M. Dibukak ing 2011-06-11.
  6. Bruce Alberts, Alexander Johnson, Julian Lewis, Martin Raff, Keith Roberts, and Peter Walter (2002). Molecular Biology of the Cell - Interphase (édhisi ka-4). Garland Science. ISBN 0-8153-3218-1. Dibukak ing 2010-07-10.{{cite book}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)

Pranala njaba[besut | besut sumber]