Shintai

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Gunung Fuji punika shintai paling kondhang ing Jepang.

Miturut agami Shinto, shintai (神体? arti harfiah "awak kami"), utawi go-shintai (御神体? "awak sakral kami", manawi ater-ater go- dipun-ginakaken), punika objek fisik ingkang dipunpuja kuil Shinto ugi ing celakipun kanthi fungsi minangka papanipun roh/spirit utawi kami.[1] Shintai ingkang dipun-ginakaken Jinja Shinto ugi dipunsebut mitamashiro (御霊代? "gantosan spirit").[1]

Shintai punika sanès péranganing kami, ananging namung papan sawatawis utawi lantaran ingkang damel piyambakipun saged dipunaksès déning manungsa biyasa saéngga nggampilaken nglampahi pamujaan.[2] Shintai ugi raket kaliyan yorishiro, inggih punika objek ingkang gadhah kekuwatan alam ingkang saged narik kawigatosan kami.

Deskripsi[besut | besut sumber]

Shintai ingkang asring kapanggih punika barang damelanipun manungsa kados ta pengilon, pedang, permata utawi raja brana (kados watu ingkang awujud koma ingkang dipunwastani magatama), gohei (tongkat ingkang dipun-ginakaken nalika ritual agami), lan patung kami ingkang dipunsebat shinzō (神像?),[3] namun ada pula yang berupa objek alami seperti batu, gunung, pohon, dan air terjun.[1] Saderengipun misahaken praktek pamujaan kami lan Buda ing taun 1868 (shinbutsu bunri), satunggaling shintai saged ugi arupi patung déwa-dewi Buda.

Shintai ingkang kawéntar punika pengilon minangka salah satunggaling Tanda Kebesaran Kekaisaran Jepang (Tiga Pusaka Keramat Jepang), Gunung Miwa, Gunung Nantai, Grojohan Nachi, lan watu Meoto Iwa. Kathah gunung kados Gunung Miwa utawi pagunungan (Kumano sanzan) dipunwastani shintai saéngga dipunsebat shintaizan (神体山? artinya "gunung shintai").[4] Ing antawisipun shintai mau ingkang paling kawentar punika Gunung Fuji.[5]

Satunggaling yokozuna, inggih punika pegulat kanthi peringkat paling inggil miturut piramida peringkat sumō, kalebet shintai gesang. Awit saking punika, pinggangipun dipunlilit kaliyan shimenawa, inggih punika tali suci ingkang njagi objek sakral saking gangguan roh ingkang ala. Satunggaling kannushi, utawi pendeta Shinto saged dados shintai gesang nalika nglampahi upacara religius awakipun dipunlebeti déning kami.

Madegaken kuil énggal mbetahaken shintai ingkang sampun wonten saking jaman rumiyin utawi kadadosan amargi alam (tuladhanipun watu utawi grojogan ingkang dipunpitadosi minangka papanipun kami), ugi ingkang damelanipun manungsa. Tuladha ingkang kapisan punika grojogan Nachi, dipunpuja ing kuil Hiryū celak kaliyan Kumano Nachi Taisha lan dipunpitados kanggé papan kami ingkang dipunsebat Hiryū Gongen.[6]

Ugi pirsani[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c Shintai, Encyclopedia of Shinto
  2. ^ Smyers, page 44
  3. ^ Kami are as a rule not represented in anthropomorphic or physical terms, however numerous paintings and statues representing them have appeared under Buddhist influence.
  4. ^ Ono, Woodard (2004:100)
  5. ^ For details on Mount Fuji worship, see Fuji Shinkō, Encyclopedia of Shinto.
  6. ^ Kamizaka, Jirō. "Hiryū Gongen" (ing basa Jepang). Ministry of Land, Infrastructure and Transport - Kinki Regional Development Bureau. 

Rujukan[besut | besut sumber]

  • Encyclopedia of Shinto, Shintai,
  • Sokyo Ono, William Woodard (2004). Shinto - The Kami Way. Tuttle Publishing. ISBN 978-0-8048-3557-2. 
  • Smyers, Karen Ann (1999). The Fox and the Jewel: Shared and Private Meanings in Contemporary Japanese Inari Worship. Honolulu: University of Hawaii Press. ISBN 0-8248-2102-5. OCLC 231775156. 
  • Basic Terms of Shinto. Tokyo: Kokugakuin University, Institute for Japanese Culture and Classics. 1985.