Kannushi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Satunggaling kannushi ngagem busana ingkang dipunwastani kariginu lan topi ingkang dipunwastani ebōshi

Kannushi (神主? "pakar Déwa", aslinipun dipunlafalaken kamunushi),ugi dipunwastani shinshoku (神職?), inggih punika tiyang ingkang gadhah tanggel jawab awit saking ngurus kuil Shinto [1] (jinja) ugi mimpin sembahyang dhateng kami.[2] Huruf kanji kanggé nyerat kannushi kadang kala saged kawaos jinshu kanthi pangertosan ingkang sami.

Sajarah[besut | besut sumber]

Purwanipun, kannushi punika lantaran antawisipun para 'kami ugi saged mentransmisikan kekajengan dhateng tiyang biyasa.[3] Satunggaling kannushi kalebet tiyang ingkang saged nglampahi mukjizat utawi tiyang suci ingkang dados lantaran kagem kami amargi usaha nyucèkaken dhiri ingkang dipunlampahi. Ananging lajeng istilah kasebut sejajar kaliyan shinshoku, inggih punika tiyang ingkang nyambut damel wonten ing kuil lan gadhah tanggel jawab awit saking pucara religius ingkang dipunwontenaken ing mriku.[2][4]

Nalika jaman rumiyin, amargi kekuwatan pulitik lan religius ingkang sejajar wonten ing satunggaling klan, lajeng ketua klan ingkang mimpin anggota klan nalika kagiyatan religius utawi saged dipunlampahi déning pehak ingkang gadhah wewenang sanèsipun.[4] Lajeng peran kasebut lajeng mekar dados wujud ingkang langkung mirunggan lan kapisah. Istilah kasebut dipunsebataken wonten ing kitab Kojiki (680 M) lan Nihon Shoki (720 M).[4] Saben kitab dipunsebatakwn bilih Maharani Jungū lan Kaisar Suijin dados kannushi.[3] Wonten ing kuil ingkang sami, tuladhanipun Ise Jingū utawi Kuil Ōmiwa, wonten manéka jinis kannushi ingkang béda-béda ing wekdal ingkang sami, tuladhanipun Ō-kannushi (大神主?), Sō-kannushi (総神主?), atau Gon-kannushi (権神主?).[3][4]

Tradisi[besut | besut sumber]

Satunggaling kannushi kenging nikah lajeng larenipun ingkang marisi pakaryan kasebut.[5] Sanajan status turun temurun punika boten dipunakoni kanthi sah, ananging tradisinipun taksih kelajengan.[6] Busana ingakng kaginakaken tuladhanipun jōe, ebōshi lan kariginu, boten gadhah ciri religius ingkang signifikan, ananging kalebet busana resmi ingkang dipun-ginakaken wonten ing lingkungan kraton Jepang nalika jaman rumiyin.[5] Perangan punika ngandharaken gayutan ingkang celak antawisipun pamujan kami kaliyan Kaisar.[5] Atribut sanèsipun ingkang dipunginaken déning kannushi inggih punika baton ingkang dipunwastani shaku lan tongkat ingkang kajanegkepi kaliyan lempitan kertas putih (shide) ingkang dipunwastani ōnusa. Anggènipun nglampahi tugas religiusipun, , kannushi dipunbiyantu déning satunggaling wanita ingkang dipunwastani miko.

Kanggé dados satunggaling kannushi, ingkang dados calon kedah nglampahi studi ing satunggaling universitas lan sampun pikantuk ijin saking Jinja Honchō (Asosiasi Kuil Shinto), padatanipun Universitas Kokugakuin Tokyo, utawi nglampahi ujian supados pikantuk sertifikat lolos kualifikasi kasebut.[6] Satunggaling wanita kenging dados kannushi lan randha saged nglajengaken pakaryan garwanipun ingkang dados kannushi.[6]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ Budaya Jepang, (dipunakses tanggal 7 Fèbruari 2013).
  2. ^ a b * Kannushi (in Japanese), Iwanami Kōjien (広辞苑?) Japanese dictionary, 6th Edition (2008), DVD version
  3. ^ a b c Nishimuta, Takao (2007-03-28). "Kannushi". Encyclopedia of Shinto. Kokugakuin. 
  4. ^ a b c d Moriyasu, Jin. "Kannushi". Nihon Hyakka Zensho (ing basa Japanese). Shogakukan. 
  5. ^ a b c Nishimura, Hajime (1998). A Comparative History of Ideas. Motilal Banarsidass. ISBN 978-81-208-1004-4. 
  6. ^ a b c "Shinshoku". Encyclopaedia Britannica Online. 

Pranala njawi[besut | besut sumber]