Setiawan Dalimartha

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Dr. Alphonsus Setiawan Dalimartha (lair ing Jakarta, lair ing Jakarta, 2 Agustus 1950 – pati ing Jakarta, 2 Juli 2012 ing umur 61 taun) utawa luwih kondhang klawan jeneng sesinglon Setiawan Dalimartha iku dhokter, anggota saka IDI, lan dadi sekretaris umum ing HITRI. Setiawan DalimarthaCithakan:Pagename uga aktif nulis ing majalah, koran, lan uga bulletin, kang uga nulis akeh buku-buku misuwur kayata Atlas Tumbuhan Obat Indonesia jangkep saka jilid 1 (1999)-jilid 6 (2009). Saliyané aktif nulis, dhèwèké uga kerep dadi pambiwara.

Biografi lan karir[besut | besut sumber]

Setiawan Dalimartha lair kanthi jeneng Alfonsus Setiawan Dalimartha lair ing Jakarta, ing 2 agustus 1950. Dhèwèké antuk gelar kasarjanané ing Universitas Tarumanegara lan mèlu ujian negara ing Universitas Airlangga.[1]

Sadurunge seda, dhèwèké nyambut gawé minangka PNS ing Pamaréntah DKI Jakarta klawan pangkat kang pungkasan minangka Pembina Utama Muda Golongan IV C. Awalé, dhèwèké dadi anggota IDI Jakarta Barat. Dhèwèké wiwit nemeni ngèlmu pangusada tradhisional, kayata akupuntur lan ramuan pangusada tradhisional wiwit taun 1983.[1] Ing taun 1992, kang bebarengan karo mitra-mitrané ngedegaké HIPTRI, lan kang pungkasané dhèwèké dadi sekretaris umum. Ing Desember 1995, dhèwèké dilantik Menteri Kesehatan Républik Indonésia minangka anggotaSentra P3T kang mapan ing RS dr. Cipto Mangunkusumo. Kang pungkasan dhèwèké dadi Sekretaris ing Bidang Pelayanan lan Uji Coba.[1] Saliyané iku, Smith uga makarya minangka staf pakar majalah Nirmala lan uga ngasuh rubrik "Sebelum ke Dokter" kang ana ing majalah iku.[2]

Setiawan Dalimartha seda ing 2 Juli 2012 ing umur 61 taun. Setiawan DalimarthaCithakan:Pagename disarèkaké ing Griya Duhkita Abadi - Daan Mogot, Ruwang VIP, lan disarèkaké ing 5 Juli 2012, kang diwiwiti klawan Misa Pamangkatan wanci jam 08.00 WIB. Mangkat saka Griya Duhkita wanci jam 09.00 WIB menyang TPU Petamburan.[3]

Panemu lan pamikiran[besut | besut sumber]

Buah ini, berjenis buni dengan posisi dibelah dua dan diletakkan di atas lantai
Tanduran iki, makutha déwa, naté diarani minangka tanduran tamba kang mujarab saliyané tanduran keladi tikus kang karoné iku nduwéni racun

Nalikané jaman krisis monetèr taun 1997, wong Indonésia migunakaké tanduran tamba tradhisional manèh minangka pangobatan alternatif. Nanging, kapénginané masarakat ora diiringi klawan kawruh masarakat kang cukup bab kasyat lan kandhungané tetanduran.[4] Banjur, ing taun 2001 kepungkur, mijil sawijining tanduran kang nduwéni racun "didéwa-déwakaké", ya iku keladi tikus (Typhonium flagelliforme [Lodd.] Blume) lan makutha déwa (Phaleria macrocarpa [Scheff.] Boerl).{{efn|Kejadian yang sama pernah terjadi pada tahun 1980-an, yang mana pada saat itu komring (Symphytum officinale) yang dianggap dapat menyembuhkan segala macam penyakit. Rupanya tumbuhan tersebut mengandung alkaloid pyrrolizidine,Masalah sitiran: </ref> panutup ora ana tumrap tenger <ref>

Urip pribadi[besut | besut sumber]

Saka obituariné, banjur dimangertèni manawa Setiawan ninggalaké 3 anak (Laurensia Camellia Dalimartha, B. Sc., Patrisius Marvin Dalimartha., lan dr. Felix Adrian Dalimartha, B. Med. Sc.) lan bojoné kang jenengé Monika Sianty Suwanda. Dhèwèké wis nduwèni putu jenengé Althea Annabelle Tjahjadi.

Karya kapilih[besut | besut sumber]

  • Atlas Tumbuhan Obat Indonesia. (1999, kacithak manèh taun 2008) Jilid I. Jakarta:Trubus Agriwidya. (Google Books)
  • Atlas Tumbuhan Obat Indonesia. (2000) Jilid II. Jakarta:Trubus Agriwidya. (Google Books)
  • Atlas Tumbuhan Obat Indonesia. (2003, kacithak manèh 2007) Jilid III. Jakarta:Puspa Swara. (Google Books)
  • Atlas Tumbuhan Obat Indonesia. (2006, kacithak manèh 2007) Jilid IV. Jakarta:Puspa Swara. (Google Books)
  • Atlas Tumbuhan Obat Indonesia. (2008) Jilid V. Jakarta:Puspa Swara. (Google Books)
  • Atlas Tumbuhan Obat Indonesia. (2009) Jilid VI. Jakarta:Puspa Swara.

Cathetan sikil[besut | besut sumber]


Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b c Dalimartha 2009.
  2. Dalimartha 2007.
  3. "Berita Duka:dr. ALFONSUS SETIAWAN DALIMARTHA". Kompas. 2 Juli 2012. Dijupuk 16 Februari 2013.  Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  4. N.M., Evi (14 April 2001). "Dikira Obat, Ternyata Racun". Tempo. Dijupuk 17 Februari 2013.  Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)


Kapustakan[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]