Menyang kontèn

Serat Ngalamating Kucing

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Serat Ngalamating Kucing iku layang basa lan aksara Jawa isi 24 pada bab kapitayaning wong Jawa Kajawèn tumrap kucing lan ngalamaté. Isining layang mratélakaké jinis-jinising kucing dalah ngalamaté (pratandhaning beja utawa pituna) saka ngingu kéwan iku. Kang nulis layang iki ora kaweruhan, mula ingaran layang anonim. Sebaring layang ana ing jeroning kraton, kaya ta Karaton Ngayogyakarta[1], uga wis ngambah ing bebrayan agung. Saka isiné, layang iku ingaran mitos bab kucing miturut kabudayan Jawa.[2]

Layang iki ngemu surasa agama tumrap kang ngugemi. Pamrihé iku manungsa supaya pitaya marang sipat-sipating kuncing kang bisa mratandhani beja utawa pituna uga ora sembrana milih kucing minangka ingon-ingon.[2]

Jinising kucing

[besut | besut sumber]

Miturut Mirya A[2], jinis-jinising kucing kang kawedhar ing layang iki ana:

Kembang Asem

Kawedharaké ing pada siji, kucingé ya iku kang ulesé mawa corak kembang asem lan buntut dawa. Ngalamaté ala, kaya ta boros lan kerep kélangan, kajaba kang buntut bundhel.

Leksana Nira

Kawedharaké ing pada loro, kucingé ya iku kang ulesing sikil rupa putih. Ngalamaté becik, kaya ta kang ngingu bakal bagya tur sempulur rejekiné, apa déné kucing kang ulesing sikil rupa ireng utawa kang buntut bundhel.

Putra Kajetaka
Putra Kajetaka

Kawedharaké ing pada telu, kucingé ya iku kang ules ireng mulus lan buntut dawa. Ngalamaté ala banget, kaya ta kang ngingu bakal mutah getih, kajaba kang buntut bundhel.

Wulan Krahingan

Kawedharaké ing pada papat, kucingé ya iku kang ulesing awak ireng sakojur, nanging lambung kiwané témbong putih. Ngalamaté becik, kaya ta kekarepan bakal kasembadan, apa déné kucing kang buntuté bundhel.

Durjana Kapethuk

Kawedharaké ing pada lima, kucingé ya iku kang ulesing awak ireng sakojur, nanging ulesing endhas belang putih tutug cangkem. Ngalamaté ala, kaya ta kekarepan ora bakal kasembadan.

Pujanggana Mengku

Kawedharaké ing pada nem, kucingé ya iku kang ulesing awak rupa putih sakojur tur endhasé rupa ireng. Ngalamaté becik, kaya ta akèh bejané, apa déné kucing kang buntuté bundhel.

Wisma Mumama

Kawedharaké ing pada pitu, kucingé ya iku kang buntut dawa mawa ules sembarang rupané (warnané). Ngalamaté ala, kaya ta kang ngingu bakal kena lelara kulit mati, kajaba kucing kang ules abang.

Satriya Tapa

Kawedharaké ing pada wolu, kucingé ya iku kang dlamakané cacah papat rupa putih, uga cangkem lan matané. Ngalamaté becik, kaya ta kekarepan bakal kasembadan, apa déné kucing kang buntuté bundhel.

Tampar Tali Wangsul

Kawedharaké ing pada sanga, kucingé ya iku kang kupingé loro tanpa let lan ulesé sembarang rupané. Ngalamaté ala, kaya ta kang ngingu bakal pakéwuh, kajaba kucing kang buntuté bundhel.

Pandhita Lelaku

Kawedharaké ing pada sapuluh, kucingé ya iku kang gigiré mawa corèkan putih tutug cangkem lan ulesé sembarang rupané. Ngalamaté becik, apa déné kucing kang buntuté bundhel.

Kala Ngumbara

Kawedharaké ing pada sawelas, kucingé ya iku kang ulesé ngemu corèkan saka gigir tutug buntut. Ngalamaté ala, kaya ta kang ngingu bakal nemu pakéwuh nalika lelungan, kajaba kucing kang buntuté bundhel.

Sangga Buwana

Kawedharaké ing pada rolas, kucingé ya iku kang ules sembarang rupané lan mawa témbong ing gigiré. Ngalamaté becik, kaya ta pandonga bakal kabul, apa déné kucing kang buntuté bundhel.

Baya Ngacar

Kawedharaké ing pada telulas, kucingé ya iku kang dhadhané ngemu corèkan putih tutug buntut. Ngalamaté ala, kaya ta nemu bilai nalika ing banyu, kajaba kucing kang buntuté bundhel.

Wisnu Atapa

Kawedharaké ing pada pat belas, kucingé ya iku kang bisu mawa ules sembarang rupané. Ngalamaté becik, nanging walaté gedhé yèn kasiya-siya.

Lintang Kemukus

Kawedharaké ing pada limalas, kucingé ya iku kang ules tutul wrata tur buntut putih. Ngalamaté ala, kaya ta kang ngingu bakal nemu susah tur gampang gering, ora bisa duwé anak tur ora kajèn ing bebrayan.

Rekatha Sura lan Candra Mawa

Kawedharaké ing pada nem belas, kucingé ya iku kang duwé unyeng-unyeng ing endhas lan dhadhané apa déné gigiré. Ngalamaté becik.

Sari Kuning

Kawedharaké ing pada salikur, kucingé ya iku kang mawa corèkan ing gigiré tutug rainé. Ngalamaté becik.

Udan Emas

Kawedharaké ing pada rolikus, kucingé ya iku kang rupa abang semu putih kaya menjangan. Ngalamaté becik yèn dipakani bakal nekakaké akèh rejeki lan yèn diingu ngunggahaké derajating kang ngingu.

Réferènsi

[besut | besut sumber]
  1. Lindsay, Jennifer; Soetanto, R. M.; Feinstein, Alan (1994). Katalog Induk Naskah-naskah Nusantara Jilid 2: Kraton Yogyakarta (ing basa Indonesia). Jakarta: Yayasan Obor Indonesia. ISBN 9789794611784. OCLC 499269103.
  2. a b c A, Mirya (2017-11-01). "Serat Ngalamating Kucing Mitos Kucing dalam Budaya Jawa". Nusa: Jurnal Ilmu Bahasa dan Sastra (ing basa Indonesia). 12 (4): 173–185. doi:10.14710/nusa.12.4.173-185. ISSN 2597-9558.