Saparan Bekakak
Saparan Bêkakak (Carakan: ꦱꦥꦂꦫꦤ꧀ꦧꦼꦏꦏ꧀; basa Indhonésia: Saparan Bekakak) utawi Saparan Gamping inggih punika salah satunggaling upacara adat slamêtan ingkang katindakakên déning warga masarakat ing wêwêngkon Ambarkêtawang, Gamping, Sléman, Daêrah Istiméwa Yogyakarta. Bêkakak mênika têtironing manungsa ingkang dipunpaès kados sapasang têmantèn kanthi patrap lênggah sila. Bêkakak kadamêl saking glêpung wos kêtan salêbêting Bêkakak dipunisi juruh (jèr-jèran gêndhis Jawi radi cuwèr) kanggé têtironing rah manungsa. Wondéné, têmbung Saparan asalipun saking têmbung Sapar nêdahakên salah satunggaling sasi Arab (Safar) ingkang kaping kalih, lajêng têmbung Sapar angsal panambang (+an) ategês upacara adat slamêtan ingkang katindakakên sabên wulan Sapar.
Ancas
[besut | besut sumber]Saparan Bêkakak katindakakên kanthi ancas paring pakurmatan dumatêng arwah Kiai saha Nyai Wirasuta minangka abdi dalêm pênangsong Sri Sultan Hamêngku Buwana I rikala wontên ing pêsanggrahan Kraton Ambarkêtawang. Déné, nalika Sri Sultan Hamêngku Buwana I jêngkar saking pêsanggrahan Ambarkêtawang tumuju ing Kraton Yogyakarta Kiai saha Nyai Wirasuta botên ndhèrèkakên ananging nglajêngakên gêsang wontên ing Ambarkêtawang mênika, pramila dipunaggêp déning masarakat minangka cikal bakal warga masarakat Ambarkêtawang Gamping.
Ubarampe
[besut | besut sumber]Ubarampé saha pirantining upacara Saparan Bêkakak ing antawisipun inggih mênika, kalih pasang têmantên bêkakak kanthi busana têmantên gagrak Yogyakarta kalihan Surakarta. Kalih joli kanggé wadhah saha ngirabakên têmantên Bêkakak. Satunggal joli malih kangge wadhah manéka wêrni sêsaji ing antawisipun; sêkul wuduk ing pêngaron alit, sêkul liwêt ing kêndhil alit, ron dhadhap, ron turi, ron kara ingkang dipungodhog, tigan mêntah saha sambêl gèpèng, tumpêng urubing dhamar kèlak kêncana, pêcêl pitik, jangan mênir, urip-uripan lélé, rindang antêp, ayam panggang, ayam lêmbaran, unjukan kopi pait, unjukan kopi manis, jênèwêr, rokok utawi cêrutu, rujak dêgan, rujak dhêplok, arang-arang kêmanis, pantun, têbu, padupan, candu utawi impling, nangka sabrang, gêcok mêntah, ulam mripat, ulam jêrohan, gêrèh mêntah. Sêkul wajar utawi ambêng kanthi lêlawuhan: sambêl gorèng waluh, osèng buncis, rêmpèyèk, témpé garing, bêrgêdèl, êntho-êntho. Sêkul galang lutut, sêkul galang biasa, témpé rombyong katata ing cêthing êmpring, tumpêng mêgana, sanggan pisang raja sêtangkêp, sêdhah, jênang-jênangan, rasulan utawi sêkul gurih, ingkung ayam, kolak, apêm, randha royal, roti kalèng, jadah bakar, êmping, klêpon, tukon pasar, sêkar konyoh, kêmênyan, jlupak baru, ayam ingkang taksih gêsang, saha klapa. Pungkasan inggih mênika sapasang pêksi dara ing salêbêting kurungan.
Lampahing
[besut | besut sumber]Wêkdal kanggé nindakakên Saparan Bêkakak sampun dipuntêtêpakên inggih mênika sabên dintên Jêmuwah ing wulan Sapar antawisipun surya kaping 10 dumugi 20 tabuh 14.00 WIB wiwit kirab têmantèn Bêkakak dumugi 16.00 WIB kalajêngakên nyêmbêlèh Bêkakak. Wondéné, upacara mênika katindakakên dados tigang pérangan utawi lampah inggih mênika.
- Damêl Bêkakak kanthi nutu wos kêtan minangka bahan bakuning bêkakak mênika kairing gêjog lêsung utawi kothèkan. Pandamêling têmantèn Bêkakak mênika wontên kalih pasang inggih mênika têmantèn busana gagrak Yogyakarta kalihan têmantèn busana gagrak Surakarta. Lampah mênika minangka pambuka utawi purwaning upacara Saparan Bêkakak.
- Midodarèni Bêkakak dipuntindakakên Kêmis dalu tabuh 20.00 WIB kanthi tirakatan kados nindakakên midodarèni tumraping têmantén manungsa inggih kanthi tata cara mbêkta têmantén Bêkakak, sapasang gêndruwo, saha wèwè dhatêng balé désa Ambarkêtawang kanthi dipunarak kalihan barisan ingkang mbêkta umbul-umbul saha barisan plêton saking Gamping têngah. Sêsarêngan kalihan midodarèni ugi dipunwontênakên péntas ringgit wacucal, uyon-uyon, saha réog.
- Kirab Têmantèn Bêkakak dipuntindakakên kanthi mbêkta jali têmantèn Bêkakak dhatêng papan sêmbélih sarêng ngirabakên sêsaji sugêngan Agêng. Wondéné, uruting iring-iringan kirab inggih mênika, (1) réyog kalihan jathilan, (2) sêsaji sugêngan Agêng, (3) prêjurit Gamping têngah ingkang ngginakakên busana kados prajurit Daèng ingkang ambêkta suling, gêndêrang, saha mung-mung, (4) prêjurit putri ingkang mbêkta pêrisai saha pêdhang, (5) rombongan Dêmang, (6) jagabaya, (7) kaum utawi rois, (8) pambêkta tombak abungkus cindhé kanthi rêroncèn mlathi, (8) pasarta bapak-bapak ngrasuk busana surjan abrit, (9) prêjurit laré alit putra saha putri mbêkta jêmparing, (10) pasasrta ingkang mbêkta jodhang, barisan sêlawatan, (11) joli bêkakak Gunung Kiling, (12) barisan ingkang mbêkta sêkar mayang, cêngkir, bêndhé, tombak, saha luwuk sadaya dipunpayungi, (13) barisan ingkang nitih turangga, (14) barisan ambêkta panji-panji manéka wêrni ingkang ngrasuk busana surjan biru saha ikêt pêthak, (15) tiga pamudha mbêkta banyak dhalang, sawung galing, saha ardawalika, (16) tiga pamudha mbêkta padupan saha sêsêkaran kinanthèn pambêkta piranti musik gêndêrang, suling saha mung-mung, (17) prajurit Gamping Lor ingkang bêkta jêmparing saha pêdhang, (18) jodhang ingkang dipunbêkta déning paraga angrasuk busana clana pêthak kagok, klambi abrit saha ikêt biru, (19) jathilan saking Patran, (20) prêjurit Gamping Kidul ingkang ngginakakên topèng buron wana kados ta landhak, kêbo, saha grudha ambêkta tombak trisula, (21) réyog saking Gunungkidul. Dumugi ing papan sêmbêlih sapisanan inggih mênika ing patilasan gunung gamping Ambarkêtawang kalajengakên ing papan sêmbêlih kaping kalih inggih mênika wontên ing Gunung Kiling.
- Sêmbêlèh Bêkakak sasampunipun dugi wontên ing gunung gamping Ambarkêtawang salajêngipun joli ingkang isinipun têmantèn Bêkakak dipunpapanakên saha dipundongani déning kaum lajêng dipunsêmbêlèh kapantha-pantha dipunbagékakên dhatêng para warga ingkang ndhèrèk ing acara mênika. Kirab salajêngipun ing Gunung Kliling kanggé nyêmbêlèh sapasang têmantèn Bêkakak ingkang kaping kalih.
- Sugêngan Agêng minangka panutuping acara Saparan Bêkakak ingkang katindakakên wontên ing papan pungkasan kanggé nyêmbêlèh Bêkakak inggih mênika wontên ing Gunung Kiling. Sugêngan Agêng dipunpandhégani déning Ki Juru Permana, papan kanggè sugêngan agêng mênika dipundamêl tarub kanthi janur ing sakiwa têngênipun. Tata caranipun ingkang sapisan inggih mênika mbêsêm mênyan kalajêngakên ikrar saha pandonga Sugêgan Agêng déning Ki Juru Pêrmana. Pungkasanipun nggabur pêksi dara saha mbagèkakên manéka dhadharan ubarampé upacara Saparan Bêkakak mênika.
Uga pirsani
[besut | besut sumber]Rujukan
[besut | besut sumber]- Upacara Bekakak. Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan), diakses pada 10 Februari 2023.
- Lestarikan Tradisi Upacara Adat Saparan Bekakak Archived 2019-10-21 at the Wayback Machine.. Direktorat Jendral Konservasi Sumber Daya Alam dan Ekosistem, diakses pada 10 Februari 2023.
- Kirab Saparan Bekakak Amabrketawang.[pranala mati permanèn] Pemerintah Kabupaten Sleman Kapanewon Gamping, diakes pada 10 Februari 2023.
- Mengenal Tradisi Saparan Bekakak. Kompas, diakes pada 10 Februari 2023.
- Saparan Bekakak, Upacara Tradisi dengan Pesan Pengorbanan. Kedaulatan Rakyat, diakses pada 10 Februari 2023.
- Saparan Bekakak Gamping. Gudegnet, diakses pada 10 Februari 2022.
Pranala jawi
[besut | besut sumber]- Warisan Budaya Dudu Barang Indonésia Archived 2023-09-07 at the Wayback Machine.