Menyang kontèn

Sakabat kang dikasihi dening Gusti Yesus

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Frase sakabat kang dikasihi dening Gusti Yesus (Grikenlan: ὁ μαθητὴς ὃν ἠγάπα ὁ Ἰησοῦς, ho mathētēs hon ēgapā ho Iēsous) kasebut minangka kaping enem ing Injil Yohanes,[1] mung ora ana ing kitab-kitab Prajanjian Anyar liyanne. Yohanes 21:24 nyatakake bahwa Injil Yohanes adhedhasar saka panjelasan kang ditulis saka sakabat iki.

Wiwit pungkasan abad ka-1, sakabat sing dikasihi biasane diidentifikasikake karo Yohanes Panginjil.[2] Para cendekiawan ngedebatake kapengarangan saka Sastra Yohanes (Injil Yohanes, Surat-surat Yohanes Pertami, Kaloro lan Katelu lan Kitab Wahyu) wiwit sekitar abad ka-3, namung wiwit Zaman Pencerahan, para cendekiawan modern cenderung nulak identifikasi iku sanadyan ora isa menehi identitas tartamtu.[3]

Cathetan Alkitab

[besut | besut sumber]
"Sakabat kang dikasihi" (Santo Yohanes) datheng ing kubur Yesus ndhisiki Santo Petrus; lukisan James Tissot ca. 1886–94

"Sakabat kang dikasihi dening Gusti Yesus" mung kasebut ping enem ing Injil Yohanes:

  • Yohanes 13:23-25: Sawijining sakabate, iya iku sakabat kang dikasihi dening Gusti Yesus, lungguh sendhen sandhing Panjenengane, ing sisih tengene (yaiku ing Bujana Ndalu) iku disasmitani dening Simon Petrus sarta dicalathoni: “Nyuwuna pirsa sapa kang dipangandikakake iku.” Sakabat kang lungguh cedhak Gusti Yesus mau tumuli noleh sarta matur marang Gusti Yesus: “Gusti, sinten tiyangipun?”[4]
  • Yohanes 19:26-27: ing wektu Yesus ing dhuwur kayu salib, Bareng Gusti Yesus mirsani kang ibu lan sakabat kang dikasihi ngadeg sandhinge, banjur ngandika marang kang ibu: “Ibu, punika ingkang putra!” Nuli ngandika marang sakabate mau: :[5] “Lah iku ibumu!” Lan wiwit nalika iku sakabat mau banjur mboyong ibu Maryam menyang omahe.[6]
  • Yohanes 20:1-10: Ing dina kapisan ing Minggu iku esuk umun-umun, nalika isih peteng, Maryam Magdalena menyang pasarean lan dheweke weruh manawa watu tutupe guwa wus kasingkirake saka ing pasarean. Tumuli lumayu nemoni Simon Petrus lan sakabat liyane kang dikasihi dening Gusti Yesus, padha diwartani: “Gusti dipun pendhet ing tiyang saking pasarean, lan kula boten sumerep wonten ing pundi anggenipun nyarekaken.” Petrus lan sakabat liyane mau banjur padha mangkat menyang pasarean. Sakarone padha lumayu bebarengan, nanging sakabat liyane iku playune luwih rikat tinimbang Simon Petrus, temahan luwih dhisik tekane ing pasarean. Lan bareng nginguk, weruh yen ulese wus sumeleh ing lemah; nanging dheweke ora lumebu. Simon Petrus olehe nututi iya tumuli tekan sarta banjur lumebu ing pasarean, lan weruh ulese sumeleh ing lemah dene lawon riwe kang maune ana ing mastakane Gusti Yesus ora awor karo ulese, nanging sumeleh rada nyele ana ing panggonan liya lan wis gulungan. Sakabat liyane kang dhisik tekane ing pasarean mau iya tumuli lumebu, banjur ndeleng sarta pracaya. Awit salawase sakabat-sakabat mau durung padha mangreti isine Kitab Suci kang mratelakake, yen Gusti Yesus pinesthi wungu saka ing antarane wong mati. Sakabat loro mau tumuli padha mulih.[7]
  • Yohanes 21:1-25: Ing Yohanes 21, pasal pungkasan Injil Yohanes, "sakabat kang dikasihi minangka salah sijining saka pitu penangkap iwak sing ndelok mukjijat penangkapan 153 iwak (Yohanes 21:1-25).[8]
  • Yohanes 21:20-23: Uga ing pasal pungkasan iki, ini, sawise Yesus ngandika Bareng Petrus noleh, weruh sakabat kang dikasihi dening Gusti Yesus ndherek, iya iku sakabat kang nalika bujana lungguh cedhak Gusti Yesus sarta munjuk: “Gusti, sinten tiyangipun ingkang badhe ngulungaken Paduka?” Nalika Petrus weruh sakabat iku mau, tumuli munjuk marang Gusti Yesus: “Gusti, dene punika badhenipun kadospundi?” Pangandikane Gusti Yesus: “Saupama Dakkarepake, supaya iku tetep urip nganti satekaKu, iku rak dudu prakaramu. Nanging kowe: Melua Aku!” Banjur sumebar kabar ing antarane para sadulur, yen sakabat iku mau bakal ora mati. Nanging Petrus ora dipangandikani dening Gusti Yesus, yen sakabat mau bakal ora mati, nanging: “Saupama dheweke Dakkarepake supaya tetep urip nganti satekaKu, iku dudu prakaramu.”[9]
  • Yohanes 21:24: Sak tunggal maneh ing pasal terakhir, gegandengan karo pranyataan saka ayat sadurunge, nyatakake "Iya iku sakabat, kang nekseni lan wus nulisi bab iki kabeh lan aku kabeh padha sumurup, yen paseksene iku nyata."[10]

Kitab-kitab Injil liyanne ora nyebut sing anan ing cathetan paralele sing dikaitke karo "sakabat kang dikasihi". Misale ing Lukas 24:12, nyatakake Petrus lumaku ingkang kubur, mung ora ana cathetan wong sing ngancanine. Matius, Markus, lan Lukas ora nyebut sapa sing antarane kaloro welas sakabat iku sing ndeleng panyaliban saka cedhak.

Ing Injil Yohanes, sang ora sijining pun jeneng Yohanes (jeneng "Yohanes" ing Injil iki dikhususake mung karo Yohanes Pambaptis) kecathet ing loro rujukan karo "sakabat liyane" sing ora kesebutake jenenge, yaiku ing Yohanes 1:35-40 lan Yohanes 18:15-16, sing kemungkinan gedhe yaiku rasul Yohanes, adhedhasar perkataan ing Yohanes 20:2.[11]

Referensi

[besut | besut sumber]
  1. Yohanes 13:23, Yohanes 19:26, Yohanes 20:2, Yohanes 21:7, Yohanes 21:20
  2. Eusebius dari Kaisarea, Ecclesiastical History Book iii. Chapter xxiii.
  3. Harris, Stephen L. (1985). Understanding the Bible: a Reader's Introduction (édhisi ka-2nd). Palo Alto: Mayfield. kc. 355. ISBN 978-0-87484-696-6. Meskipun tradisi kuno meyakini Rasul Yohanes menulis Injil Keempat, Kitab Wahyu dan tiga Surat Yohanes, para sarjana modern meragukan ia menulis semua itu. {{cite book}}: Cite has empty unknown parameter: |1= (pitulung)
  4. Yohanes 13:23-25
  5. Ing Terjemahan Anyar ngeleboke "sakabat-sakabate", mung kata asli saka basa Yunani nganggo bentuk tunggal.
  6. Yohanes 19:26-27
  7. Yohanes 20:1-10
  8. James D. G. Dunn and John William Rogerson, Eerdmans Commentary on the Bible, Wm. B. Eerdmans Publishing, 2003, p. 1210, ISBN 0-8028-3711-5.
  9. Yohanes 21:20-23
  10. Yohanes 21:24
  11. Brown, Raymond E. 1970. "The Gospel According to John (xiii-xxi)". New York: Doubleday & Co. Pages 922, 955.

Pustaka

[besut | besut sumber]
  • Baltz, Frederick W. The Mystery of the Beloved Disciple: New Evidence, Complete Answer. Infinity Publishing, 2010. ISBN 0-7414-6205-2.
  • Charlesworth, James H. The Beloved Disciple: Whose Witness Validates the Gospel of John?. Trinity Press, 1995. ISBN 1-56338-135-4.
  • Smith, Edward R. The Disciple Whom Jesus Loved: Unveiling the Author of John's Gospel. Steiner Books/Anthroposophic Press, 2000. ISBN 0-88010-486-4.