Sagara wedhi


Sajeroning istilah géografi, sagara wedhi utawa ara-ara ya iku palemahan kang ora ana tetuwuhan lan arang udan. Curahé kurang saka 250 mm per taun.[1] Sagara wedhi dianggep duwé kabisan sithik kanggo mulasara kauripan. Yèn dibandhingaké karo wewengkon kang luwih teles bab iki manawa bener, sanadyan yèn dititèni, sagara wedhi kerep duwé kauripan kang racaké kasamun (mligi ing wayah awan) kanggo jaga drawané awak. Kurang luwih saprotelon wewengkon bumi wujud sagara wedhi.[2]
Bentang sagara wedhi duwé sawatara praèn umum. Sagara wedhi sapérangan gedhé dumadi saka watu karang. Gumuk lan dhataran mawa watu uga awujud ing sagara wedhi.
Sagara wedhi kadhang-kala duwé kandhutan cadhangan mineral kang aji kang kadhapur ing saubengan salit utawa kapapar déning gigisan. Garingé wewengkon sagara wedhi ndadèkaké papan kang ancas kanggo ngawètaké barang paninggalan sajarah sarta fosil. Banyu lemah ing ara-ara samun cenderung asin amarga larutan uyah ing lemah ora cenderung pindhah amarga ora ana pengurasan banyu utawa drainase.[3]
Penyebaran bioma ara-ara samun akeh ditemokake ing wilayah Afrika Lor (Sahara), Amerika Lor (Great Basin), Australia (Gibson), lan liya-liyane.
Lingkungan biotik:
- Flora: Tetuwuhan sing bisa adaptasi karo lingkungan sing garing (xerofit) kaya kaktus, pohon kurma, lan zaitun.
- Fauna: Kewan gedhe sing bisa nyimpen banyu kaya unta, dene kewan cilik mung aktif ing wayah esuk lan sore ing ngendi ing wayah awan ndhelik ing bolongan-bolongan kaya ula, tikus, kadal, lan serangga.
Jinis-Jinis Ara-ara Samun
[besut | besut sumber]Ara-ara Samun Kering Panas
[besut | besut sumber]Biasane nuduhake wilayah pasir sing jembar sing ana ing wilayah beriklim subtropis nganti sedheng, kanthi tetuwuhan sing sithik banget. Wilayah iki nduweni suhu rata-rata sing dhuwur, owah-owahan suhu saben dina sing ekstrem, curah udan sing sithik, lan tingkat penguapan sing gedhe banget.[4] Ara-ara samun kaya iki bisa ditemokake ing macem-macem panggonan, kayata Afrika Lor (Sahara), Amerika Lor, Australia, lan liya-liyane.
Ara-ara Samun Dingin
[besut | besut sumber]Ara-ara samun dingin, asring digandhengake karo tundra, yaiku wilayah beriklim kutub sing umume lumahane ditutupi lapisan es utawa salju. Nalika musim dingin, suhu bisa mudhun nganti -57°C, dene nalika musim panas, suhu paling dhuwur mung tekan sekitar 15°C. Tuladhane wilayah kanthi jinis ara-ara samun iki kalebu Alaska, lor Kanada, Greenland, Siberia, lan sakiwa tengene.
Uga delengen
[besut | besut sumber]Referensi
[besut | besut sumber]Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
- ↑ Society, National Geographic (2011-10-19). "desert". National Geographic Society (ing basa Inggris). Diarsip saka sing asli ing 2022-04-09. Dibukak ing 2020-12-27.
{{cite web}}
: Unknown parameter|dead-url=
ignored (|url-status=
suggested) (pitulung) - ↑ Pattinaja, Ivonne Indrajati (2019). Ensiklopedia Kelautan Dan Perikanan. Sidoarjo: Zifatama Jawara. kc. 142. ISBN 9786025815645. Diarsip saka asliné ing 2023-08-11. Dibukak ing 2020-12-27.
{{cite book}}
: Unknown parameter|dead-url=
ignored (|url-status=
suggested) (pitulung) - ↑ Archaeology, Matthew Mason. "Deserts as Ecosystems: Why They Need Protecting | EnvironmentalScience.org" (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Diarsip saka sing asli ing 2023-03-26. Dibukak ing 2020-12-27.
{{cite web}}
: Unknown parameter|dead-url=
ignored (|url-status=
suggested) (pitulung) - ↑ LindungiHutan, Magang Alam (2022-10-20). "Gurun (Desert): Pengertian, Proses Pembentukan, Ciri-ciri, Jenis, Flora dan Fauna yang Menempati (2022)" (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing 2024-11-25.