Roncèn kimia

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Conto modhèl titik Lewis kang nggambaraké roncèn kimia antarané karbon C, hidrogen H, lan oksigèn O. Panggambaran titik lewis iku salah siji saka usaha awal kimiawan sajeroning njlèntrèhaké roncèn kimia lan isih dipigunakaké kanthi wiyar tekan sepréné.

Roncèn kimia iku siji prosès fisika kang duwé tanggung jawab sajeroning interaksi gaya tetarikan antarané loro atom utawa molekul kang njalari siji senyawa diatomik utawa poliatomik dadi stabil. Panjlèntrèhan ngenani gaya tetarikan iki rumit banget lan dijlèntrèhaké déning èlèktrodinamika kuantum. Sajeroning praktèké, para kimiawan lumrahé gumantung marang téyori kuantum utawa panjlèntrèhan kualitatif kang kurang kaku (nanging luwih gampang kanggo dijelasaké) sajeroning njlèntrèhaké roncèn kimia. Lumrahé, roncèn kimia kang kuwat diasosiasikaké kanthi transfer èlèktron antarané loro atom kang silih partisipasi. Roncèn kimia njaga molekul-molekul, kristal, lan gas-gas diatomik tetep bebarengan. Kajaba iku roncèn kimia uga nemtokaké struktur siji dat.

Kakuwatan reroncèn kimia manéka banget variasiné. Lumrahé, roncèn kovalèn lan roncèn ion dianggep roncèn "kuwat", éwadéné roncèn hidrogen lan roncèn van der Waals dianggep roncèn "lemah". Babagan kang perlu digatèkaké ya iku yèn roncèn "lemah" kang paling kuwat bisa luwih kuwat tinimbang roncèn "kuwat" kang paling lemah.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Réferènsi[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]