Reresik Lak

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Reresik Lak inggih punika tradhisi ritual ingkang dipun tindakaken kanthi turun-temurun déning masarakat Dusun Ngiring, Désa Jaten, Kabupatèn Karanganyar minangka wujud cipta budaya ugi ritual tetanèn kanggé kawontenan sumber toya. Tradhisi punika salah satunggaling wujud konservasi toya ingkang ugi wonten gandhèng cènèngipun kaliyan sistem mentalitas masarakat agraris ingkang dipun hayati dados étika kaliyan kawicaksanan.

Etimologi[besut | besut sumber]

Reresik asalipun saking tembung “resik” ingkang pikantuk ater-ater “re” saéngga “reresik” tegesipun dados kriya "ngresiki". Reresik nedahaken subyek ingkang reresik. Déné “Lak” inggih punika panyebaran sumber toya ingkang dipun pitados dados sumber pagesanganipun masarakat Ngiring.

Filosofi[besut | besut sumber]

Toya minangka sumber pagesangan kaliyan sumber daya alam ingkang wigatos, mliginipun wonten masarakat tetanèn. Mila, budaya tetanèn nuwuhaken kawruh babagan upaya palestantunan arupi tradhisi, kadosta toya ing masarakat Ngiring. Dipun cariyosaken menawi masarakat boten nindakaken Reresik Lak, badhé wonten bebaya kekeringan kaliyan gagal panèn. Lajeng masarakat sami gotong-royong ngresiki saluran toya dumugi dhateng sumberipun.[1]

Kanthi filosofis, masarakat Jawi pitados menawi toya mujudaken pérangan ingkang wigatos ing sedayaning upacara adat, minangka tolak balak, ngicalaken gangguan, ugi minangka pralambang kasucèn, panyucèn, kaliyan sumber katentreman. Ritual punika mujudaken pitutur (pènget), piwulang (ajaran), kaliyan wewaler (larangan) wonten masarakat.[2]

Fungsi[besut | besut sumber]

Reresik Lak nggadhahi fungsi pandhidhikan inggih punika mbangun panggrahitan supados tiyang ingkang nindakaken saged peduli kaliyan lingkungan. Tradhisi punika ugi ngewrat kawruh pribumi ingkang sampun meh dipun supèkaken minangka upaya kanggé nambah kaliyan ngompliti téknologi konservasi utawi palestantunan toya.[3]

Fungsi sanesipun inggih punika supados nambah kesadaran babagan wontening kekiyatan ing njawinipun manungsa ingkang nguwaosi kaliyan mangaruhi jagad raya kanthi mitos saha ritual Reresik Lak. Ritual nggadhahi fungsi minangka prantara antawisipun manungsa kaliyan kekiyatan alam punika ingkang maringi jaminan kanggé masa ngajeng saéngga dados pandom tumindak ing padintenan.[4]

Palaksanan[besut | besut sumber]

Ritual Reresik Lak dipun tindakaken ing sasi sasampunipun mangsa panèn. Proses punika ugi minangka tandha menawi mangsa tetanèn sampun caket. Reresik Lak minangka wohing pamanggalihanipun tiyang Ngiring ugi wonten gegandhènganipun kaliyan Dèwi Sri minangka dèwi kasuburan ingkang wonten sesambetanipun kaliyan tetuwuhan. Mila, toya dipun wastani minangka toya kasuburan. Bab punika ugi dipun kiyataken kaliyan konsèp Dèwi Ibu wonten kabudayan tetanèn ingkang dipun anggep saged nuwuhaken manéka tetuwuhan ingkang dipun betahaken manungsa saha dipun gandhèngaken kaliyan simbul sanèsipun minangka sumber pagesangan.

Reresik Lak punika upacara ingkang dipun wontenaken minangka wujud raos sukur kaliyan panyuwunan supados toya lancar kanggé tetanèn. Upacara punika nggadhahi maksud kanggé njagi karesikan kaliyan minangka wujud njagi ilining toya ingkang nglangkungi tlatah tetanèn Ngiring. Umumipun reroncèning acara wonten tradhisi punika antawisipun: ndamel kupat kaliyan lepet, tumpeng, sarta sawetawis sesajèn sanèsipun. Kejawi punika, kanggé tiyang kakung ngasta pacul utawi arit, kanggé ngresiki sedaya ingkang nglangkungi ilining toya.[5] Déné ndamel kupat, lepet, kaliyan tumpeng ugi sawetawis sesajèn sanèsipun minangka ayahanipun warga putri, kados limrahipun pembagéan padamelan wonten ing masarakat Jawi. Reresik Lak ugi dipun maksudaken dados pangajeng-ajeng supados lahan tetanèn utawi siti subur malih saéngga tetanèn saged dipun tindakaken.[5]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Anne, Shakka Ariyani (2018). Nasionalisme di Tengah Kewargaan Budaya dan Ekstrimisme Global. Yogyakarta: Sanatadharma press. kc. 257.
  2. Dikawati, Reni (2019). "Tinjauan Filosofis Budaya Agraris Reresik Lak; Konversi Air dalam Praktik Pertanian Dusun Ngiring". Jantra. 14 (1): 27. Diarsip saka sing asli ing 2023-03-27. Dibukak ing 2023-02-07.
  3. Geertz, Clifford (1983). Involusi pertanian: proses perubahan ekologi di Indonesia. Jakarta: Bhratara Karya Aksara. kc. 12.
  4. Dikawati, Reni (2019). "Tinjauan Filosofis Budaya Agraris Reresik Lak Konversi Air Dalam Praktik Pertanian Dusun Ngiring". Jantra. 14 (1): 31. Diarsip saka sing asli ing 2023-03-27. Dibukak ing 2023-02-07.
  5. a b Dikawati, Reni (2019). "Tinjauan Filosofis Budaya Agraris Reresik Lak: Konversi Air Dalam Praktik Pertanian Dusun Ngiring". Jantra. 14 (1): 33. Diarsip saka sing asli ing 2023-03-27. Dibukak ing 2023-02-07.