Radèn Sadana

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Radèn Sadana iku satriya bagus rupané putra nata nagara Mendhangkamulan Prabu Sri Mahapinggung. Nadya putra ratu, nanging pilih urip prihatin, kerep kumpul karo kawula cilik ing karang padésan. Sang Prabu patutan loro saka prameswariné, Dewi Gemi. Kang sepisanan wanita aran Dèwi Sri lan kang ragil Radèn Sadana. Manut dedongèngane, dhek jaman biyèn iku ing tanah Jawa sisih durung pati akèh sawah lan kebonan, amarga lumrahé wong-wong isih durung ngerti carané tetanèn. Lan mbakyu-adhi Dewi Sri karo Radèn Sadana iku kang sepisanan maringi sesurupan bab tetanèn marang kawula, saéngga wusanané tanah Jawa dadi gemah-ripah akèh sawah apadene pakebon kang kebak tetuwuhan kang migunani. Ora anèh manawa sabanjuré tumrap para sadulur tani, Dèwi Sri dikurmati kaya déné déwa. Biyèn ing kalanganing masarakat akèh kang percaya yèn kasil-orané anggoné tetanèn iku gumantung marang welas asihing Dewi Sri dan Bathara Sadana. Mula ing acara panèn raya, diwiwiti kanthi Wiwit/Methik Kacarita biyèn kerep ana pepethane Dewi Sri lan Bhatara Sanada.

Bab dedonggeng Dewi Sri lan Raden Sadana, ing antarané dicritakake yèn ing sawijing dina, Dewi Sri dilamar déning ratu Saka Mendhangkumuwung, Prabu Kala Pulagra, Kang wujud ditya. Nanging Dewi Sri matur yèn ora gelem rabi karo priya yèn rupané ora kaya adhine dhéwé, Raden Sadana. Mesti waé wangsulan kaya menkana iku ndadakake dukane Sang Prabu. Dewi Sri banjur ditundhung saka kedhaton.Oncat saka kedhaton, Dewi Sri jumung ing désa Mendhangagung, papané Raden Sadana lagi awèh kawruh tetanen para kawula. Nanging tindake Dewi Sri arep kaboyong menyang Mendhagagung Dewi Sri Kepethuk Raden Sanada, lan nyritakake mula bukane nganti oncat saka kedhaton, Raden Sadana ngajak mabahyue lerem ing désa kana.Sesuwene ana ing Mendhangagung Dewi Sri uga paring piwulang marang para tani, bab kepriye carané nenandur. Nanging ora suwé, ketungka tekane Kala Daru iku bisa kapenggak déning Raden Sadana.Sawisé perang tandhing sawatara suwéné, Kala daru kasoran, nuli keplayu bali mulihmenyang nagarané.Prabu Kala Pulagra duka bareng weruh yèn kala daru ora éntuk gawé.Sang nata nuli nglurug menyang Mendhangagung ngirid wadya buta sapirang-pirang. Akèh kawula kang ora dosa dadi kurban dipateni wadya buta Medhangkuwuwung. Bab iki gawé pananse hawa kahyangan Jonggringsalaka.Bathara Guru nimbalai Bathara Narada, kang banjur ngaturi uninga yèn sumuking kahyangan iku sebabake saka anané payo-payo lan tindak sikarane wadya raseksa Mendhungkumuwung marang para tani ing Menddhangagung. Narada ingutus paring pitulungan Raden Sadana lan kawula Medhangkuwung.Wadya dorandara asikep gegaman warna-warna tumurun ing Mendhangagung mbantu Raden Sadana lan kawula Mendhangagung nrenggalangi pangamuke para buta, nganti para raseksa iku bisa diundurake. Akèh kang tumpes, tiwas, lanliyane kabarasat. Prabu Kala Pulagra ora narimakake, genti maju, perang tandhing karo Raden Sadana nganti wekasane ratu buta iku tiwas kena suduk kerise Raden Sadana.Sasirnaning para buta, Bathara Narada dhawuh marang Raden Sadana lan Dwi Sri, supaya kekarone padha nerusaké anggoné ngemong para kawula saéngga bisa tetanen. Raden Sadana lan Dewi Sri maringake wiji tetuwuh kaya déné lombok, tomat, terong, timun, lsp. marang para tani, lan déning para tani kekarone wis inggep kadidene déwa lan dewi pengayome.

Nganti saiki tanah Jawa pertaniane pancen kalebu maju dibandingake pulo-pulo liyané ing Nusantara Émané wiwit kadheseg industrialisasi. Ning mesthine modernisasi kang becik ngono rak ana ngurbanake pertanian kang biyèn tau diayomi Dewi lan Raden Sadana iku.