Priyayi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Priyantun)

Priyayi utawa sajeroning basa krama priyantun, iku siji golongan sajeroning kabudayan Jawa, minangka kelas sosial kang tegesé golongan bangsawan. Sawijining golongan paling dhuwur ing masarakat awit duwé dharah turun saka ratu. Golongan priyayi paling dhuwur karan Priayi Ageng (priyagung). Gelar sajeroning golongan iki kapérang dadi warna-warna dhedhasar endhèk-dhuwuré kaurmatan. Sawetara gelar saka kang paling dhuwur nganti mung siji gelar waé ya iku Radèn.

Gelar siji priyayi uga bisa mundhak sairing karo umuré. Umpamané nalika bocah lanang lair dijenengi Bomantara, dhèwèké duwé gelar Radèn Mas, dadi jeneng pepaké ya iku Radèn Mas Bomantara, nalika nginjak diwasa gelaré tambah siji tembung dadi Bendara Radèn Mas, nalika napak diwasa (18 utawa 21 taun) tambah manèh dadi Bendara Radèn Mas Harya utawa Bendara Radèn Mas Arya. Bareng wis luwih diwasa lan wis mwngku kalungguhan sajeroning hirarki kabangsawanan, dhèwèké bakal duwé gelar kang béda saka gelar kang wis didarbèni. Umpamané panjenengané ngasta kalungguhan pamimpin ksatrian, gelaré banjur owah dadi Gusti Pangèran Adipati Harya. Lan saben kalungguhan kang diwengku bakal éntuk gelar tambahan utawa gelar kang diowahi.

Istilah priyayi dadi misuwur nalika Clifford Geertz ngayahi panlitèn bab masarakat Jawa ing taun 1960-an, lan nglompokaké masarakat Jawa sajeroning telung golongan: priyayi, santri lan abangan. Kelompok santri dipigunakaké kanggo ngarani wong kang duwé kawruh lan ngamalaké agama. Abangan dipigunakaké tumrap wong kang dudu priyayi lan uga dudu santri. Nanging panggolongan iki ora patiya trep, awit panglompokkan priyayi-non priyayi iku dhedhasar garis katurunan, déné panglompokkan santri-abangan digawé dhedhasar sikap lan prilaku sajeroning ngamalaké agama (Islam). Sajeroning kasunyatan, ana priyayi kang santri lan ana uga kang abangan, malah ana uga kang non muslim.

Ètimologi[besut | besut sumber]

Tembung priyayi jaré asal saka rong tembung Jawa para lan yayi kang kanthi barès tegesé "para adhi". Kang dimaksud ya iku para adhi raja.

Nanging miturut Robson (1971) tembung iki bisa uga asal saka tembung Sangskerta priyā, kang tegesé kekasih.

Bibliografi[besut | besut sumber]