Prastawa Réngasdhèngklok

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Kamar peristirahatan Bung Karno ing omah Djiaw Kie Siong.
Altar ruang tamu
Jiauw Kie Siong, pemilik rumah peristiwa Rengasdengklok 17 Agustus 1945- 2013-08-17 12-16

Prastawa Rengasdengklok ya iku prastawa panyulikan kang diayahi déning sawatara nom-noman (a.l. Soekarni, Wikana lan Chaerul Saleh) saka Menteng 31 marang Soekarno lan Hatta. Prastawa iki kadadéyan tanggal 16 Agustus 1945 jam 04.30 WIB, Soekarno lan Hatta digawa menyang Rengasdengklok, Karawang, dipeksa supaya nyepetaké proklamasi kamardikan Républik Indonésia. Ngadhepi dhesekan mau, Soekarno lan Hatta tetep ora owah panemuné. Sauntara iku ing Jakarta, Chaerul lan para kanca wis nyusun rencana kanggo ngrebut kakuwasan. Nanging, apa kang wis direncanakaké mau ora kasil amarga ora kabèh anggota PETA njurung rencana mau.

Penculikan[besut | besut sumber]

Wong-wong kang nyulik Soekarno lan Hatta awalé durung cetha sapa waé. Nanging, ing pungkasané wong-wong kang nyulik kuwi mau, ya iku Chaerul Saleh, Sukarni, Wikana, Jusuf Kunto, dr. Muwardi, Singgih, lan dr. Sutjipto (perwira Peta saka Rengasdengklok).[1] Saliyané kelompok kuwi mau, uga ana kelompok liyané kang gawé ribut-ribut kanggo nyamaraké aksi penculikan. Wikana teka lan kandha marang Soekarno lan Hatta yèn dhèwèké ora sabar nganakaké pemberontakan amarga wedi Jepang bakal nuduh dwitunggal dadi provokator. Amarga iku, Wikana cs duwèni usulan kanggo Soekarno lan Hatta supaya lunga menyang njaba kutha kanggo sawatara mangsa.[1]

Ing Jakarta[besut | besut sumber]

Ahmad Soebardjo percaya yèn prastawa Soekarno lan Hatta ilang iku ana gegayutané karo pepadoné dhèwèké kabèh karo golongan enom. Amarga iku, dhèwèké nggolèki Wikana lan dina iku uga, Soebardjo olèh kabar yèn Jepang wis pasrang marang Laksamana Tadashi Maeda. Kasunyatané dadi cetha nalika Ahmad Soebardjo teka ing Rengasdengklok. Miturut omongané Soebardjo, Jakarta aman lan Jepang wis njaluk damai marang tentara Sekutu. Sawisé Soekarno lan Hatta bali menyang Jakarta, banjur rapat proklamasi dilaksanakaké ing omah Laksamana Maeda sawisé ana prastawa negosiasi alot karo Jepang.[1]

Omah Rengasdengklok[besut | besut sumber]

Rengasdengklok dipilih karo para wong enom kang nyulik Soekano lan Hatta iku mau amarga kutha ing Jawa Kulon iku ming nduwèni jarak 80 km saka kutha Jakarta lan kutha kang paling aman amarga cedhak karo markas Peta.[2] Omah kang dinggo ndelikaké Soekarno lan Hatta iku omah petani Djiaw Kie Siong. Saiki markas Peta kang cedhak omah petani iku dadi Monumen Kebulatan Tekad.[2]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b c "Sejarah Peristiwa Rengasdengklok Versi Sukarno dan Hatta". tirto.id (ing basa Indonesia). Dijupuk 2019-08-17. 
  2. a b antaranews.com. "Infografis: Peristiwa Rengasdengklok". Antara News. Dijupuk 2019-08-17.