Menyang kontèn

Pondhok pesantrèn Tebu Ireng

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Pesantren Tebu Ireng)
Pondok Pesantren Tebuireng
Barkas:Tebuireng.jpg
Diadegaké1899
JenisPesantren
AfiliasiIslam
PengasuhIr. KH. Solahuddin Wahid
(Gus Solah)
LokasiIndhonésia Jombang, Jawa Wétan
Situs webpesantren.tebuireng.net

Pesantren Tebu Ireng ya iku salah siji pondok pesantrèn kang gedhé ing Jombang, Jawa Wétan.[1] Pesantrèn iki diadegké déning Kyai Hasyim Asy'ari nalika taun 1899.[1] Kejaba wulangan bab agama Islam, ngèlmu saréngat, lan basa Arab, wulangan umum uga kalebu ing struktur kurikulum pengajarané.[1] Pesantrèn Tebu Ireng wis akèh mènèhi konstribusi dan sumbangan karo masarakat, kang mligi ing bab pendidikan Islam ing Indonésia.[1]

Sajarah

[besut | besut sumber]

Miturut carita para warga, jeneng Tebu Ireng saka kebo ireng.[2] Miturut cariyosipun, nalika iku ana warga kang duwèni kebo kang duwèni kulit warna kuning (bulé atau albino).[2] ing siji dina, kebo kala wau ilang.[2] Sawisé digoleki sadina muput, banjur soréné nembé ketemu wis arep mati amarga kecebur rawa kang akèh lintahé.[2] Sekujur awaké kebak lintah, mula kang asalé kulité kuning dadi ireng.[2] Kedadèan iku gawé gègèr kang duwé kebo saha para warga ing kana banjur nggembor "kebo ireng...! kebo ireng...!".[2] Wiwit iku, dukuh panggon ilangé kebo mau dikenal kanti jeneng dukuh kebo ireng.[2] Nanging amarga ilaté wong jawa dukuh punika jenengé dados dukuh tebu ireng.[2]

Pesantren Tebu Ireng diadegké déning Kyai Hasyim Asy'ari nalika taun 1899 M.[2] Nalika iku ing taun 1899 Kyai Hasyim nembé kundur saking ngibadah haji ning Makkah, Kyai Hasyim mundhut tanahé dhalang ing dukuh Tebu Ireng kang dohé kira-kira 200mèter saka pabrik gula cukir.[2] Ing dukuh iku Kyai Hasyim Asy'ari gawé omah saha gawé pondok kanggo para santriné.[2] Pérangan ngarep digawé saka gedhèg, ruwang iku digawé kanggo panggon mulang para santri saha salat jama'ah.[2] Banjur ingkang pérangan mburi digawé omah.[2] Nalika pisanan, jumlah santriné mung wolu, saha telung sasi mengarep santriné tambah dadi wolulikur.[2]

Wektu iki, Pesantrèn Tebu Ireng wus gedhé lan wus dadi pilihan para warga NU kanggo nyekolahaké anak-anaké.[2]

Sistem Pandhidhikan

[besut | besut sumber]

Lumantar lakuné wektu, santri ing Pesantrèn Tebu Ireng sangsaya akèh lan sangsaya manéka warna rupa budayanè.[3] Kepara nyata pesantrèn Tebu Ireng wus akèh ngrubah sistem pandhidhikané.[3] Kaya ta contoné biyèn kang ana mung Pandhidhikan bab Agama Islam lan Basa Arab, saiki wis ana pandhidhikan umum utawa pandhidhikan formal.[3] Nanging sanajan wis akèh nrubah sistem pandhidhikané, Pesantrèn Tebu Ireng isih tetep nerapaké sistem kang lawas.[3] Dadi santri lulusan Pesantrén Tebu Ireng ora mung bisa lan paham babagan agama nanging uga paham babagan ngèlmu umum kang modhèren.[3]

Unit Pandhidhikan

[besut | besut sumber]

Tebu Ireng pancèn pesantrèn tradisonal, nanging kaya déné pesantrèn-pesantrèn modhèren kang ana Indonésia, Tebu ireng uga duwé unit pandhidhikan umum.[4] Ing Pesantrèn Tebu Ireng duwèni unit pandhidhikan cacahé lima ya iku:

  1. Ma'had Aly,
  2. MTs. Salafiyah Safi'iyah,
  3. SMP A.Wahid Hasyim,
  4. MA. Salafiyah Safi'iyah,
  5. SMA A.Wahid Hasyim.[4]

Pratélan Pengasuh

[besut | besut sumber]

Ing lakuné sajarah, nganti saiki Pesantrèn Tebuireng wis ganti pengasuh nganti kaping 7 periode.[5] Periodisasi pengasuh pesantrèn Tebuireng:

  1. KH. Muhammad Hasyim Asy’ari: 1899 – 1947,
  2. KH. Abdul Wahid Hasyim: 1947 – 1950,
  3. KH. Abdul Karim Hasyim: 1950 – 1951,
  4. KH. Achmad Baidhawi: 1951 – 1952,
  5. KH. Abdul Kholik Hasyim: 1953 – 1965,
  6. KH. Muhammad Yusuf Hasyim: 1965 – 2006,
  7. KH. Solahuddin Wahid: 2006-nganti saiki.[5]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d Tebu Ireng Archived 2011-05-10 at the Wayback Machine. (15 Mèi 2011)
  2. a b c d e f g h i j k l m n o Gus Dur(15 Mèi 2011)
  3. a b c d e Kultur Pesantren (15 Mèi 2011)
  4. a b Tebu Ireng Archived 2012-01-11 at the Wayback Machine.(17 Mèi 2011)
  5. a b Pesantren Archived 2021-04-17 at the Wayback Machine.(15 Mèi 2011)