Pawiwahan agung

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Pawiwahan Agung inggih punika salah satunggaling pahargyan ingkang kathah dipuntindakaken déning masarakat Jawi. Upacara pawiwahan agung punika asring kasebat upacara nganténan. Rantamaning pahargyan ingkang dipuntindakaken ugi boten prasaja, nanging kapérang dados mapinten-pinten adicara, inggih punika dipunwiwiti kanthi upacara tarub, upacara nyantri, upacara plangkahan (gumantung kaanan, saged dipuntindakaken saged boten), upacara siraman, upacara tantingan, upacara midodareni, upacara ijab, upacara panggih, upacara tampa kaya, upacara dhahar klimah, upacara kirab, resèpsi, saha dipunpungkasi upacara pamitan. Mekaten tata upacara pawiwahan agung.

Upacara Tarub[besut | besut sumber]

Tembung tarub sampun kathah dipunmangertosi déning masarakat Ngayogyakarta saha Surakarta ingkang tegesipun pasrén saking janur kuning ingkang dipunsuwiri saha kapacak wonten ing sakiwatengenipun tratag sarta wonten ing lawang gapuraning griya utawi papan panggènan ingkang saweg nindakaken kajatan mantu. Dados manawi dipunringkes bilih upacara tarub punika upacara pasang janur wonten ing papan kajatan kanggé pratandha bilih wiwit wekdal punika ingkang gadhah kajat sampun kanthi saèstu murwakani lampahing kajat. Ubarampé ingkang dipunbetahaken kanggé pasang tarub punika inggih mliginipun godhong-godhongan saking manéka warni tetuwuhan. Pamasangipun tarub sarta tetuwuhan punika miturut tradhisi Jawa katindakaken dhedhasar pétungan sanget. Dinten saha tanggalipun dipunpétung kanthi permati, kanthi jlimet. Limrahipun, dipuntindakaken sesarengan kaliyan upacara siraman, nanging wekdalipun ingkang radi bènten sakedhik. Pamasangipun tarub limrahipun katindakaken antawisipun tabuh 08.00 - 10.00, lajeng siraman katindakaken tabuh 11.00, utawi ing wayah sonten watawis tabuh 15.00 - 16.00. Déné ingkang nyirami calon pinangantèn inggih punika para sesepuh, pinisepuh kulawarga calon pinangantèn putri kabiyantu kaliyan tangga tepalihipun. Saderéngipun tarub saha sadaya rerangkèning dipunpasang, kedah dipunsukani sajèn ing caketipun. Sajèn punika supados pikantuk pangayoman kaslametan saking ingkang Maha Agung minangka panguwaosing kekiyatan gaib, supados dumugi wasananing pahargyan saged kalampahan tanpa rubéda satunggal punapa.

Ubarampé Upacara Tarub[besut | besut sumber]

Ubarampé ingkang asring kapacak wonten ing upacara tarub punika warni-warni, inggih punika awujud:
a. Sanggan, ingkang kadadosan saking: gedhang raja satangkep, kembang telon ingkang dumados saking kembang kenanga, mlathi saha kanthil, injet utawi apu, suruh, gambir saha lawé.
b. Tumpeng robyong, inggih punika tumpeng ingkang dipuntancepi janganan, kados ta: lobis, wortel, kangkung, saha kacang gléyor. Pucuking tumpeng dipuntancepi lombok palang (dipundamel rubuh saha mangadeg), tigan godhog saha brambang mentah.
c. Tumpeng gundhul dipunwadhahi tampah, sakiteranipun tumpeng dipunpasréni manéka warni jajan pasar saha jenang warna pitu. Jenang abrit, jenang pethak, jenang baro-baro, jenang plirit, jenang palang, jenang pager ayu, saha jenang tumpeng.
d. Tumpeng megana, inggih punika tumpeng ingkang dipunkupengi lawuhan saha janganan ingkang sadayanipun sarwi pedhes. Wonten lobis, kangkung, kacang jangan, buncis, lan sapanunggalanipun. Tumpeng megana punika samangké kanggé minangka sajèn wonten ing lebeting kamar pinangantèn.
e. Sega liwet, inggih punika sekul liwet kanthi lawuh srundéng, sega ambeng, sega kebuli, sega punar, golong lulut sajodho ingkang dipunpapanaken wonten ing sanginggiling endhog tigan saha dipuntutup tigan dadar ugi.
f. Jajan pasar, ingkang kanggé ngompliti sajèn punika dumados saking woh-wohan saking: pala gumantung, pala kapendhem, saha pala kasimpar. Manéka warni jajanan, kados ta: jadah bakar, témpé kripik, roti randan utawi roti tawar, saha rujak degan. Kopi pait, téh pait, saha srutu satunggal. Brokohan, kadadosan saking: dhawet satunggal gelas, krambil utawi klapa seprapat, tigan bèbèk mentah satunggal, gendhis jawi salirang. Nalika upacara tarub, brokohan dipunpapanaken wonten ing sangandhaping paturonipun pinangantèn wonten ing kamar mantèn sesarengan kaliyan tumpeng megana. Ketan manca warna saha ketan kolak apem. Jangan menir saha jangan padhamara. Gedhang emas mawi cundhuk kembang. Gedhang raja saha gedhang pulut nyalirang ingkang cacahipun ganep. Areng kembang, wujudipun wos ketan dipungoréng sangan lajeng dipunsukani toya saha gendhis. Kembang pantun, wujudipun wos ketan dipungoréng sangan lajeng dipuncampuri entèn-entèn krambil ginanipun kanggé nyajèni Dewi Sri. Kembang telon (kenanga, kanthil, saha mlathi). Empluk-empluk, isi wos, endhog pitik kampung, bumbu pawon, pangilon, saha jungkat. Klapa ijo kalih dipungandhèng lajeng dipuncemplungaken sumur. Empon-empon. Kendhi utawi klenthing alit dipunisèni toya tempuran ingkang anggénipun mendhet saking tempuripun kalih kali. Jlupak utawi clupak ajug-ajug dipunisèni lisah klentik utawi klapa dipuncampur sarem sakedhik, uceng-uceng utawi sumbu dipundamel saking kapuk kapas, dipunsum nalika upacara sampun dipunwiwiti. Kinang. Endhas kebo, saged dipunsalirani utawi dipunliru dagingipun, jeroan polo utawi utak saha mripatipun minangka sarat. Kolak kencana (gedhang emas ingkang taksih kulitan dipunolah lajeng dipundamel kolak). Témpé mentah ingkang taksih buntelan godhong gedhang lajeng dipuntalèni merang. Krambil ingkang sampun ical sepetipun satunggal, saha gendhis jawi utawi klapa satangkep.

Upacara Nyantri[besut | besut sumber]

Upacara nyantri inggih punika salah satunggaling tradhisi ingkang kedah dipunlampahaken déning calon pinangantén kakung. Miturut tradisi, upacara nyantri dipuntindakaken ing antawisipun 1-3 dinten sadèrèngipun upacara ijab dipunlampahaken. Wonten ing 1-3 dinten punika, calon pinangantén kakung kedah sampun dipunpasrahaken dhumateng tiyang sepuhipun calon pinangantén putri. Upacara nyantri punika dipuntindakaken gadhah ancas kanggé nepangaken sadaya prekawis ingkang wonten gegayutanipun kaliyan kraton. Ancas ingkang paling mligi saéngga dipunadani upacara nyantri punika inggih supados sadaya rerangkéning upacara pawiwahan agung punika saged kalampahan kanthi gangsar saéngga boten nambah bot répoting kulawarga calon pinangantén putri saha sadaya adicara saged lumampah wonten ing wekdal ingkang sampun dipuntemtokaken.

Rujukan[besut | besut sumber]

  • Condronegoro, Mari. 1995. Memahami Busana Adat Kraton Yogyakarta Warisan Penuh Makna. Yogyakarta: Yayasan Pustaka Nusatama.