Panganggo:Anam K4217049/Bathik Kawung

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
motif kawung.

Bathik Kawung ya iku motif bathik kang rupané kaya woh kawung (satunggal karo klapa utawa sawit utawa kolang-kaling ) sing dèn susun kanthi géometris. Kadhang-kandhang, motif iki uga bisa ditegesi minangka kembang teraté utawa lotus ( lotus ) kanthi patang lembar makuthané kang mekrok. Lotus minangka kembang kang dadi pralambang dawané umur lan sucing jiwa.

Asal tembung[besut | besut sumber]

Ana sawenèh panemu kang jlèntrehaké asal tembung saka tembung kawung, iya iku:

  • Kawung ing basa Jawa ateges wowohan saka wit arèn/ kolang-kaling. [1]
  • Kawung ing basa Jawa ateges godhong wit kurma, sing lumrah dienggo nglinting rokok. [2]
  • Kawung asalé saka tembung Jawa, kwangwung utawa wawung
  • Ana salah siji panemu, yèn tembung kawung iku asalé saka tembung Jawa suwung, kang ngemu teges kothong. [3]

Jinis[besut | besut sumber]

lumrahé Motif Kawung diwènèhi jeneng adhedhasar ukuran gedhé ciliké bunderan sing ana ing motif tartamtu lan/utawa campuran karo motif bathik liyané

Adhedhasar ukuran[besut | besut sumber]

Adhedhasar ukuran, pira-pira motif kawung dèn jenengi miturut jeneng koin kang ana ing jaman kolonial Walanda. [4] Urutan iki rada ora kena dèn percaya, amarga koin picis 10 sen dadi motif kawung sing paling cilik, kamangka bribil sing regane mung setengah sen dadi motif sing luwih gedhé. Sawenèh sumber ora sarujuk klawan nilai lan gedhé ciliké dhuit koin kang digunakaké kanggo mbagi gedhé ciliké motif bathik kawung. Sauntara kuwi, sumber liyané ngawedharaké yèn ta ora mung dibagi miturut ukurané, nanging uga desainé. [5]

Kawung Picis[besut | besut sumber]

Kawung Picis ya iku motif kawung kang dumadi saka bunder-bunderan cilik. Picis ya iku dhuwit 10-sen sing cilik. Sanajan ana sing ngarani asalé saka dhuwit receh kanthi rega 10-sen, ana uga sumber liyane kang ngandharaké yèn tembung picis iku ateges samubarang kang cilik. [6]

Kawung Bribil / Gidril[besut | besut sumber]

Kawung Bribil ya iku motif-motif kawung kasusun dening rupa kang luwih gedhé tinimbang kawung Picis. babagan Iki cocog karo jenengé bribil, dhuwit sing bentuké luwih gedhé tinimbang picis. Bribil tegesé setengah sèn ing kamus Jawa. [2] Sumber liya ngandharaké yèn motif bribil utawa gidril iku jeneng dhuwit sing digawé saka nekel, regane padha karo limang sen. [5] [7] Sumber liya ngandharaké menawa bribil iku regané 25 sèn. [8]

Kawung Sen[besut | besut sumber]

Kawung Sen ya iku kawung kang bentuké bunder-lonjong lan luwih gedhe tinimbang Kawung Bribil, jumbuh karo dhuwit receh (koin) ing jaman kolonial kang luwih gedhé tinimbang bribil. Senadyan ta sumber-sumber liya ngandharaké menawa Kawung Sen, Kawung Bribil lan Kawung Gidril iku klebu motif kawung kang padha, lan diarani terinspirasi saka koin sen, kamangka motif kawung Picis ora. [5] [9]

Kawung Kemplong[besut | besut sumber]

Kawung Kemplong ya iku jinisé Kawung kang nduwéni motif kang paling gedhé. [10]

Adhedhasar desain[besut | besut sumber]

Desain utama saka Bathik Kawung panggah ana, nanging merkolèh owah-owahan, lan ora olèh hiasan liyané kajaba Isen-Isen.

Kawung Beton[besut | besut sumber]

Bentuk saka motif bathik Kawung beton dihiasi mawa patang bunderan kanthi rong titik persagi. Antarané patang bunderan ana patang bagéan kang dèn watesi dening garis silang. [11] Beton saka motif Kawung beton kajupuk saka jenengé wiji nangka, woh nangka kang ana ing jero kulité kang kebak eri nduhaké menawa agawe kabecikan ora mesthi diketarakake marang liyan. [12]

Kawung Cacah Gori[besut | besut sumber]

Motif bathik Kawung kanthi isèn-isèn cacah gori.

Kawung Geger[besut | besut sumber]

Kawung Geger ya iku motif kawung kang gedhé-gedhé lan diisi motif kawung kang luwih cilik ing jerone. Bathik kanthi motif iki dianggep wingit utawa suci lan mung oléh dinggo raja karo sadulur cedhakè. Wewaton kasebut ana gandhèngé karo sejarah, yaiku prajanjèn Ponorogo ing taun 1813 kang mbagi Kasultanan ing Yogyakarta dadi Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat lan Kadipaten Pakualaman . [13]

Kawung Kopi / Sari[besut | besut sumber]

kabentuk saka ornamen utama kanthi bentuk bunderan lonjong, lan saben bagèan motif kawungé diwenehi bentuk garis kang mbagi dadi rong bagèan kaya wujudé woh kopi kang pecah. Satemah motif kawung iki asring uga diarani Kawung Kopi. Bentuk kang utama duweni patang bunderan lonjong dèn susun adhedhasar garis miring kang silang utawa garis diagonal miring, uga disusun kanthi bentuk garis lurus horizontal saha vertikal. Bentuk garis-garis kasebut katon kaya tandha ping ing bentuk visual motif kawung. Maneka warna ing motif kawung kopi ya iku putih utawa putih kuning minangka warna motif utama, abang sogan minangka warna kontur, lan warna ireng kanggo warna latar ing motif Kawung Sari. [14]

Kawung Sekar Ageng[besut | besut sumber]

Dumadi saka hiasan kang utama arupa patang bunderan lonjong kang wis diganti bentuké malih rada kothak (persagi). Ing saben ornamen kang utama kasebut ana telung garis (sawut) lan diwuwuhi telung titik (cecek). Bentuk kasebut ana ing motif bathik kerep diarani motif cecek sawut. Motif Kawung iki uga nduweni isèn motif kanthi wujud belah ketupat cilik minangka variasi. Kamangka komposisi warnané ya iku putih utawa putih kuning minangka warna hiasan utama, abang sogan kanggo warna kontur motif lan warna isen motif, saha ireng minangka warna latar (jaba) saka motif Kawung Sekar Ageng. [14]

Kawung Semar[besut | besut sumber]

Kasusun saka ornamèn utama kang bentuké arupa patang bunderan lonjong sing gedhe kaya ing beton Kawung, nanging ing jero ornamèn utama kasebut ana bentuk bunderan lonjong kanthi ukuran kang luwih cilik. Isen motif ing Kawung Semar kasusun saka bentuk cecek (titik-titik) ing bunderan ing jero bunderané motif Kawung. Ing tengah-tengah ornamèn utama ana isen motif arupa belah ketupat sing diisi karo cecek-cecek (titik-titik) lan sawenèh titik-titik kang nduweni bentuk larik-larik mbunder. [14]

Adhedhasar kombinasi[besut | besut sumber]

Desain utama Bathik Kawung tetep ana lan olèh hiasan liyané (liyané Isen-Isen) kang ketara banget.

Kawung Buntal[besut | besut sumber]

Kasusun saka ornamèn utama kang duweni bentuk campuran saka Kawung Picis ditambah gambar kembang. Gambar kembang sing ditemokake ing Kawung Buntal ya iku kembang kenikir, satemah campuran motif kasebut dadi titikan kang khas saka motif Kawung Buntal. Isen motif ing bathik Kawung Buntal kasusun saka bentuk bunder lonjong cilik sing dipérang dadi rong bagéan kang mapan ana ing ornamèn utamané, sarta bentuk belah ketupat cilik, sedhengan, lan rada gedhé, kasusun ing tengah ornamèn utama. Warna kanggo motif Kawung Buntal kasusun saka warna putih utawa putih kekuningan minangka warna kawung, abang sogan kanggo werna latar kain, saha ireng minangka warna kontur lan latar motif kembang kenikir. [14]

Kawung Kembang[besut | besut sumber]

Kasusun saka ornamèn utama kang bentuké arupa patang bunderan lonjong kang digawe madhani kaya bentuké kembang, mula motif iki diarani Kawung Kembang. ornamèn utama kasusun sakabunderan lonjong kanthi isen motif arupa garis ing saben pojok bunderan kawung. Ing tengah antarané bunderan kawung siji karo bunderan kawung liyane ana isen motif kanthi bentuk larikan titik kang mbunder, sarta mbentuk bunderan cilik lan papat titik ana ing jabané bunderan. Maneka warna ing motif Kawung Kembang ya iku putih utawa putih kuning minangka warna motif utama, abang sogan minangka warna kontur, lan ireng kanggo warna latar kain ing motif Kawung Kembang. [15] [14]

Kawung Seling[besut | besut sumber]

Kasusun saka ornamèn utama kang bentuké amèh padha karo Kawung Kembang, ya iku arupa patang bunderan lonjong kang diseseli karo bentuk kembang. Nanging ukuran sarta variasi kembangé ora padha lan digawe kanthi warna kang beda banget. Isen motif ing Kawung Seling kasusun saka isen titik kang dibentuk kaya garis (sawut), diselehake ing motif kembang. Dene ing motif utama diwenehi rong titik ing saben-saben bunderan (kawung). Maneka warna ing motif Kawung Seling ya iku putih minangka warna motif utama, ireng minangka warna gambar kembang lan kontur, lan abang sogan kanggo warna latar kain ing motif Kawung Seling. [14]

Desain[besut | besut sumber]

Inspirasi motif kawung asalé saka woh aren/kolang-kaling kang disigar loro.

Wujud kawung iki lumrahé dèn anggep kajupuk saka bentuk bunderan kaya déné woh kawung (bangsaning klapa utawa kadhang uga dianggep woh kolang-kaling) sing dipérang dadi loro tundhoné katon ana patang ledhokan ing saben pojokané.

Dianggo[besut | besut sumber]

Batik kawung iki lumrahé digunakaké ing kagiyatan-kagiyatan tartamtu.

Tegese[besut | besut sumber]

Motif kawung ateges kasampurnan, kamurnèn, lan kasucèn. Gandhèngé karo tembung suwung ya iku motif kawung minangka dadi simbol suwung ing hawa nepsu lan kapinginan kadonyan, satemah mujudake kendhali dhiri kang sampurna. Suwung kang ndadekaké wong netral, ora mbéla, ora seneng umuk, ngetutaké takdir ing urip, pasrah supaya kabeh sing ana ing saindhengé dhéwéké lumaku miturut karsaning alam. Semar, minangka manungsa titisaning dewa sing duwèni watek apik banget lan wicaksana, tansah nganggo bathik motif kawung iki. [10]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Senin, Tim KAMERABUDAYA com; Juni 2018, 04. "Batik Kawung - Asal-Usul, Sejarah, Filosofi, Makna, dan Penjelasannya". Kamera Budaya. Dijupuk 2018-12-06. 
  2. a b "SEAlang Library Javanese Lexicography". sealang.net. Dijupuk 2018-12-04T16:55:12Z.  Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  3. "Batik Kawung - Motif Untuk Yang Berhati Bersih". www.pemoeda.co.id. Dijupuk 2018-12-04T16:43:29Z.  Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  4. "BATIK KAWUNG - Jurnal Online". indonesia.peradaban.web.id. Dijupuk 2018-12-04T17:56:47Z.  Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  5. a b c indonesianbatik (2018-02-05). "Penggunaan Batik Indonesia Motif Kawung dalam Lingkup Keraton". Indonesian Batik (ing basa Inggris). Dijupuk 2018-12-04T17:46:42Z.  Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  6. Hargittai, I. (2016-02-25). Symmetry 2: Unifying Human Understanding (ing basa Inggris). Elsevier. ISBN 9781483299495. 
  7. Sp, Soedarso (1998). Seni Lukis Batik Indonesia: Batik Klasik Sampai Kontemporer (ing basa Indonesia). Taman Budaya Propinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. ISBN 9789799545404. 
  8. Umi, Latifah. "BATIK" (ing basa Inggris). 
  9. Sarwono. Motif Kawung sebagai Simbolisme Busana Para Abdi dalam Wayang Kulit Purwa Gaya Surakarta. HARMONIA: JURNAL PENGETAHUAN DAN PEMIKIRAN SENI. Vol. VI No. 2/Mei-Agustus 2005. [1]
  10. a b Ramadhan, Iwet (2013-05-31). Cerita Batik (ing basa Indonesia). Literati. ISBN 9786028740326. 
  11. Petrus Andre (2017-07-03). "Legenda Batik Kawung dan Jenis Motif Batik Kawung yang Mendunia". Petrus Andre (ing basa Inggris). Dijupuk 2018-12-06. 
  12. Batik Motif Kawung Beton. infobatik.id [2]
  13. Parmono, Kartini. Nilai Kearifan Lokal dalam Batik Tradisional Kawung. Jurnal Filsafat Vol. 23, Nomor 2, Agustus 2013. Hal. 143. [3]
  14. a b c d e f indonesianbatik (2018-02-05). "8 Motif Kawung Gaya Surakarta, Batik Indonesia dari Abad ke-9". Indonesian Batik (ing basa Inggris). Dijupuk 2018-12-06. 
  15. indonesianbatik (2018-02-05). "8 Motif Kawung Gaya Surakarta, Batik Indonesia dari Abad ke-9". Indonesian Batik (ing basa Inggris). Dijupuk 2018-12-06. 

[[Kategori:Bathik]]