Padusan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Nom-noman kang lagi padusan ing Mbangkong, Kalibening, Secang, Kabupaten Magelang

Tradhisi Padusan[besut | besut sumber]

Tradhisi Padusan utawa adus asalé saka Suku Jawa yaiku salah sawijining suku kang misuwur lan maju kang ana ing Nagari Indonesia, mula mesthi duwé budaya turun-tumurun sing adi-luhung yaiku kajaba wis umur atusan nanging isih tetep ana lan rèlevan marang jaman saiki. Kabudayan nuduhaké samubarang pangertèn kang wiyar lan pepak. Ing njeroné kaandhut kabéh kadadèyan kang dilakoni manungsa kanthi personal utawa koléktif. Kabudayan kang asil saka "budi" lan "daya" nè manungsa, bisa ngangkat derajaté manungsa minangka makhluk sing paling dhuwur derajaté yèn dibandhingké marang makhluk liyané sing ana ing donya. Kabudayan bakalé mènèhi tuladha tumindak individu-individu kanthi khas. Sadurungé agama-agama teka ing Jawa, masyarakat Jawa wis nduwèni kepercayaan yén Gusti Pangéran iku ana. Gusti Kang Akarya Jagad digambaraké “cedhak tanpa sénggolan, adoh tanpa wangenan” lan ngenani wujudé yaiku “ tan kena kinaya ngapa”, sing tegesé ora bisa dibayangké wujudé kaya apa. Kuwi mau ancas supaya manungsa tansah tambah imané lan ora lali marang kang wis nyiptakaké. Manungsa diciptakaké ing Donya supaya tansah nindakakaké tumindak kanthi becik lumantar akal. Akal mau bisa kanggo mbedakaké marang makhluk liya sing ana ing donya iki lan kanggo nyiptakaké kabudayan sing luhur supaya tansah éling marang Gusti.[1]

Asal-Usul[besut | besut sumber]

”Masyarakat adalah kesatuan hidup manusia yang berinteraksi menurut suatu sistem adat istiadat tertentu yang bersifat kontinu dan yang terikat oleh suatu rasa identitas bersama” (Koentjaraningrat, 2000:146). Indonesia nduwèni manéka warna kabudayan sing pepak, kang negara liya ora duwé. Kabudayan sing manéka warna mau kaya ta agama, sosial, budaya, tradhisi, lsp[1]. Salah sawijining lingkup budaya kang manéka warna yaiku minangka nyambut sasi pasa utawa ramadhan. Kaya sing ditindakaké ing masyarakat jawa kang isih nguri-uri tradhisi sing wis pirang-pirang abad suwéné ditindakaké nganti saiki. Tradhisi mau diarani "padusan", kang ditindakaké setaun pisan saben arep pasa. Istilah padusan saka tembung "adus" kang biasané ditindakaké sedina sadurunge pasa. Ancasé padusan yaiku ngresiki samubarang regetan sing ana ing awak lan ing sajroning manah, saéngga minangka lagi pasa ing kahanan resik jasmani lan rohaniné. Padusan bisa ditindakaké ana ing kali, kolam renang, utawa bisa ing kamar mandi, lan biasane ditindakaké massal. Déné sing utama minagka sasi ramadhan yaiku iman, ikhlas, lan temen anggoné njaga awak kang suci. Ana wong saka masyarakat ing tlatah jawa nduwéni panemu yén ra mathuk rasané miwiti sasi pasa tanpa padusan. Padusan wis dadi adat taunan sadurungé pasa, ora mung tumindak ing padinan. Ana uga sing nduwéni panemu yén nindakaké padusan iku wajib. Tradhisi kang dadi salah sawijining bentuk kabudayan bangsa sing isih dilestarikaké lan nduwèni surungan sing kuat, yaiku paninggalan budaya sing bisa mènèhi corak khas dening budaya bangsa. Kaya ta ritual padusan lan lakuné pasa sejatiné wis ana awit ajaran Islam durung melbu ing Jawa. Nalika zaman Majapahit, para ksatria, pujangga, brahmana, lan empu biasa nindakaké kanthi ancas ndadékaké awak sing suci. Saka fisik tradhisi padusan pancèn ora islami nanging tradhisi iki adhopsi peninggalan kabudayan Hindu & Buddha. Ananging merga jasané para Wali Sanga sing bisa ndadékaké adat jawa kanthi nafas Islam nyawiji. Ing désa, tradhisi adat jawa sing isih diuri-uri maknané simbolis marang para leluhur, sapada, utawa Sang Hyang Widi.[2]

Padusan ing Jaman Modern[besut | besut sumber]

Tradhisi padusan wis akèh diowahi utawa wis berkembang, mèlu kemajuan zaman. Adicara adus massal iki wis ganti, malèh dadi kagiyatan plesiran sing disenengi masyarakat. Apa manèh maknané padusan ing generasi mudha wis akèh sing gèsèr saka teges ngresiki awak supaya suci. Ananging padusan dadi lantaran kanggo rékréasi renang karo kanca nalika prèi sadurungé pasa.[2] Ana panggonan sing wis nyepakké hiburan nalika padusan kaya ta dangdutan, konser band, lsp. Satemené ora masalah yèn dianakké hiburan-hiburan kaya mau, ananging tetep kudu tansah éling minangka nindakaké padusan iku niyaté supaya resik ati lan jiwané kanggo nyambut sasi ramadhan ora amung seneng-seneng banjur malah lali marang èsènsi saka padusan. Padusan bisa uga nduwèni manfaat kanggo ndongkrak wisata lan kagiyatan ekonomi masyarakat sekitar supaya mèlu ngrembaka saka anané usaha warung mangan, oleh-oleh, lan sakpituruté.[3]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b Sulaksono, Djoko (2016). Seputar Budaya Jawa. Surakarta: Cakra Books. kc. 1–5. ISBN 978-979-3456-53-9.
  2. a b Widyastutik, Retno (2010). "Pandangan Masyarakat Mengenai Tradisi Padusan (Studi Kasus Masyarakat Sekitar Cokro, Tulung, Klaten Mengenai Tradisi Padusan)" (ing basa Indonesia). {{cite journal}}: Cite journal requires |journal= (pitulung)[pranala mati permanèn]
  3. Murdowo, Joko (2016-05-15). "Tradisi Padusan, Momentum Dongkrak Wisatawan". Suara Merdeka. Dibukak ing 2019-05-14.{{cite news}}: CS1 maint: url-status (link)