Pasa tumrap Budaya Jawa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Tapa

Pasa lan tapa ya iku rong babagan kang wigati tumrap paningkatan spiritual manungsa.[1] Ing kabèh ajaran agama lumrahé disebutaké babagan pasa iki kanti manéka warna vèrsi kang bèdha. Miturut sudut pandang spiritual metafisik, pasa duwé èfèk kang apik lan gedhé kanggoné raga lan pikiran. Pasa kanti cara supranatural ngubah sistem molekul raga lan eterik lan ngunggahaké vibarasi utawa getaran sahéngga marakaké awak luwih sènsitif tumrap ènèrgi supranatural sisan nyoba nangèkaké kemampuan indera keenam. Sajeroning peradapan utawa tradisi pendalaman spiritual mungguhé wong jawa utawa kejawèn. Tiang kejawèn nglakoni pasa kanti itungan dina tinamtu (lumrahé ana gayutané karo tanggalan jawa). Kabèh iku dilakokaké kanggo ngunggahaké kakuwatan lan kemampuan spiritual metafisik lan kanggo nguwataké gayutan dèwèké karo sadulur kembar goib kang lumrahé ingaran kanti jenegan Sedulur Papat Kalima Pancer.[1]

Werna-warna Pasa Miturut Kajawèn[besut | besut sumber]

Mutih[besut | besut sumber]

Sajeroning pasa mutih iki salah sijiné wong ora olèh mangan apa-apa kajaba amung mangan sega putih lan banyu putih baé. Sega putihé uga ora olèh ditambah apa-apa manèh (kaya ta gula utawa uyah). Dadi bener-bener amung sega lan banyu putih baé. Sadurungé nglakoni pasa mutih iki, lumrahé salah sijiné wong kang bakal nglakoni pasa mutih kudu adus kramas disik lan maca mantra iki: niyat ingsun mutih, mutihaken awak kang reged, putih kaya bocah mentas lair dipunijabahi gusti allah.[1]

Ngeruh[besut | besut sumber]

Anggoné nglakoni pasa iki wong kang nglakoni mung éntok mangan janganan utawa woh-wohan baé. Ora diéntuki mangan daging, iwak, endhog lan sapituruté.[1]

Ngebleng[besut | besut sumber]

Pasa ngebleng ya iku ngendeg kabèh kagiyatan normal kang dilakoni mbendinané. Wong kang nglakoni pasa ngebleng ora éntuk mangan, ngombé, lan metu saka omah utawa kamar utawa nglakoni gayutan saresmi. Wektu turu uga kudu dikurangi. Lumrahé wong kang nglakoni pasa ngebleng ora éntok mentu sak kamar nganti sadina muput (24 jam). Ing wektu mèh bengi ora éntuk ana lampu utawa cahya kang madangi kamar mau. Kamaré kudu peteng ndhedhet, olèh mentu kamar yèn arep ana keperluan ning kamar mandi baé.[1]

Pati Geni[besut | besut sumber]

Pasa pati geni mèh padha karo pasa ngebleng. Bédané ya iku ora éntuk mentu kamar kanti alesan apa baé, ora éntuk turu. Lumrahé pasa iki dilakoni sadina sewengi, ana uga kang nglakoni 3 dina nganti 7 dina. Yèn ana wong nglakoni pasa pati geni iki péngén bebucal mangka dilakoni an ing jero kamar. Ing ngisor iki mantrané pasa patigeni:niyat ingsun patigeni, amatèni hawa panas ing badan ingsun, amateni geniné napsu angkara murka krana Allah taala.[1]

Ngelowong[besut | besut sumber]

Pasa iki luwih gampang dibandéngaké pasa-pasa kang wis kapacak ana ing dhuwur. Yèn ana wong nglakoni pasa ngolong dipenging mangan lan ngombé ing wektu katentu. Amung di-olèhi turu 3 jam baé sajeroning sadina sewengi. Di-olèhaké mentu saka omah.[1]

Ngerowot[besut | besut sumber]

Pasa ngrowot ya iku pasa kang lengkap dilakoni saka wektu subuh nganti mahrib. Nalika sahur wong kang ngalakoni pasa ngrowot iki amung éntok mangan woh-wohan baé. Di-éntokaké mangan buah punjul siji nanging buah kang dipangan sajenis utawa padha, kaya ta gedang 3 baé. Sajeroning pasa iki di-éntokaké anggoné turu.[2]

Kungkum[besut | besut sumber]

Kungkum wujud tapa kang unik banget, akèh para pelaku spiritual ngrasa sawijining kang luar biyasa sajeroning nglakoni tapa iki. Tatacara Tapa Kungkum ya iku kaya mengkéné:

  1. Mlebu ing jero banyu tanpa nganggo klambi utawa kathok kanti sila ing jero banyu kang jeruné sak gulu.
  2. Lumrahé dilakokaké ing tengah kali loro (2) kang ketemu.
  3. Madep marang sewaliké saka iliné banyu.
  4. Milih panggonan kang apik, iliné banyu kang ora banter lan ora kokéan latri utawa reregatan.
  5. Kiwa tengen kudu sepi, usahaaké ora ana wong siji-sijia.
  6. Dilakoni wiwit jam 12 bengi lan dilakoni punjul 3 jam.
  7. Ora éntuk turu nalikané kungkum
  8. Ora ntok kakèan obah.
  9. Sadurungé nyemplung banyu supaya nglakoni ritual ngresiki awak disik.
  10. Nalika mlebu ing banyu maca mantra iki: Putih-putih mripatku Sayidina Kilir, Ireng-ireng mripatku Sunan Kali Jaga, Telenging mripatku Kanjeng Muhammad.
  11. Nalika mlebu banyu, mata ditutup lan tangan sedhakep.
  12. Ambegan diatur.
  13. Kungkum dilakoni lumrahé 7 bengi.[2]

Ngluwang[besut | besut sumber]

Tapa ngluwang ya iku tapa paling medèni kanggoné wong-wong awam lan mbutuhaké kekendelan kang gedhé. Tapa Ngluwang ingaran minangka cara kanggo mikolèh carané ndeleng brang ghoib utawa alamé lelembut. Tapa Ngluwang ya iku tapa kanti dikubur ing salah sijiné kuburan utawa panggonan kang sepi banget. Sawisé rampung nglakoni tapa iki, lumrahé mentu saka kubur mangka bakal weruh barang-barang ghoib utawa memedi lan jin. Sadurungé mlebu kubur disaranaké maca mantra iki: Niat ingsun Ngelowong, anutupi badan kang bolong siro mara siro mati, kang ganggu marang jiwa insun, lebur kaya déné banyu krana Allah Ta’ala.[2]

Sajeroning nglakoni pasa-pasa ing dhuwur, Kanggoné wong kang lagi mèh nglakoni pancèn abot rasané yèn durung kulina. Mangka saka iku kudu dibekali déning ngèlmu lambung Karang. Ilmu iki gunané kanggo nahan rasa ngeléh lan ngelak. Ateges ngèlmu iki bisa mbantu kanggoné wong-wong kang isih mamang sajeroning nglakoni pasa-pasa ing dhuwur. Saliyané gampang disinaoni sebeneré ngèlmu Lambung Karang iki béda karo-ngèlmu-ngèlmu liyané kang kudu ditebus utawa dimahari kanti pasa.[2]

Saraté Nglakoni Ilmu Lambung Karang[besut | besut sumber]

  • Adus kramas utawa jinabat kanggo ngresiki awak saka rergetan
  • jaga hawa napsu
  • Maca mantra Lambung Karang iki ambal kaping 7 sawisé solat wajib 5 wektu, ya iku[2]:

Bismillahirrahamanirrahim

Cempla cempli gédhéné

Wetengku saciplukan bajang

Gorokanku sak dami aking

Kapan ingsun nuruti budiné

Aluamah kudu amangan wareg

Ngungakna mekkah madinah

Wareg tanpa mangan

Kapan ingsun nuruti budiné

Aluamah kudu angombé

Ngungakna segara kidul

Wareg tanpa angombé

Laailahaillallah Muhammad Rasulullah.[2]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g [1] puasa-ala-kejawen, (Kaunduh 24/10/12).
  2. a b c d e f [2], (Kaunduh 24/10/12).

Pranala njaba[besut | besut sumber]

[3] [4]