Paès Yogya Putri

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Paès Jogja Putri inggih punika salah satunggaling busana pinangantèn ingkang dipunagem déning masarakat wiyar (mliginipun Ngayogyakarta) nalika upacara panggih dumugi pahargyan resèpsi. Wondènè busana kaliyan sadaya tata rias-ipun kaandhar ing ngandhap punika.

Tata Rias Pinangantèn Kakung[besut | besut sumber]

Tatanan rikma pinangantèn kakung namung prasaja. Rikma dipunjamas, dipungaringaken, lajeng dipunrapikaken. Pinangantèn kakung ngagem kuluk kanigaran. Sadèrengipun dipun-agem, kuluk kanigaran punika sampun dipunjangkepi kaliyan ukel tekuk alit, pethat alit, sarta satunggal mentul alit ingkang dipunpasang ing wingking.

Kajawi punika, pinangantèn kakung ugi ngagem aksesoris ingkang kawastanan sumping ing sanginggiling talingan. Pinangantèn kakung ngagem kain pradan, wondènè motifipun saged: sida mukti, sida luhur, nitik simbar lintang, parang kusuma, semèn rama, ganda suli utawi semèn raja. Wiyaring wiru antawis 3–4 cm. Rasukanipun ngagem rasukan sikepan bordiran, warninipun saged: abrit, ijem utawi biru. Lonthong, kamus, lerep, kaliyan selop ugi njangkepi busananing pinangantèn kakung. Aksesorising busana ingkang dipun-agem déning pinangantèn kakung inggih punika: karsèt (wujudipun kados kalung warninipun emas), bros, ali-ali saha dhuwung branggah ingkang sampun dipunjangkepi reroncéning sekar sritaman.

Tata Rias Pinangantèn Putri[besut | besut sumber]

Rikmanipun pinanganten putri ingkang sapisan dipunpethati tumuju wingking saéngga katingal rapi, lajeng ndamel sunggar. Sunggar inggih punika wujuding rikma ing sanginggiling talingan kiwa kaliyan tengen. Salajengipun mendhet lungsèn ingkang awujud rikma, wiyaripun sajempol ingkang dipunpendhet saking uyeng-uyeng sawingkinging panunggul.

Lajeng masang cemara utawi rikma palsu. Sasampunipun cemara kapasang, lajeng damel ukel tekuk. Ing sisih kiwa kaliyan tengenipun sanggul dipunpasangi roncèn usus-usus (usus-usus duk), salajengipun dipunpasang harnal supados kiyat. Wondènè ing sisih sanginggiling sanggul dipunpasangi pethat gunungan ingkang kapasang majeng wingking saha jejeg kaliyan sanggulipun. Ing sangandhaping lungsèn satengahing sanggul dipunpasang ceplok ingkang wujud sekar mawar abrit. Ing sakiwa-tengening sanggul dipunpasang jébéhan ingkang dipunpasang selaras kaliyan wujuding sanggul. Warnaning jébéhan dipunjumbuhaken kaliyan busananipun pinangantèn, boten kedah sami kaliyan warnanipun busana, saged mawi warna menapa kemawon kejawi warna ijem kaliyan pethak. Sasanesipun punika, sanggul ugi dipunrengga ngginakaken pelik. Pelik inggih punika rerenggan kertas ingkang wujudipun lintang sekawan kelopak, cacahipun pelik antawisipun 9 dumugi 11 iji. Ing pungkasan, sanggul dipunpasangi menthul ageng cacahipun namung satunggal, dipunpasang majeng wingking jejeg ing antawisipun pethat gunungan kaliyan mustaka.

Boten kados pinangantèn kakung, tata rias pasuryan pinangantèn putri langkung njlimet, langkung awrat malih. Caranipun ingkang sapisan, pasuryanipun pinangantèn putri dipunresiki ngginakaken pembersih, lajeng dipunwedhaki. Alisipun dipundamel selaras kaliyan wujuding pasuryan. Lajeng pipinipun dipunsukani warna abrit sakedhik, makaten ugi lathinipun. Sasampunipun punika, ndamel cengkoronganing paès kados gambar punika. Cengkorongan paès wonten panunggul, panitis, pangapit, saha godhég. Sedaya punika dipunpolés ngginakaken pidhih kanthi rata, inggih punika ngginakaken welat saking ngandhap pinuju nginggil.

Pinangantèn putri ngagem kain prada kados déné pinangantèn kakung, wondènè motifipun saged: sida mukti, sida luhur, nitik simbar lintang, parang kusuma, semèn rama, ganda suli utawi semèn raja. Wiyaring wiru antawisipun 2-2,5 cm. Rasukanipun ngagem kebaya beludru ingkang warninipun sami kaliyan rasukanipun pinangantèn kakung. Pinangantèn putri ugi ngagem selop bordiran. Wondènè aksesoris ingkang dipun-agem déning pinangantèn putri inggih punika: kalung, bros, subang, gelang saha ali-ali.