Otto van Guericke

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Jujug: pandhu arah, pados
Otto van Guericke

Otto van Guericke ya iku penemu pompa banyu.[1] Dheweke lair ing Magdeburg, Jerman, tanggal 30 Mei 1602.[1] Kulawargane kagolong bangsawan.[1] Nalika isih cilik, dheweke duwéni kasenengan ngemati lintang.[1] Dheweke kerep ngemati lintang kanthi nggunakake teleskop.[1] Kesenengan iki kang ndadekake dheweke nyinaoni komet.[1] Ing taun 1664, kanthi temenen, dheweke nganakake panaliten ngenani komet.[1] Asile, dheweke bisa ngramal manawa komet bisa teka ing bumi sacara berkala, adhedhasar interval wektu.[1] Guericke ya iku sawajining penuntut elmu sejati.[1] Sawise ngrampungake sekolah dasar lan menengah, dheweke nerusake sekolah ing Universitas Lepzig, Jerman banjur dheweke jupuk Jurusan Hukum ing Universitas Jena ing taun 11621.[1] Rong taun candhake, dheweke sekolah ana ing Universitas Leiden, Walanda, lan jupuk jurusan Matematika lan Mekanika.[1] Sawise lulus, dheweke lunga menyang Prancis lan Inggris.[1] Nalika bali, dheweke langsung entuk gawéyan minangka insinyur ing Erfurt, Jerman.[1]

Taun 1627 dheweke bali ing Magneburg, lan nyambut gawé ing bidhang pulitik.[2] 19 taun candhake, dheweke kapilih dadi Wali Kota Magdeburg, lan njabat suwene 5 taun.[2] Panemon pompa banyu kawiwitan saka ora percayaning Guerick marang pendapate Aristoteles kang kandha manawa ora ana ruwang kosong ing donya iki.[2] Dheweke banjur nganakake percobaan ya iku dheweke nyawijeake rong lempeng tembaga dadi bal, banjur udharane dipompa metu.[2] Dadi tabung tembaga mau ora ana udharane.[2] Banjur saka sisi kang kwalikan ditarik déning jaran papat.[2] Nanging, jaran-jaran mau ora bisa misahake lempeng tembaga mau.[2] Nalika udhara dilebokake ing tabung, lempeng tembaga mau bisa pedhot.[2] Percobaan mau dibaleni manèh ing Berlin kanthi nggunakake jaran cacah 24.[2] Nanging asile tetep padha, jaran mau ora bia narik lempeng tembaga.[2] Saka perobaan mau, Guerick mbuktekake ngenani teori kekuwatan tekanan udhara.[2] Prinsip iki kang ndasari kerjane pompa banyu.[2]

Cathetan suku[sunting | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m (id) [Muchlisin Asti, Badiatul, dkk. 2009.105 Tokoh dan Perintis Dunia.Yogyakarta:Narasi Hal. 210]
  2. ^ a b c d e f g h i j k l (id) [Muchlisin Asti, Badiatul, dkk. 2009.105 Tokoh dan Perintis Dunia.Yogyakarta:Narasi Hal. 211]