Menyang kontèn

Michelangelo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Michaelangelo)
Michelangelo
Potrèt Michelangelo karya Jacopino del Conte (sasampunipun taun 1535) nalika yuswa of 60
Laircaket Arezzo, Caprese, Toscana
BangsaItali
WiyataMagang kanggé Domenico Ghirlandaio [1]
Kondhang ingpatung, lukisan, arsitèktur, lan puisi
Karya kondhangDavid, The Creation of Adam, Pietà
ObahanHigh Renaissance

Michaelangelo Buonarroti utawa jeneng pepaké ing basa Italia Michelangelo di Lodovico Buonarroti Simoni (ing basa Spanyol diarani Miguel Ángel; ing basa Prancis diarani Michel-Ange, kang kurang luwih ateges Malaékat Mikail) (6 Maret, 1475 - 18 Fèbruari, 1564) iku sawijining pelukis, pamahat, pujangga, lan arsitèk jaman Renaissance.

Panjenengané misuwur ing sumbangan studi anatomi ing Seni Rupa. Karyané kang dianggep paling apik ya iku Patung David, Pietà, lan Fresko ing langit-langit Sistine's Chapel.

Riwayat urip

[besut | besut sumber]

Lair caket Arezzo, ing Caprese, Toscana, Italia taun 1475. Ramané Lodovico di Leonardo di Buonarotti di Simoni iku sawijining pegawé hukum ing Caprese. Ibuné Francesca di Neri del Miniato di Siena. Kulawargané duwé status kabangsawanan asor.

Prabawa kulawarga Medici wiwit pasinaon

[besut | besut sumber]

Ramané péngin supaya Michaelangelo konséntrasi marang profèsi kang dianggep luwih mapan, nanging Michaelangelo seneng seni rupa. Piyambaké banjur dibina déning Domenico Ghirlandaio (nanging kanthi sawijining sebab Michaelangelo nolak prakara iki) lan Bertoldo di Giovanni. Ghirlandaio banjur ngrékomendhasiaké marang Lorenzo de Medici. piyambaké banjur gawé sapérangan karya kang cukup ngéramaké (kanggo umuré kang isih welasan taun), nanging durung bisa gawé jenengé dadi luwih misuwur, ing antarané:

  • Madonna de la Salsa (1490-1492)
  • Battle of the Centaurs (1491-1492)

Ciri perfèksionisme Michaelangelo wiwit tuwuh kawit kritik-kritik kang dillontaraké Lorenzo de Medici.

Révolusi Savonarola

[besut | besut sumber]

Sawisé Lorenzo de Medici séda, panggantiné, Piero de Medici dudu wong kang disenengi déning Michaelangelo. Panjenengané banjur metu saka binaan kulawarga Medici lan nerusaké karya-karyané dhéwé. Kapamimpinané Piero de Medici kang lemah marakaké kutha Firenze dikepung pihak Republikan, lan kulawarga Medici kausir saka kutha Firenze.

Ing wektu iki, Michaelangelo nggawé sapérangan karya, antarané:

  • Wooden crucifix (1493) kanggo gréja Santa Maria del Santo Spirito
  • Patung studi Hercules saka marmer

Runtuhé kakuwasaan kulawarga Medici mènèhi celah marang ajaran pandhita Savonarola kang nentang baliné unsur seni klasikisme nuju njeron Gréja. Seni Klasik dianggep ngandhut akèh dhémoralisme, ing antarané akèhé unsur érotisme lan gayisme (kabeneran modhèl-modhèl karya seni kang akèh ana ing gréja iku lanang).

Perkara iki marakaké Michaelangelo ngupaya metu saka prabawa Firenze, lan ngupaya nerusaké profesiné ing Venice, banjur Bologna. Nanging ing rong kutha iki, ora ana siji waé kang ngenal misuwuré jeneng Michaelangelo.

Panjenengané banjur mèlu tumindak apus goroh patung "The Lost Cupid" kang banjur dituku déning pihak Gréja. Sanajan banjur konangan, pangudiné iki olèh aprésiasi saka Kardinal Raffaele Riario. Michaelangelo banjur olèh kapercayan kanggo gawé patung Bacchus. Nanging patung iki banjur diakoni Michaelangelo minangka pesenan Jacopo Galli.

Bali menyang Firenze

[besut | besut sumber]
Patung Pietà
Patung David

Ing wulan November 1497, duta besar Prancis njaluk marang Michaelangelo supaya gawé Pietà, patung Ibu Maria kang nangisi patiné Yesus. Karya iki dadi pelopor jeneng pamatung ditulis langsung ing karya kang digawé.

Saiki, karya-karya Michaelangelo wiwit olèh aprésiasi kang becik. Lan ing taun 1504, piyambaké wiwit ngerjakké karyané kang paling misuwur, David kang banjur dipajang ing Piazza della Signoria. Karya iki dimaksudaké minangka simbol kakuwatan Républik marang ancaman saka faksi-faksi kang tetentangan ing tlatah Romawi. Karya iki uga dadi wiwitan pasulayané marang Leonardo da Vinci kang nyaranaké supaya karya mau ing papan kang ora nyolok banget.

Ing sangisoré prabawa Papacy

[besut | besut sumber]

Minangka pangakuan marang kaahlianné, Michaelangelo didhawuhi nuju Roma ing taun 1503 kanggo ngrampungaké pasaréan Paus sadurungé. Nanging proyék iki ora rampung amarga panjenengané ditugasaké gawé Fresko ing témbok Sistine's Chapel.

Perkara iki dadi tantangan gedhé kanggo Michaelangelo, amarga sanajan naté nyinaoni panggawéan Fresko ing mangsa Domenico Ghirlandaio, nanging kanthi kaahlian panjenengané babar pisan dudu pelukis.

Fresko iki digawé ing période 1508-1512 kanthi siji pérangan pungkasan ing pojok kapél kang durung dirampungaké nganti mangsa Paus Paul III diwiwiti.

Kakuwasaan Papacy ing Firenze

[besut | besut sumber]

Ing taun 1513, prabawa Papacy ing Firenze mundhak kanthi munggahé salah siji anggota kulawarga Medici, Paus Leo X. Panjenengané ditugasaké kanggo ngerjakaké Facade Basilicia of San Lorenzo kanthi opah kang banget nengsemaké. Nanging kauangan kulawarga Medici kang ambruk banjur marakaké karya iki kaya setengah dadi. Salah siji pérangan kang misuwur saka karya iki ya iku patung Moses.

Prabawa Papacy pungkasané runtuh ing taun 1527 lan kulawarga Medici bangkrut, banjur samburiné bali menyang kakuwasaan Républik. Michaelangelo banjur mèlu ing pangrancangan pangreksan kutha Florence saka kepungan kanthi gawé dhesain bènténg.

Nanging upaya iki marakaké dhèknèné dianggep pengkhianat kulawarga Medici saéngga ing taun 1530, panjenengané ninggal Florence sawisé kakuwasaan Medici bali.

Pungkasaning riwayat urip

[besut | besut sumber]

Michaelangelo olèh kapercayan manèh kanggo ngrampungaké pérangan pungkasan saka Fresko Sistine's Chapel, ya iku Last Judgement. Karya iki banjur nimbulaké kontrovèrsi amarga pangèksposan kawudonan.

Karya iki didandani déning asistènné Daniele da Volterra kanthi nambah lukisan kain panutup ing pérangan kang dianggep wigati.

Michaelangelo séda tanggal 18 Fèbruari 1564 ing yuswa 88 taun. Panjenengané naté gawé parodi Pietà, kanthi ngganti Ibu Maria kanthi sosok kang dikira iku dhèknèné dhéwé.

Kapribadèn

[besut | besut sumber]

Asringé karya Michaelangelo nampilaké objèk nudity awaké wong lanang marakaké panjenengané dikira ngalami kalainan homoseksualitas. Saliyané iku, ing mangsa Medici homoseksualitas pancén dadi budaya kang lazim dadi sanajan tetep dianggep amoral. Panjenengané uga naté kalibat percintaan marang salah sawijining bangsawan lanang.

Nanging tetep ana cathetan ngenani kacaketané kaliyan Vittoria Colonna, salah siji modhèl pasinaoné. Nanging sesambungan iki dinilai mung sawates kanca cerak amarga Vittoria Colonna iku salah siji saka sithik wanita ing mangsa Renaissance kang duwé wawasan dhuwur ing babagan sains.

Sifat perfèksionis katon ing akèh karya Michaelangelo, salah sawijiné patung Faun kang dikritik déning Lorenzo de Medici. Michaelangelo lila ngremuk untu-untu Faun mau kanggo nuruti pepénginan Lorenzo de Medici kanggo gawé patung iku supaya katon tuwa.

Salah siji kasalahan cilik kang naté dilakokaké sawisé iku ya iku Patung Bacchus. Patung iki dirancang kanthi ora nggatèkaké anané kamungelan cacat ing bahan baku. Akibaté, rai utawa pasuryan patung iki katon retak lan katon ireng.

Kasalahan iki dibayar Michaelangelo nalika panggawéan David. Kabèh pérangan paling cilik saka marmer kang dicepakaké ing panggawéan patung iki dipétung satliti-tlitiné. Perkara iki marakaké karyané diurmati amarga katlitèné kang mangkono iku angèl disaingi déning pamatung liya.

Nanging pribadi Michaelangelo ora sasuci karyané kang akèh dipajang ing altar gréja. Saliyané isu homoseksualitas, tumindaké mbongkar awak mayit marakaké panjenengané kudu ngadhepi akèh pamriksan. Karya-karyané uga akèh kang kapiran mung amarga masalah dhuwit. Lan saiki, autobiografiné dikira akèh dimanipulasi kanggo ngangkat jenengé dhéwé. Panjenengané uga kalibat rivalitas ora séhat karo Leonardo da Vinci.

Sumbangan marang Rénaisans

[besut | besut sumber]
The Last Judgment karya Michelangelo

Karya Michaelangelo mbukak mripat seniman ing jaman iki ngenani wigatiné studi kang becik bab anatomi. Ing wektu iku diwiwiti panlitèn langsung organ awak lan piranti obah saka mayit.

Karya-karyané akèh dadi inspirasi karya seni ing mangsa Renaisans. Saliyané iku karya arsiterturé bisa didelok ing akèh yasan ing Firenze.

Karya-Karyané ya iku:

  • Madonna and Child with the Infant St. John (Taddei Tondo)
  • Il Putto Dormiente
  • Madonna de La Scalsa
  • Battle of Centaurs
  • Wooden crucifix
  • Bacchus
  • Pietà
  • Patung Studi Hercules
  • Fresko ing Langit-Langit Sistine Chapel
  • Patung studi saka sapérangan budak
  • Fresko Last Judgement ing témbok altar Sistine Chapel.
  • Moses
  • Arsitektur Basilicia of San Lorenzo
  • Patung-patung ing pasaréan Basilicia of San Lorenzo
  • Arsitektur Palazzo Farnese
  • Dhesain arsitèktur Basilica St Peter

Pirsanana uga

[besut | besut sumber]

Réferènsi

[besut | besut sumber]
  1. "Web Gallery of Art, image collection, virtual muséum, searchable database of European fine arts (1100–1850)". www.wga.hu. Dibukak ing 13 June 2008.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]