Mesin uwab

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Diagram kas mesin uwab silinder siji

Mesin uwab utawa mesin setum iku mesin kang migunakaké tenaga panas saka uwab banyu panas (keluk utawa kukus) kang diowahi dadi ènergi mékanis. Mesin uwab dipigunakaké sajeroning pompa, lokomotif lan kapal. Mesin uwab iki, mligi modèlé James Watt, dadi salah siji piranti kang wigati kang miwiti Révolusi Industri.[1][2]

Jeneng mesin uwab[besut | besut sumber]

Mesin uwab dijupuk saka basa Indonésia mesin uap. Nanging ing basa Jawa dhéwé diarani mesin thok utawa mesin setum.

Cara lakuné mesin uwab[besut | besut sumber]

Diagram mesin uwab

Mesin uwab iku dilakokaké sarana kekuwatan melaré kukus kang panas banget.[3] Pinangkané kukus iku saka ing wadhah wesi (ketel) kang sapérangané isi banyu.[3] Dadi panggonan ing dhuwuré banyu isi kukus banyu kang panasé upama nganti 150o C., kakuwatan melaré 5 bar.[3]

Gambar cedhak iki ya iku gambaré mesin uwab, bumbungan Z kang mawa klep n nggandhèng kètèl karo silinder A.[3] Lumebuné kukus menyang cilinder gèk ana ing ngisoré, gèk ana ing ndhuwuré lantakan C giliran, ndadèkaké munggah mudhuné lantakan mau.[4] Bisané mangkono iku jalaran tutup léra-léré X kang ana ing kothakan kukus K tansah mlaku léra-léré nutupi dalan kukus d lan e gentènan.[4]

Yèn rodha XX diubengaké, tutup léra-léré munggah nutupi e, temahan kukus lumebu menyang ing silinder metu d anjog ing sangisoring lantakan.[4] Godhagan ing sadhuwuré lantakan gandhèngé karo hawa ing njaba sarana dalan kukus e, godhagan g sarta urung-urung r. Jalaran saka iku lantakan ketetel déning kakuwatan 1 bar.[4] Nanging sarèhning kekuwatané kukus andedel mandhuwur ana 5 bar, dadi lantakan mau kadedel mandhuwur déning kekuwatan 4 bar (413,2 kg saben dM2).[4] Nalika lantakan mandhuwur, tutup léra-léré mudhun, e menga, dadi sambung karo kothakan kukus, sarta godhagan ing sangisoring lantakan gandhèng karo g.[4] Jalaran saka iku lantakan mudhun manèh, sabanjuré kukus kang ana ing kono metu liwat d, g sarta r ).[4] Nanging sarèhning nalikané lantakan iku mudhun, tutup léra-léré munggah manèh, mulané lantakan iya banjur kadedel munggah manèh. Mangkono saterusé genti-gentèn, ora lèrèn-lèrèn.[5]

Garaning lantakan (Z) gandhèngé karo garan P mawa- athik-athikan, mangkono uga gandhèngé P karo Q.[5] Jalaran saka iku yèn lantakan munggah mudhun, Q mubeng, mangkono uga incer (ngas) y kang gandhèng karo Q mau. Iya ubenging ince iki kang digawé nglakokaé piranti liya-liyané.[5]

Yèn lantakan C iku ana ing sadhuwur-duwuré, utawa ana ing saèndhèk-èndhèké, Z, P lan Q banjur jejeg dadi sagaris; lantakan banjur mandheg jègrèg, ora bisa mudhun utawa munggah, sarta dalan kukus d lan e karo-karoné kekutupan tutup léra-léré.[5] Kanggo nyingkiri menyang kadadéan mangkéné iki, banjur ana réka masang rodha gedhé J ana ing incer IY kang diarani rodha panerus.[5] Yèn mesin wus dilakokaké, ubenging rodha iku mitulungi ubenging incer IY, ndadèkaké obahé tutup léra-léré, sarta lantakan C; temahan kukus bisa lumebu menyang ing sangisoré lan ing sadhuwuré lantakan.[5] Dadi rodha panerus iku gawéné dianggo njaga supaya lakuné mesin bisa terus ora grag-greg.[5]

Munggah mudhuné tutup léra-léré iku diatur déning wesi bunder gèpèng r kang diarani èksèntrik lan kang dunungé ana ing incer.[5] Nanging sarèhning ing puseré excentrik iku ora nunggal karo puseré incer, dadi ubengé banjur jumbal-jumbul sarta gelangan wengkuné èksèntrik iya munggah mudhun.[5] Mangkono manèh sarèhning gelangan iku gandhèng karo s s, lan s s karo t, sarta t gandhèng karo tutup léra-léré, dadi tutup léra-léré iya banjur milu munggah mudhun.[5] A iku incer, B èksèntrik lan C gelangan wengkuné èksèntrik.[5] Ing gambar no. 1 dunungé èksèntrik lan garan s ing sadhuwur-dhuwuré, ing gambar no. 3 ing saèndhèk-èndhèké.[5]

Klèp
Klèp n mesin uwab

Klèp n iku kanggo njaga kukus kang menyang kothakan kukus lan silinder.[6] Klèp n gandhèngé karo regulator utawa pangurus V déning kawat b.[6] Jalaran saka pitulungané rodha cilik loro (3 lan 4) kang nganggo unton-unton, pangurus iku milu mubeng, angger inceré mubeng.[6] Sangsaya sesret ubenging incer, ubenging pangurus sangsaya nggranjret.[6]

Nanging yèn ubenging pangurus iku kesesreten, gagang kang ana bolahé wesi megar, temahan h ketarik mandhuwur, sarta kawat b kedudut mandhuwur, ndadèkaké rada tumutupé klèp n[6]. Jalaran saka iku kukus kang menyang ing kothakan kukus lan kang sabanjuré lumebu menyang ing cilinder ora pati akèh, ndadèkaké rada aloning lakuning mesin[6]. Yèn kadadéan mangkéné, bolahé pangurus mudhun, klèp n dadi menga amba, lakuné mesin dadi mundhak rikat.[6]

Turbine[besut | besut sumber]

Turbine

Ana manèh piranti kang dilakokaké sarana kekuwatané kukus arané turbine.[6]

Turbine iku wujudé saèmper rodha, pinggiré pating clengkuwek kekothakan.[6] Pinggir kang akekothakan iku disentor déning kukus kang mrononé metu ing bumbungan sawatara kèhé, kang sumèlèhé miring.[6] Sarèhning kekuwatan melaré kukus kang mrono mau rosa banget, ubenging rodhané iya sesret banget.[6]

Rodha iki mawa incer dawa kang puseré nunggal karo rodha mau.[6] Dadi yèn rodhané mubeng, inceré iya milu mubeng.[6] Iya ubenging incer iki kang digawé nglakokaké piranti liyané.[6]

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. ^ http://kids.britannica.com/comptons/article-202608/Industrial-Revolution
  2. ^ http://inventors.about.com/library/inventors/blsteamengine.htm
  3. ^ a b c d Slijpers lan Samsoedin (1925:110)
  4. ^ a b c d e f g Slijpers lan Samsoedin (1925:111)
  5. ^ a b c d e f g h i j k l Slijpers lan Samsoedin (1925:112)
  6. ^ a b c d e f g h i j k l m n Slijpers lan Samsoedin (1925:113)

Pratélan pustaka[besut | besut sumber]

  • Chr. F. W. Slijper lan M. Samsoedin, 1925, Ngèlmoe Alam, Groningen - Den Haag - Weltevreden: Wolters.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]