Masjid Syuhada Kotabaru

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Masjid Syuhada' ya iku salah sawijining masjid kang ana ing kutha Ngayogyakarta lan dadi masjid paninggalan sajarah. Masjid Syuhada' mapan ana ing Dalan I Dewa Nyoman Oka 2 Kotabaru, Kutha Ngayogyakarta. Masjid rampung dibangun tanggal 20 Sèptèmber 1952. Masjid Syuhada' uga kalebu salah sawijining monumèn kang nyimpen sajarah kang dianakaké kanggo ngélingaké masarakat babagan prastawa sajarah. Masjid Syuhada' iki dibangun amarga nalika pamaréntahan Indonésia dipindah ana ing Ngayogyakarta, akèh pitakonan kang ana ing masarakat babagan paninggalan sajarah apa kang bisa diéling-éling déning masarakat kutha Ngayogyakarta nalika dadi ibu kota perjuangan. Paninggalan sajarah kuwi ora awujud patung utawa tugu, nanging awujud wangunan masjid. Saka kana mau, lair Masjid Syuhada'. Masjid Syuhada' dibangun amarga ana alesan politis. Pamaréntah Indonésia duwé kapénginan supaya warga Ngayogyakarta duwé paninggalan kang bisa diéling-éling amarga wis ngéwangi pamaréntah Indonésia nalika ibukota Indonésia dipindah ana ing Ngayogyakarta. Nalika dibangun, Masjid Syuhada' iki ana campur tangan saka para tokoh gedhé, kayata Prèsidhèn Indonésia kaping pisan ya iku Soekarno. Masjid Syuhada'mulai dibangun ing tanggal 11 Dzulhijjah 1369 utawa 23 Sèptèmber 1950. Ing kana uga ana Sri Sultan Hamengkubuwana IX kang nglakokaké sesorah pembangunan masjid amarga Prèsidhèn Soekarno ora bisa teka ing acara pembangunan Masjid Syuhada'. Sasuwéné masjid dibangun, Soekarno uga nyumbang kubah masjid kang katon apik ing ndhuwur masjid.[1] Saliyané bisa kanggo acara kaagamaan, Masjid Syuhada uga duwé lembaga pendhidhikan saka TK, SD, SMP, lan Sekolah Tinggi.[2]

Sajarah[besut | besut sumber]

Jeneng Syuhada tegesé wong-wong kang mati syahid utawa wong kang mati ing dalané Gusti Allah. Jeneng dawa saka masjid iki ya iku Masjid Peringatan Syuhada, nanging para warga kutha Ngayogyakarta ngarani jeneng masjid iki Masjid Syuhada supaya ora kedawan anggoné nyebut jenengé. Pambentukan panitia kanggo ngadegaké masjid iki wis diwiwiti tanggal 14 Oktober 1949 lan diresmikaké ing tanggal 20 Sèptèmber 1952. Masjid iki dibangun suwéné rong taun kawit kapisan watu kanggo ngadegaké masjid iki didèlèhaké.[3] Masjid Syuhada' dibangun ana ing nduwur lemah saka Sri Sultan Hamengkubuwana IX kang ana ing wétan Kali Codé lan ana ing antarané Kreteg Gondolayu lan Kreteg Kridonggo utawa Kreteg Kèwèk. Masjid Syuhada' nduwèni latar mburi kang historis-politis. Masjid Syuhada' dibangun amarga ana kapénginan saka para pejuang supaya masarakat bisa éling karo para pejuang kamardhikan. Saliyané kuwi, para pejuang uga duwé kapinginan supaya masarakat bisa duwé semangat perjuangan. Amarga kuwi, para pejuang gawé wangunan supaya bisa dadi tandha bukti perjuangan para pejuang kamardhikan nagara Indonésia. Saliyané kuwi, ana alesan liya masjid iki diadegaké.

Masjid Syuhada' diadegaké supaya para warga duwé panggon kanggo dedonga marang Gusti. Masjid Syuhada' iki dibangun ana ing dhaérah Kotabaru kang kondhang dadi dhaérah élit ing kutha Ngayogyakarta. Ing jaman dibanguné Masjid Syuhada', Kotabaru ya iku dhaérah kang akèh wong-wong kulit putih, wong Tionghoa kang pendhidhikané dhuwur ing Kulon lan wong-wong kang ana ing kelas dhuwur ing jaman semana. Nanging, nalika Walanda kalah marang Jepang, wong-wong Tionghoa kang ana ing dhaérah Kotabaru padha pindah lan omah-omah kang wis kosong dileboni déning wong-wong Jepang lan ana uga wong-wong pribumi kang agamané Islam ing kana. Amarga akèh wong-wong Indonésia kang muslim ing kana, wong-wong padha butuh panggon kang bisa kanggo dedonga umat muslim, ya iku masjid. Kabutuhan kuwi mau saya gedhé nalika pamaréntahan Indonésia dipindah ana ing kutha Ngayogyakarta. Nalika jaman semana, para tentara lan para wong enom kang mapan ana ing Kotabaru perlu papan kanggo salat Jemuwah. Amarga durung ana papan kanggo ibadah salat Jemuwah kuwi mau, para tentara lan pamuda Indonésia kang ngéwangi pamaréntahan Indonésia ing Ngayogyakarta nglakokaké salat ana ing papan panggonan saliyané masjid. Papan kang digunakaké para tentara lan pamuda Indonésia ing Kotabaru pindah-pindah lan uga tau ing gereja Protéstan kang wis ora digunakaké manèh. Sawisé kuwi, banjur dibentuk panitia kanggo bangun masjid lan panitia kuwi mau wis dibentuk kaping telu.[1]

Arsitèktur[besut | besut sumber]

Lemah kang dianggo bangun masjid ya iku lemah lembah amarga panggonané ing pinggir Kali Codé. Masjid Syuhada' dibangun 3 tingkat. Wangunan paling ngisor, tingkat siji, lan paling dhuwur ya iku tingkat 2. Ing bangunan masjid paling ngisor dhéwé uga kasebut basement digunakaké kanggo kagiyatan-kagiyatan kang dianakaké ing masjid, kayata dakwah lan kagiyatan pendhidhikan. Ing njero papan iki uga ana simbol kang dituduhaké nganggo jendéla kang cacahé ana 20. Jendéla kuwi mau nduwèni teges supaya sapa waé kang nimba ilmu ing kana éling marang Gusti Allah lan 20 sipaté supaya bisa dadi wong kang andhap asor lan ora takabur amarga duwé ilmu kang dhuwur. Wangunan masjid tingkat siji gunané kanggo papan salat para wanita. Ing njero kana ana pilar cacahé loro kang dadi pilar kanggo nyangga masjid lan nuduhaké yèn ana loro itikad urip manungsa ing donya. Saliyané kuwi, pilar-pilar mau uga bisa nuduhaké yèn donya lan akhérat kuwi ora bisa dipisahaké. Ing wangunan tingkat loro utawa dhuwur dhéwe digunakaké kanggo salat. Wangunan paling dhuwur uga duwé simbol, ya iku bolongan angin kan cacahé lima lan didélehakè ana ing ngarep imam. Bolongan angin kang cacahé lima kuwi bisa dadi ngélingaké yèn ana lima rukun Islam. Wangunan paling dhuwur uga kasebut wangunan utama masjid. Ing kana ana lawang gedhé bentuké kaya gapura lan ana undhak-undhakan saka beton ing sandhing lawang. Antarané wangunan tingkat siji lan loro ana undhak-undhakan kang kagawé saka beton. Lawang utama kang ana ing wangunan tingkat loro iki dibentuk dadi kaya gapura lan ana undhak-undhakan beton kang diwènehi lapisan tègel werna kuning.[4] Wangunan Masjid Syuhada uga ana prasasti kang ana ing tèmbok antarané tingkat siji lan loro. Isi saka prasasti kuwi mau babagan prosès pambangunan Masjid Syuhada. Saliyané prasasti, uga ana inkripsi kang nganggo tulisan aksara Jawa Kuna, Latin, lan Arab. Inkripsi kuwi mau ditemokaké ana ing dalan nalika arep menyang masjid sisih kulon.

Wangunan Masjid Syuhada' uga kalebu wangunan masjid kang arsitèkturé modèren ing jaman semana amarga olèh pengaruh saka gaya Persia. Desain saka wangunan iki ora mubadzir amarga nalika dibangun, detail-detail kang ora perlu ora digunakaké. Ing wangunan paling ngisor wis ana jedhing kang resik lan bisa digunakaké kanggo kamar rias para tamu wanita. Jedhing kuwi mau uga duwé piranti-piranti kang wis modèren.Saliyané kuwi uga ana papan kanggo parkir kendharaan ing wangunan paling ngisor utawa basement. Masjid Syuhada' uga duwé piranti kanggo nggedhékaké swara, telpon, lan studio supaya wong-wong bisa krungu nalika ana sesorah utawa khutbah. Mesin magnitiphone uga ana ing Masjid Syuhada' kanggo nyathet utawa rekam sesorah lan khutbah kang ana ing masjid. Masjid Syuhada' duwé papan kang amba lan jembar kango kagiyatan-kagiyatan agama lan duwé perpustakaan. Miturut kandhané wong mangsa semana, piranti-piranti kang ana ing Masjid Syuhada' ing jaman semana isih angèl ditemokaké ing masjid-masjid liyané.[1]

Cagar budaya[besut | besut sumber]

Masjid Syuhada dadi sana warisan budaya amarga Masjid Syuhada' iki mapan ana ing kelurahan Kotabaru kang dadi Kawasan Cagar Budaya miturut Keputusan Gubernur Daerah Istimewa Yogyakarta Nomer 186/KEP/2011 babagan Panetepan Cagar Budaya. Masjid Syuhada' layak dadi wangunan cagar budaya amarga saka pambangunané wis ana gegayutané karo sajarah nagara Indonésia. Miturut aturan panetepan wangunan dadi cagar budaya, Masjid Syuhada' bisa disebut dadi cagar budaya amarga umur saka wangunan masjid wis luwih saka 50 taun. Masjid Syuhada uga duwé bentuk arsitèktur wangunan kang makili modhèl wangunan gedhung periode sawisé kamardhikan taun 1950-an. Masjid Syuhada dadi wangunan cagar budaya amarga Masjid Syuhada ana gegayutané karo prastawa sajarah, ya iku Agrèsi Militèr Walanda II ing Ngayogyakarta. Masjid Syuhada dadi wangunan kang bisa kanggo pangéling-éling para tokoh sajarah. Didelok saka arsitèktur wangunan masjid, Masjid Syuhada bisa diarani wangunan cagar budaya amarga tembok masjid nganggo bahan bata abang dilepa lan bentuk gendhèng kubah.[4] Saliyané dadi papan ibadah lan sana cagar budaya, Masjid Syuhada uga bisa dadi papan kanggo wisata. Akèh wisatawan kang teka ana ing Masjid Syuhada kanggo ndelok potènsi sajarah utawa liyané. Dhaérah Kotabaru ya iku dhaérah kang wis kondhang akèh wewangunan kang nganggo gaya indis lan duwé daya tarik kang gedhé kanggo narik para wisatawan. [5]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b c Masjid Bersejarah Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. Yogyakarta: Kantor Wilayah Departemen Agama Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. 2007. 
  2. "Tk. Masjid Syuhada". new.tkmasjidsyuhada.com. Dijupuk 2020-04-15. 
  3. DIY, Balai Pelestarian Cagar Budaya. "Sejarah Masjid Syuhada Balai Pelestarian Cagar Budaya Yogyakarta" (ing basa Inggris). Dijupuk 2020-04-13. 
  4. a b Safitri, Laksmi Eko. "Potensi Masjid Syuhada Kota Yogyakarta sebagai Bangunan Cagar Budaya". Jurnal Suluk. 1 (2). 
  5. "Yogyakarta Kenalkan Kotabaru Sebagai Destinasi Wisata". Republika Online. 2019-12-07. Dijupuk 2020-04-15.