Agrèsi Militèr Walanda II

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Agrèsi Militèr Walanda (Operation Crow)
Operatie Kraai
Péranganing Rèvolusi Nasional Indonésia
Titimangsa19–20 Dhésèmber 1948[1]
(1 day)
PernahJawa lan Sumatra, Indonésia[2]
Asil

Wijayané Walanda ing bab taktik; Wijayané Indonésia ing bab pulitik

  • Pambekukan pandhégané Républikan Indonésia ing Yogyakarta[3]
  • Tuwuhé oposisi internasional ing PBB tumrap usahané Walanda kanggo negesaké kontrolé Walanda tumrap Indonésia [4]
Owah-owahan
laladan
Wadyabala Walanda nguwasani péranganing Jawa lan Sumatra[2]
Péhak kang perang
 Indonesia

 Netherlands

Manggala saha wadana
Sukarno[1]
Mohammad Hatta[1] Jéndheral Abdul Haris Nasution[2]
Jéndheral Simon Hendrik Spoor[2]
Jéndheral Meyer[1]
Ékan kang kasangkut
Wadyabala Indonésia
Wadyabala Gegana Indonesian
KNIL
NICA
Daya
3 Mitsubishi Zero
100,000 soldiers[2]
800–900 airborne infantry
10,000 soldiers[5]
23 Douglas DC-3s[5] Dutch fighter aircraft and bombers[5]
Kurban
62,000 3,000

Agrèsi Militèr Walanda II[6] ya iku serangan militèr Walanda marang Indonésia sing kaping pindho sawisé prastawa Agrèsi Militèr Walanda I. Agrèsi Militèr Walanda II uga sinebut Operasi Gagak utawa Operation Crow (Walanda: Operatie Kraai)[7]. Déning Walanda, prastawa iki uga dijuluki "Politionele acties" kaloro saka rong politionele acties. Nalikané serangan iki, Walanda kasil nglungguhi kutha krajan sawetarané Républik Indonésia, ya iku Yogyakarta, lan mbekuk sawenèh pandhégané Indonésia kaya ta Présidhèn Sukarno.

Latar wuri[besut | besut sumber]

Politionele Actie kang kaloro duwé maksud kanggo marusa Républik supaya gelem kerja bebarengan karo pamaréntah Walanda ing bab paleksanan aturan féderalis kaya kang kawedharaké ing Prajanjèn Linggadjati. Ancasé aturan iki ya iku kanggo ngatur Indonésia dadi nagara féderal kang anyar lan bakal tansah sesambungan cedhak karo Walanda.[8] Wong Indonésia nerak pasarujukan gencatan sanjata sawisé Agrèsi Militèr Walanda I. Sawisé gencatan sanjata, ana Prajanjèn Renville ngandharaké bab panarikan wadyabala Indonésia saka wewengkon-wewengkon kang dikuwasani déning Walanda. Kanthi gantiné, anané blokadhe wewengkon Indonésia kang dicakaké déning Walanda kudu dipungkasi, lan prajanjén iki wis lekas lumaku. Nanging, sawisé sawetara wektu, wadya bala Indonésia kumpul manèh lan nglekasi operasi gerilya klawan Walanda. [9]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d Kahin (2003), p. 94
  2. a b c d e Kahin (2003), p. 89
  3. Kahin (2003), p. 96
  4. Darusman (1992), p. 63
  5. a b c Kahin (2003), p. 90
  6. Zweers (1995)
  7. Zweers (1995)
  8. Ricklefs (1993), p.223
  9. Kahin (2003), p. 19

Rujukan[besut | besut sumber]