Kerta Pengalasan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Basah Ngabdullatip Kerta Pengalasan (1795-sawisé 1866) ya iku salah siji sénapati pabarisan Pangeran Dipanegara nalika Perang Jawa. Sadurunge perang, Pengalasan dadi demang ing Desa Tanjung, Nanggulan, Kulon Praga kanthi jeneng Kramawijaya. Lan bokmanawa uga tau dadi abdi dalem ing sajeroné bètèng lan paham babagan kaanan sajeroné kedhaton. Ing Babad Kedhung Kebo, Pengalasan bisa nggambaraké kedadéyan lan kaanan ing kedhaton kanthi rinci, umpamané kaanan ing kedhaton nalika suruté Sultan Hamengkbuwana III (3-4 Nopèmber 1814) lan Sultan Hamengkubuwana IV (6-7 Dhésèmber 1822). Pengalasan dhaup karo anaké Pangéran Blitar I (?1784-1827), salah siji putra dalem Sultan Hamengkubuwana I kang njurung Dipanegara ing wiwitané perang.[1]

Ing Perang Dipanegara[besut | besut sumber]

Ing Perang Dipanegara, Pengalasan wis melu barisan Dipanegara wiwit sadurungé perang, melu mretahanake laladan sakiwa tengene Gua Selarong (Juli-Oktober 1825), lan gabung ing pabarisan Pangeran Ngabei ing Banyumeneng. Sasi Nopember 1825 dheweke melu ing palagan ing Deksa, Kulon Praga bebarengan karo Kyai Maja lan para panggedhe liyane. Sasi Dhesember, Pangalasan kaparingan jejuluk basah lan jeneng Ngabdullatip. Pengalasan kapacak dadi tetindhih wadyabala sakulone Kali Praga.[1]

Taun 1826, Pengalasan melu ing palagan ing tilas Kraton Pleret kang dilurug dening saradhadhu Walanda cacah 4.200 kang dipimpin dening Kolonel Frans David Cochius (1787-1876). Saka 400 prajurit Jawa, kang kasil slamet mung cacah 40 kalebu Pangalasan nanging dheweke nandang tatu abot. Dhewewkw banjur digawa menyang Selarong dening Kaji Ngiso. Sawise pulih, Pangalasan melu ing palagan Gawok (15 Oktober 1826), banjur sakiwatengene Candhi Barabudhur (1827) lan bokmanawa banjur dibalekake nyekel laladan antarane Kali Praga lan Bagelen nganti taun 1829, nalika wadyabala Pangeran Dipanegara kalah ing payudan ing Siluk, sacedhake Selarong 17 September 1829 lan para prajurit nyingkir menyang Kulon Praga.[1]

Amarga kaanan wis ora nyukupi kanggo nerusake perang, 25 September 1829 Pangalasan kirim nawala menyang Tumenggung Cakrareja kang surasane kepingin teluk marang Walanda. Pungkasane, 11 Nopember 1829 Pangalasan teluk marang Cakranegara ing Benteng Bubutan (Bagelen) lan banjur digawa menyang Kolonel Cleerens ing Kedhung Kebo. Nalika teluk ini, umure watara 34 taun. Teluke Pangalasan dadi dalan anane rerembugan antarane Walanda lan Pangeran Dipanegara kang wusanane perang dipungkasi kanthi dicekele Pangeran Dipanegara ing Magelang, 28 Maret 1826, sarampunge sasi Pasa.[1]

Sabubare Perang Dipanegara[besut | besut sumber]

Sabubare perang, Pengalasan mapan ing kutha Semarang lan jenenge digunakake kanggo tetenger sawijining kampung ing Semarang : Kampung Basahan sanajan papan kuwi saiki wis ora ana maneh.[2] Ing wektu tuwane, Pengalasan bisa nggayuh prakara kang dadi idhaman saben wong Islam : munggah kaji menyang Makkah. Perkara kang banget dikersani Pangeran Dipanegara nanging ora bisa kagayuh.[1]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b c d e Carey, Peter (2017). Judul: Sisi Lain Diponegoro – Babat Kedung Kedo dan Historiografi Perang Jawa. Kepustakaan Populer Gramedia. ISBN 978-602-424-680-8.
  2. Media, Kompas Cyber. "Keunikan Kampung Kuno Semarang - Kompas.com". KOMPAS.com (ing basa Inggris). Dibukak ing 2018-04-19.