Keben

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Wit keben (Barringtonia asiatica) ana uga kang nyebut wit butun utawa butung. Wit iki thukul ing pasisir-pasisir laladan tropika, lan ing Jawa asring banget sinebut putat sagara. Wohé kumampul ing banyu, saéngga kasebar kanthi amba marang akèh pulo lan pasisir. Dhuwur tanduran bisa nganti 30 m.[1]

Kadhang kala keben ditandur minangka wit rerenggan. Wit lan wiji ngandhut saponin kang bisa digunakake minangka wisa iwa dicampur karo tuba. Yen wijine dipanasake banjur diperen bakal pikantuk lenga kang arupa rada abang. Ing Jawa, banyu kang pikantuk saka wijiné bisa digunakaké minangka lem kanggo payung lan kanggo matèni lintah.[1]

Ing Indonésia, keben naté pikantuk wasésa minangka wit bedhamèn. Wasesa kuwi ditetepaké déning Presidhèn Soeharto ing Hari Lingkungan Hidup, 5 Juni 1986. Téma Hari Lingkungan Hidup taun iku ya iku "A Tree for Peace". Ing Kraton Yogyakarta, ana laladan kang diarani Masjid Keben. Kocapa, keben ing Kraton Yogyakarta nduwèni makna minangka lambang nagari kang agung lang resik. Kajaba iku, keben uga nduwèni makna nengenaké bebener. Kejaba ing Yogyakarta, keben uga duwé crita ing Pulo Anak Krakatau. Kocapa, keben ya iku tanduran pisanan kang thukul ing pulo iku sawisé mbledhosé Gunung Krakatau.

Arané désa[besut | besut sumber]

Désa-désa kang ana ing Jawa Wetan/Jawa Tengah/DIY kang nggunakaké jeneng keben minangka jeneng désa ya iku:

No Désa/Kalurahan Kacamatan Kabupaten
1 Keben Gading Probolinggo
2 Keben Turi Lamongan
3 Keben Tambakromo Pati

[1]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b c Santosa, Iman Budhi (2017). Suta Naya Dhadhap Waru. Yogyakarta: Interlude. kc. 205. ISBN 978-602-6250-42-1.