Kaum Tsamud

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Kaum Tsamud (basa Arab: ثمود) iku suku kuna Arab kang kira-kira ana ing sewu taunnan sadurungé Taun Masèhi utawa ing jaman Muhammad. Kaum iki dikira-kira saka Arab Kidul kang banjur ngaleh menyang Arab sisih Lor. Banjur manggon ing Gunung Athlab, Madain Shaleh.

Warga Kaum Tsamud iku tukang ukir kang prigel lan trampil. Ing kono dudu kayu kang diukir, nanging watu kang dadi bahan ukirane. Nganti saiki isih bisa tinemu ukiran Kaum Tsamud ing Gunung Athlab lan ing papan ing Arab pérangan tengah.[1]

Jeneng Tsamud dijupuk saka wong kang nduwé jeneng dawa Tsamud bin Amid bin Iram. Wong iki kang ngadegaké Kaum Tsamud. Jeneng liya saka Kaum Tsamud iku Ashab Al-Hijr.

Tsamud ing sajeroning Al-Qur'an[besut | besut sumber]

Ing jero Al-Qur'an, tembung tsamud mau ping 26. Tembung iku ana kang arupa tembung tsamud dhéwé, ana uga kang mratélakaké kaum. Ing Al-Qur'an digambarke yèn Kaum Tsamud iku kaum kang kuwasa sawisé Kaum 'Ad, kang misuwur minangka tukang ukir bukit kanggo omah. Saliyané iku Tsamud iku uga digambarake kutha kang tentrem, kang akèh sumber banyune, lan akèh kebon lan kurmane. Ing Al-Qur'an, Kaum Tsamud kagolong kaum kang musuhi nabi, mula kaum mau olèh adzab arupa lindhu.[2]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]