Kapuloan Karimunjawa
Geography | |
---|---|
Location | Asia Tenggara |
Administration | |
Indonésia | |
Demographics | |
Population | 8.000 jiwa |
Karimunjawa ya iku kepuloan ing sagara Jawa kang dumunung ana ing Kabupatèn Jepara Provinsi Jawa Tengah, Indonésia. Kepuloan iki duwé pulo cacahé 27 pulo. Total jembar daratané ±1.500 hektar saha jembar perairané ±110.000 hektar, Karimunjawa sakiki dikembangké dadi "Pesona Wisata Taman Laut" kang wiwit akèh ditekani wisatawan lokal lan manca.
Géografi
[besut | besut sumber]Kepuloan Karimunjawa dumunung ing Sagara Jawa, sisih loré Jepara, Jawa Tengah. Kepuloan iki duwé 27 pulo ya iku:
- Kang dienggoni manungsa:
- Karimunjawa
- Kemujan
- Nyamuk
- Parang
- Genting
- Kang ora dienggoni manungsa:
- Menjangan Besar
- Menjangan Kecil
- Cemara Besar
- Cemara Kecil
- Geleyang (30 ha)
- Burung
- Bengkoang (92 ha)
- Kembar (11,2 ha)
- Katang (2,8 ha)
- Krakal Besar (2,8 ha)
- Krakal Kecil (2,8 ha)
- Sintok
- Mrican
- Tengah
- Pinggir
- Cilik
- Gundul
- Seruni
- Tambangan
- Cendekian
- Kumbang (8,8 ha)
- Mencawakan (atau Menyawakan)
Ekosistem
[besut | besut sumber]Wiwit tanggal 15 Maret 2001, Kepuloan Karimunjawa dikukuhaké deneng pemerentah Kabupatèn Jepara kanggo Taman Nasional. Kepuloan Karimunjawa dadi omah kanggo manéka warna terumbu karang, alas bakau, alas pasisir, lan uga panggonan urip 400 spésies kéwan sagara, antawisipun 242 macem iwak hias. Kapérang ora sithik kéwan langka kang manggon ing kepuloan iki kaya Garudha Sagara Dada Puthih, penyu sisik, lan penyu ijo.
Wit-witan kang dadi ciri khasé Taman Nasional Karimunjawa ya iku wit dewandaru (Crystocalyx macrophyla) kang urip regeng ing alas udan dataran endhek.
Ombak ing pasisir pulo-pulo Karimunjawa kagolong endhek lan ora bahayani, katambah déning pasisir kang ditutupi déning pasir puthih kang alus.
Penduduk
[besut | besut sumber]Kepuloan Karimunjawa dienggoni penduduk punjul 8.000 jiwa kang dumunung ing lima pulo. Pendhudhuk kepuloan Karimunjawa rata-rata saka suku Jawa kang dadi wong tani lan gawé barang-barang rumah tangga. Kejaba iku, ana uga suku Bugis kang padha dadi warigaluh, lan suku Madura kang uga dadi warigaluh nanging luwih pinter gawé iwak garing.
Pendidikan ing kepuloan Karimunjawa wes maju. Kejaba duwé luwih kurang 10 Sekolah Dasar (lima ing pulo Karimun, telu ing pulo Kemujan lang saben-saben siji ing pulo Parang lan pulo Genting), kepuloan Karimunjawa uga duwé siji SMP, Madrasah Tsanawiyah (MTs), lan SMK Negeri jurusan Budidaya Rumput Laut sarta Teknologi Pengolahan Hasil Perikanan lan Madrasah Aliyah kang ana ing pulo Kemujan.
Transportasi
[besut | besut sumber]Transportasi kang umum digunakaké tumuju ing Kepuloan Karimunjawa antawisipun kapal saka Semarang lan Jepara. Saka Pelabuhan Tanjung Emas, Semarang, kapal Kartini I budhal saben dina Setu jam 9 ésuk lan bali saka Karimunjawa saben dina Minggu awan. Saka Pelabuhan Kartini, Jepara ana Kapal Muria kang budhal 2 dina pisan.
Mawi nggunakaké jalur udara, saka Papan Anggegana Ahmad Yani, Semarang numpak montor mabur sewan jinis CASSA 212 kang disediake déning PT. Agen Wisata Laut Nusa Permai (Kura-Kura Resort). Wektu perjalanane kurang luwih 30 menit.
Uga delengen
[besut | besut sumber]Pranala njaba
[besut | besut sumber]
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |