Kampung Pitu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Kampung Pitu inggih punika satunggaling padhukuhan ingkang kapernah ing Kalurahan Nglanggeran, Kapanéwon Patuk, Kabupatèn Gunungkidul, Daérah Istiméwa Ngayogyakarta. Kampung punika wonten ing laladan pucuk sisih wétan Redi Latu Purwa Nglanggeran.[1] Kampung Pitu kaloka jalaran ciri khas bebrayanipun ingkang nguri-uri tradhisi para leluhuripun ingkang matesi gunggung kepala kulawarga kanthi cacah pitung tiyang. Kawitanipun, kampung punika aran Kampung Tlaga. Nami punika dipun pundhut saking satunggal tlaga aran Tlaga Guyangan ingkang nggadhahi werdi papan pasiramaning titihan sembrani utawi titihan gaib ingkang dipun pitadosi minangka tunggangan utawi wahana para widadari. Ananging, ing warsa 2015, nami punika dipun gantos dados Kampung Pitu déning Kelompok Sadar Wisata (Pokdarwis) minangka upaya anggènipun nepangaken Kampung Pitu dados salah satunggal objèk pariwisata unggulan wonten ing Kabupatèn Gunungkidul. Mawi nami énggal punika, Kampung Pitu kasil nggayuh pangaji-aji saking Gubernur Daérah Istiméwa Ngayogyakarta mawi kategori Palestantun Kabudayan. Ing warsa 2019, Kampung Pitu dipun tetepaken minangka Warisan Budaya Dudu Barang Nasiyonal ing salebeting kategori Organisasi Masarakat Dhedhasar Budaya.[2]

Sajarah[besut | besut sumber]

Kampung Pitu inggih punika satunggal padhukuhan ingkang namung saged dipun dunungi déning pitung kulawarga. Pranatan punika boten angsal dipun langgar déning ingkang ndunungi ing ngrika sabab dipun pitadosi bakal nekakaken prahara.[1][3] Sajarah Kampung Pitu dipun wiwiti kanthi kapanggihipun satunggal pusaka ingkang tumèmpèl ing wit Kinah Gadhung Wulung ing pucuk Redi Nglenggeran déning abdi dalem Karaton Ngayogyakarta aran Eyang Iro Dikromo lumantar satunggal sayembara.[4] Bebungahipun, Eyang Iro Dikromo pikantuk tanah saking Karaton Ngayogyakarta ingkang cekap kanggé laré saha katurunanipun. Nuli, piyambakipun ngajak réncang-réncangipun manggèni tanah cerak wit Kinah Gadhung Wulung kalihan ndamel pranatan-pranatanipun, inggih punika:

  1. kepala kulawarga ingkang manggèni laladan saubengipun wit Kinah Gadhung Wulung namung saged cacah pitu;
  2. menawi wonten katurunan saking pitung tiyang ingkang péngin manggèn ing saubengipun wit Kinah Gadhung Wulung, piyambakipun kedah nengga rumiyin ngantos wonten kepala kulawarga ingkang tilar donya;
  3. menawi péngin panggah manggèn ing ngrika, nanging kepala kulawarga sampun cacah pitu, pramila kulawarganipun kedah tumut kalihan salah satunggal kulawarga.

Pranatan-pranatan ing ngandhap punika minangka wasiyat (pepundhèn) saking leluhur bebrayan Kampung Pitu ingkang dipun tujokaken dhumateng katurunanipun amrih tlatahipun namung saged dipun dunungi déning Empu Pitu utawi pitung kepala kulawarga kémawon. Dumugi sapunika, pranatan-pranatan punika taksih dipun pitadosi kalihan dipun taati déning ingkang ndunungi Kampung Pitu.[2]

Tradhisi[besut | besut sumber]

Bebrayan ing Kampung Pitu boten angsal nanggap pagelaran wayang. Bab punika dipun sababaken amergi redi ing saubengipun désa aran redi wayang. Mangkonoa, ingkang ndunungi sami mitadosi supados boten nanggap pagelaran wayang.[1][5] Sakabèhing bebrayan Kampung Pitu nganut ajaran Islam mawi sinkretisme budaya Jawi.[4] Piyambakipun sami tansah nindakaken slametan ing sawenèh upacara agami ingkang gegayutan kalihan pagesangan, kados ta babagan rabi, babaran, kalihan sédanipun tiyang. Senajan bebrayan ing ngrika mitadosi pranatan kepala kulawarga kedah cacah pitu, prakawis rabi ing Kampung Pitu boten nggadhahi pranatan nalikanipun milih jodho. Saben warga ing ngrika saged rabi kalihan sinten kémawon, warga Kampung Pitu utawi warga njawi sanèsipun. Nanging, warga ingkang bibar rabi boten pareng manggèn ing Kampung Pitu kalihan kedah ninggalaken kampungipun. Menawi piyambakipun sami panggah péngin manggèn ing ngrika, piyambakipun sami boten dipun idini ndamel kertu kulawarga piyambak, kedah tumut ing kertu kulawarga tiyang sepuhipun.[2]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b c Yuwono, Markus (25 Maret 2021). "Kampung Pitu, Desa di Gunungkidul yang Hanya Dihuni 7 Keluarga". Kompas.com. Dibukak ing 2 Agustus 2021.
  2. a b c Purwana, Bambang H. Suta (22 Juli 2020). "Komodifikasi budaya tradisional komunitas Kampung Pitu di Gunung Kidul, Daerah Istimewa Yogyakarta". Jurnal Puslitjakdikbud Kemdikbud. 15 (1/2020): 53–66. doi:10.24832/jk.v15i1.341. Diarsip saka sing asli ing 2022-08-04. Dibukak ing 2023-02-05.
  3. Dedi (2022-09-21). "Tempat Misterius Kampung Pitu, Hanya Bisa Dihuni Hingga 7 Keluarga". VIVA.co.id. Dibukak ing 2023-02-05.
  4. a b AW, Titah (19 Juni 2019). "Mengunjungi Kampung Pitu, Desa Berbahaya yang Cuma Bisa Dihuni Tujuh Keluarga". vice.com. Dibukak ing 2 Agustus 2021.
  5. "Kisah Kampung Pitu, Hanya Dihuni 7 Keluarga sejak Dulu hingga Pantang Gelar Pertunjukan Wayang Kulit Halaman all". KOMPAS.com. 2021-03-25. Dibukak ing 2023-02-05.