Ukara
Praèn
(Kaelih saka Kalimat)
Ukara iku konsèp linguistik lan racaké diartèkaké minangka siji èksprèsi alami basa: yaiku unit tatabasa lan lèksikal kang kasusun saka tembung kang cacahé siji utawa punjul siji kang mawa teges.
Péranganing ukara
[besut | besut sumber]Péranganing ukara kang baku, yaiku:
- Jejer yaiku: samubarang kang dianggep duwé adeg dhéwé sarta dadi bakuning gunem utawa carita. Lumrahe awujud tembung aran, sarta dadi wangsulane pitakon:
- Apa kang...?
- Sapa kang...?
- Wasésa yaiku: samubarang kang dadi caritane jejer. Lumrahe awujud tembung kriya. Nanging ana uga kang awujud tembung: aran, kaanan, sesulih, wilangan, lan sapanunggalané. Sarta dadi wangsulan saka pitakon:
- kepriyé...?
- ngapa...?
- Lésan yaiku: samubarang kang dadi watesaning wasesa, utawa kang nerangake wasesa. Lesan, kapilah dadi papat, yaiku:
- lesan panindak
- lesan panandang
- lesan panyabab
- lesan panampa
- Katrangan yaiku: yaiku kang dadi andharaning wasesa.
Jinising Ukara
[besut | besut sumber]- Ukara lamba
- Ukara awasesa kriya:
- Ukara awasesa kaanan
- Ukara awasesa aran
- Ukara awasesa wilangan
- Ukara awasesa ancer-ancer
- Ukara camboran
- Ukara camboran sajajar
- Ukara camboran sungsun
- Ukara camboran raketan
- Miturut cakriking ukara
- Ukara carita
- Ukara pakon
- Ukara pitakon
- Ukara sabawa
- Wancahan lan sungsun balik
- Ukara wancahan
- Ukara sungsun balik