Kaisar Longqing

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Kaisar Longqing

Kaisar Longqing (Hanzi: 隆庆, 1537-1572) ya iku kaisar ka-12 saka Dinasti Ming kang nguwasani tahta sadawané 6 taun ya iku saka taun 1567-1572.[1][2] Lair karo jeneng cilik Zhu Zaihou (朱載垕), ya iku anak nomer telu saka Kaisar Jiajing.[2] Taun 1539 dhèwèké diwènèhi gelar Pangeran Yu.[2] Sawisé Jiajing mangkat taun 1567 dhèwèké dadi penerus saka tahtane bapake, rezime banjur dijenengi Longqing.[2]

Pamaréntahan[besut | besut sumber]

Sawisé munggah tahta, Longqing banjur njupuk tindakan kanggo mbenerake kabèh kang ora bener nalika ana ing mangsa pamaréntahane bapake.[2] Dhèwèké nglakokaké reformasi ana ing pamaréntahane kanthi cara ngukum para penjilat saka pamaréntahan bapake lan mènèhi pagawéan marang pejabat-pejabat kang bersih kanggo ngatasi situasi.[2] Jendral Qi Jiguang kang tau duwé jasa ngalau bajak laut Jepang saka pasisir wétan lan mènèhi prentah kanggo nguwati pertahanan ana ing Tembok Besar.[1] Nagarawan ulung, Gao Gong lan Zhang Juzheng diwènèhi prentah kanggo nganakake negosiasi damai karo Mongol.[1] Aktivitas dagang uga dibuka manèh ana ing watesan kang ndadèkaké gayutan antarané Tiongkok lan Mongol kang wis mbeku suwé bisa rampung.[2] Perkara iki ndaddekake stabilitas ana ing sasawane wates lor.[2] Longqing uga majuke babagan dagang karo nagara-nagara liyané kaya Éropah, Afrika, lan nagara Asia liyané.[2] Kajaba iku, dhèwèké uga nguwati daerah wates kulon kalebu uga kutha pelabuhan sadawané Zhejiang lan Fujian kanggo nyegah serangan bajak laut kang tau dadi momok nalika jaman pamaréntahan Jiajing.[2]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

Didhisiki déning:
Kaisar Jiajing
{{{jabatan}}}
(Dinasti Ming)
1567-1572
Diganti déning:
Kaisar Wanli