José Ignacio Fernández Iglesias
|
Nacho main kanggé Tim Nasional Spanyol ing taun 2015 | |||
| Katrangan priangga | |||
|---|---|---|---|
| Jeneng dawa | José Ignacio Fernández Iglesias[1] | ||
| Tanggal lair | 18 Januari 1990[1] | ||
| Papan lair | Madrid, Spain | ||
| Dhuwur | 1.79 m (5 ft 10 in)[1] | ||
| Posisi main | Defender | ||
| Katerangan klub | |||
Tim saiki | Real Madrid | ||
| Angka | 6 | ||
| Karir nom | |||
| 1999–2001 | AD Complutense | ||
| 2001–2009 | Real Madrid | ||
| Karir klub* | |||
| Taun | Tim | Main | (Gul) |
| 2009–2013 | Real Madrid B | 105 | (4) |
| 2011– | Real Madrid | 193 | (11) |
| Karir tim nasional‡ | |||
| 2005 | Spanyol U16 | 1 | (0) |
| 2006–2007 | Spanyol U17 | 11 | (0) |
| 2008–2009 | Spanyol U19 | 9 | (2) |
| 2011–2013 | Spanyol U21 | 6 | (0) |
| 2013– | Spanyol | 22 | (1) |
|
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 22:30, 10 Novèmber 2022 (UTC). | |||
José Ignacio Fernández Iglesias alias Nacho (lair ing Madrid, 18 Januari 1990; umur 35 taun) inggih punika juru main bal-balan profésional Spanyol ingkang samenika main ing klub Real Madrid CF minangka bèg tengah.[2] Piyambakipun kalebet prodhuk asli akadhemi Real Madrid.[2] Nacho nggabung kaliyan pelatian sistem junior Real Madrid wekdal umur 11 taun.[2] Wekdal tanggal 2 Sèptèmber 2012, manajer utami Real Madrid Jose Mourinho ngumumaken bilih Nacho, Álvaro Morata lan Jesús Fernández Collado dipunpromosikaken dhateng tim utami.[2] Nacho resmi main ing tim Real Madrid wekdal wiwitan mangsa 2013-14 lan pikantuk kaos kanthi nomer punggung 18 ingkang rumiyin dipunagem Raúl Albiol.[2]
Nacho naté main kanggé Tim Nasional Spanyol U-16, U-17, U-19, lan U-21.[2] Nacho sempet main ing pertandhingan UEFA European U-17 Football Championship 2007 lan Piala Dunia FIFA U-17 kanggé Tim Nasional Spanyol U-17.[2] Nacho ugi main ing liga UEFA European U-21 Football Championship 2013 kanggé Tim Nasional Spanyol U-21.[2] Wekdal tanggal 2 Sèptèmber 2012 Nacho main kanggé Tim Nasional Spanyol ing pertandhingan mengsah Switserlan nggantosaken Iñigo Martínez.[2]
Pranala njawi
[besut | besut sumber]Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ a b c FIFA Club World Cup UAE 2017: List of players: Real Madrid CF(dipunundhuh tanggal 6 Januari 2018)
- ↑ a b c d e f g h i Nacho Fernandes[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 6 Januari 2018)