Menyang kontèn

Guwa Maria

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Guwa Maria ing Lourdes

Ing tradisi Katulik, Guwa Maria ya iku papan panggonan kang dipusatake kanggo nindakaké jiarah lan devosi marang Bunda Maria. Panggonan-panggonan mau bisa didadèkaké minangka panggonan jiarah amarga pertimbangan penampakan supranatural Maria utawa faktor sajarah minangka panggonan devosi lan jiarah umat Katulik.

Sajarah

[besut | besut sumber]

Ing tradisi agama Katulik anané guwa Maria duwé sajarah dawa. Bunda Maria ing sapérangan wektu nuduhake wujudé marang wong-wong pilihan. Salah siji penampakan kang paling misuwur ya iku penampakan Bunda Maria marang Bernadette Soubirous ing sawijining guwa kang ana ing kutha Lourdes, Perancis taun 1858. Panggonan iki candhaké dadi panggonan ziarah guwa Maria paling misuwur. Panggonan jiarah iki kang candhaké dadi inspirasi kanggo gawé panggonan jiarah kang sarupa ing komunitas Katulik. Mula saka iku ana panggonan jiarah guwa Maria ing panggonan-panggonan liyané ing sakiteré donya. Sapérangan panggonan jiarah liyané kang misuwur ing donya amarga minangka papan panggonan penampakan Maria ya iku:

Guwa Maria ing Indonésia

[besut | besut sumber]

Guwa Maria ing Indonésia racaké wujud panggonan jiarah kanthi ateges historis tumrap perkembangan Gréja Katulik ing Indonésia utawa Gréja Katulik ing sawijining panggonan. Guwa Maria Sendangsono tuladhané, ya iku papan panggonan dibaptise wong-wong Jawa pisanan. Guwa Maria ingkang sanesipun inggih menika Guwa Maria Kerep Ambarawa, ingkang gadhahi Guwa Maria ingkang dhuwur lan ukurane lumayan gedhe.

Wewangunan mligi diwangun kaya guwa nanging ana uga kang ana ing guwa alam asli. Diarani Guwa Maria amarga ana patung Bunda Maria, ibunda Yesus, ing gua mau. Panggonan iku banjur dadi panggonan ziarah umat Katulik kanggo nyedakake dhiri marang Allah Bapa kanthi dedonga lumantar perantaraan Bunda Maria lan Yesus Kristus.

Guwa Maria dipun bangun amargi wonten fungsi-nipun, inggih menika dados panggenan kangge nyuwun donga, limrahipun kangge Doa Rosario ingkang dipunlaksanaaken saben wulan Mei lan Oktober, kejawi menika Guwa Maria panggenan ingkang cocok kangge nenangake ati lan pikiran, amargi lokasi Guwa Maria ingkang wonten ing papan ingkang seger lan radi tebih saka dalan raya lan cedak kaliyan sumber mata air.

Dapthar Guwa Maria ing Indonesia

[besut | besut sumber]
  • Guwa Maria Lembah Karmel [1]
  • Guwa Maria Kerep Ambarawa [2]
  • Guwa Maria Sendang Sriningsih [3]
  • Guwa Maria Annai Velangkanni [4]
  • Guwa Maria Klaces Nusakambangan [5]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]
  1. ↑ web.jogjatimur (2019-10-31). "GOA MARIA SENDANGSONO". Keuskupan Agung Semarang (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing 2025-11-20.
  2. ↑ "Gua Maria Kerep". Gua Maria Kerep. Dibukak ing 2025-11-20.
  3. ↑ "Sendang Sriningsih, Gua Maria dekat Prambanan, dan 5 Aktivitasnya". kumparan (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-11-20.
  4. ↑ "Mengenai Graha Maria Annai Velangkanni". Marian Shrine of Graha Maria Annai Velangkanni (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-11-20.
  5. ↑ "Doa Katolik | Devosi | Gua Maria |Renungan Katolik| >>> Ziarah Batin pada Santa Maria|: Gua Santa Maria Klaces - Nusakambangan". Doa Katolik | Devosi | Gua Maria |Renungan Katolik| >>> Ziarah Batin pada Santa Maria|. 2012-01-04. Dibukak ing 2025-11-20.