Gunung Suribachi
Gunung Suribachi (摺鉢山 Suribachiyama?) (jeneng liya: Paipuyama utawa Gunung Pipe; basa Inggris: Mount Suribachi) iku gunung geni[1] jinis krucut piroklastik saka watu andesit sing dhuwuré 169 mèter. Dunungé ing pérangan kidul-kulon Iwo Jima, sawijining pulo sing dumunung ing 1.200 km kidulé Tokyo.
Wiwit taun 1889, pamaréntah Jepang nyathet gunung iki wis njeblug kaping 16. Jeblugan sing pungkasan kadadéan taun 1957. Jeblugan watara 65 menit, lan nyiptakaké kawah kanthi diamèter 35 mèter lan jeroné 15 mèter ing cedhak tilas landhas pacu tilas Perang Donya II.[1]
Sajarah
[besut | besut sumber]Wangun gunung iki kaya mangkok kanggo ngalusaké panganan (suribachi) sing mengkurep saéngga ingaran Gunung Suribachi. Jeneng liyané ya iku Gunung Pipe amarga saka gunung iki ngetokaké keluk lan gas, lan katon kaya oncé sing pinuju kumepul.
Gunung iki dadi seksi pertempuran Iwo Jima sing ngakibataké akèh kurban ing pihak Amérikah Sarékat lan Jepang. Iwo Jima minangka markas wadya Jepang, lan dipertahanaké mati-matian amarga karebuté Iwo Jima ateges kekalahan tumrap Jepang. Ing Gunung Suribachi, prajurit Jepang gawé jaringan guwa ngisor lemah kanggo ndhelikaké mriem-mriem kalibèr gedhé, antarané mriem kalibèr 20 cm. Nanging, pemboman kapal perang wadya lautan Amérikah Sarékat ngajuraké kabèh posisi mriem Jepang.
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ a b Fisherl, Richard Virgil; Grant Heiken, Jeffrey B. Hulen (September 1997). Volcanoes: Crucibles of Change. Princeton University Press. ISBN 0-6910-0249-5.
Pranala njaba
[besut | besut sumber]- (ing basa Jepang) Iwo Jima dan Gunung Suribachi