Gonzalo Castro
|
Castro ing Borussia Dortmund taun 2015 | |||
| Katrangan priangga | |||
|---|---|---|---|
| Jeneng dawa | Gonzalo Castro Randón | ||
| Tanggal lair | 11 Juni 1987 | ||
| Papan lair | Wuppertal, Jerman | ||
| Dhuwur | 1.71 m (5 ft 7 1⁄2 in) | ||
| Posisi main | Midfielder | ||
| Katerangan klub | |||
Tim saiki | Borussia Dortmund | ||
| Angka | 27 | ||
| Karir nom | |||
| Post SV Wuppertal | |||
| Viktoria Rott | |||
| –1999 | Bayer Wuppertal | ||
| 1999–2005 | Bayer Leverkusen | ||
| Karir klub* | |||
| Taun | Tim | Main | (Gul) |
| 2005–2006 | Bayer Leverkusen II | 10 | (3) |
| 2004–2015 | Bayer Leverkusen | 286 | (25) |
| 2015– | Borussia Dortmund | 63 | (6) |
| Karir tim nasional‡ | |||
| 2005 | Spanyol U19 | 1 | (0) |
| 2006–2009 | Jerman U21 | 21 | (3) |
| 2007 | Jerman | 5 | (0) |
|
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 21:19, 18 November 2017 (UTC. | |||
Gonzalo Castro Randón (miyos 11 Juni 1987) inggih menika satunggaling pemain bal-balan profésional saking Jerman ingkang aslinipun saking Spanyol ingkang samenika main bal ing klub Bundesliga Jerman Borussia Dortmund lan Timnas Jerman, utaminipun dados pemain glandhang.[1]
Miyos ing Kutha Wuppertal saking tiyang sepuh Spanyol, piyambakipun miwiti kariripun ing Post SV Wuppertal.[2] klub sanèsipun ing wekdal taksih eném inggih menika klub Viktoria Rott lan SV Bayer Wuppertal.[2] Taun 1999, piyambakipun pindhah dhateng Bayer 04 Leverkusen.[2] Ing umur 17 taun, piyambakipun nglampahi pertandhingan kapisan kanggé tim senior Leverkusen ing Bundesliga lan ing Liga Champions. Ing musim kapisan, piyambakipun nglampahi 13 tetandhingan.[2] Piyambakipun nglampahi 21 pertandhingan ing musim 2005-2006 minangka pemain cadhangan. Wiwit taun 2006, Castro pindhah saking pemain tengah dhateng pemain wingking lan mlebet starting eleven.[2] Ing musim 2010-22, piyambakipun pindhah posisi dados bék tengen, minangka gantosipun Daniel Schwaab. Wiwit musim 2012-13, Castro dados pemain bék tengah malih.[2]
Pranala Njawi
[besut | besut sumber]Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Gonzalo Castro Randón(dipunundhuh tanggal 6 Februari 2018)
- ↑ a b c d e f Gonzalo Castro Randón(dipunundhuh tanggal 6 Februari 2018)