Flavius Yosefus

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Flavius Yosefus, menurut interpretasi John C. Winston

Yosefus (sawatawis 37 M. – sekitar 100), ingkang misuhur ing kapasitasipun dados tiyang warga nègara Romawi, dados Flavius Yosefus[1], inggih punika tiyang sejarahwan lan apologet Yahudi abad pertama keturunan imam lan raja-raja ingkang tahan lan nyèrat Penghancuran Yerusalem ing 70. Karya-karyanipun maringi pemahaman ingkang wigati babagan Yudaisme ing abad kawiwitan.

Kauripan[besut | besut sumber]

Yosefus, ingkang nepangaken piyambakipun ing basa Yunani dados "Yusuf, putra Matias, punika tiyang ètnis Ibrani, punika imam saking Yerusalem" [2],merangi tentara-tentara Romawi ing Perang Yahudi-Romawi Pertama taun 66-73 dados tiyang pemimpin militèr Yahudi ing Galilea. Saksampunipun bètèng Yahudi ing Yodfat direbut sasampunipun pengepungan, tiyang-tiyang Romawi nyerang, mbunuh ewunan wong, lan tiyang-tiyang ingkang kasisa ingkang kaasil bertahan, nglampahi bunuh diri. ananging, wonten kalane tiyang-tiyang katamtu boten cetha kawontenanipun (persani ugi prekawis Yosefus), Yosefus nyerah dateng pasukan-pasukan Romawi ingkang nyerbu ing Galilea ing wulan Juli 67. piyambakipun dados tawanan lan maringi informasi-informasi intelijen dateng tiyang-tiyang Romawi ing perang ingkang kalajengaken. Pasukan-pasukan Romawi dipunpimpin déning Flavius Vespasianus lan putranipun Titus, lan punika kalih-kalihipun dados Kaisar Romawi. ing 69 Yosefus dipunbebasaken (bdk. Perang IV.622-629) lan miturut laporan Yosefus piyambakipun, katingal sampun mainaken peranan dados perunding kaliyan pihak-pihak ingkang bertahan ing salebeting Pengepungan Yerusalem ing taun 70 M.

Ing taun 71 piyambaikipun dateng ing Roma kaliyan rombongan Titus, dados warga nagara Romawi lan klien Flavianus (amargi punika piyambakipun asring dipunsebat dados Flavius Yosefus – lihat bawah). Sanèsipun warga nagara Romawi piyambakipun ugi angsal akomodasi ing bekas rumah Vespasianus, lemah ing Yudea ingkang dipuntaklukaken, lan pension ingkang memadai, manawi boten kalangkungan. Manawi ing Roma punika, lan ing ngandap perlindungan Flavianus, Yosefus nyerat sadaya karyanipun ingkang dipuntepang.

Manawi piyambakipun namung nyebat piyambakipun "Yosefus", piyambakipun punika mendhet asma Romawi Flavius lan nama kulawarga Titus saking para pelindungipun [3]. inggih punika pola standar kanggé warga nagara ingkang énggal.

Karya tulis[besut | besut sumber]

Pratélan karya tulis[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ Yosefus nyèbat piyambakipun ing karya-karyanipun ing basa Yunani dados Jōsēpos Matthiou pais (Yosefus, anak Matais). Ménawi Yosefus ugi ginaakèn basa Aram lan kemungkinan agèng ugi Ibrani, boten wonten sumbèr-sumbèr ingkang kasisa nyatèt ing namanipun basa-basa punika. ananging mèkatèn, penerjemahan punika saking basa Yunani nghasilakèn יוסף בן מתתיהו (Yosef ben Matityahu), utawi יוסף בר מתתיהו (Yosef bar Matityahu).
  2. ^ Perang Yahudi I.3
  3. ^ Kesaksian saking teolog Gréja abad ke-3, Origenes (Comm. Matt. 10.17).