E=mc²

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Rumus Einstein th 1905 dipajang dhuwuré nganti 3m ning Berlin

E = mc2 sajeroning ngèlmu fisika ya iku rumus kang sok metu lan wigati banget nalika njlèntrèhaké persamaan aji watarané ènergi (E) lan massa (m), kang dipadhakaké kanthi langsung nganggo etungan konstanta kuadrat laju cahya dalam vakum (c 2)

,

Yaiku:

Faktor c 2 bernilai 89.88 PJ/kg = 21.48 Mt TNT per kg = 149.3 pJ/u = 931.5 MeV/u.

Manawa ènergi kang dimaksud ning persamaan ning dhuwur ya iku ènergi diam, mula massa kang keitung ya iku massa diam utawa massa invarian.

Sajarah lan konsekuensiné[besut | besut sumber]

Albert Einstein nyimpulaké formula iki didasaraké saka pangamatanné ning taun 1905 ngamati obyek kang obah lan nglaju nyedhaki laju cahya. Kesimpulan kang kondhang diolihaké saka pangamatan iki, manawa massa barang asliné iku ukuran saka kandhutan ènergi barang iku dhéwé. Sawaliké, pepadhanan kang dimaksud ngisyarataké manawa kabèh ènergi kang ana ing sistem tertutup mengaruhi massa diam saka sistem.

Miturut pepadhanan iki, gunggungé maksimum ènergi kang "bakal tinemu" saka obyek kanggo nglakoni makarya aktif ya iku massa obyek dikali kuadrat saka laju cahya.

Rumus iki uga minangka ngukur gedhené ènergi kang dikasilaké ning reaksi nuklir. Owah-owahan massa isotop sadurungé lan sawisé reaksi nuklir diitung. Gunggungé massa kang ilang sawisé reaksi nuklir (Δm) dipingaké karo kuadrat kecepatan cahya, kasilé padha karo ènergi kang diuculaké nalika reaksi nuklir mau.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  • Bodanis, David (2001). E=mc²: A Biography of the World's Most Famous Equation. Berkley Trade. ISBN 0-425-18164-2. 
  • Tipler, Paul; Llewellyn, Ralph (2002). Modern Physics (4th ed.). W. H. Freeman. ISBN 0-7167-4345-0. 

Pranala njaba[besut | besut sumber]