Djuki Ridwan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Djuki Ridwan[1] yaiku uwong kang dipercaya kanggo bangun Garuda Wisnu Kencana ing Dusun Ungasari, Kabupaten Badung, Bali. Djuki Ridwan duweni Putra lan putri saka Nia Rosyiortiwati. Putra lan putri kasebut yaiku Julian Pratama Ridwan lan Adrian Augustava Ridwan. Pendidikan kang pungkasan Djuki Ridwan yaiku D3 Informatika, ing AMIK Bandung. Priya kelairan 7 mei 1964 kasebut ngutus 150 tukang pilihan kanggo garab asil karya saka Nyoman Nuarta. Proyek kasebut dudu kagolong proyèk kang ora kaya padhatan kang digarap marang Djuki Ridwan amarga ukurane kang gedhe.

Proyèk kang tau digarap[besut | besut sumber]

-         Monumen Jalesveva Jayamahe ing Surabaya

-         Tarian Langit ing Bekasi

-         Patung Arjuna Wijaya ing Jakarta

-         Patung Sultan Hasanuddin ing Makassar

-         Patung karya Nyoman Nuarta ing Bandara Soekarno-Hatta, Tangerang

Proses Pagawean Garuda Wisnu Kencana[besut | besut sumber]

Garuda Wisnu Kencana wis wiwitan dirancang saka tahun 1989 lan awit wiwitan Djuki wis melu ing proyèk kasebut. Saben per 1 Agustus wis dirembukake menawa pagawean ing proyèk Garuda Wisnu Kencana kudu dadi 1 bagean kang masang modul. Modul yaiku keping tembaga kang wis disusun ukurane 3x4 meter dadi komponen kulit patung. Upamane ing pamasanagan  buntut Garuda Wisnu Kencana kang gedhene arep padha pesawat. Mula ing 1 Agustus buntut kasebut wis kudu dipasang. Djuki Ridwan kang ngomandoni kabèh tukang pilihan. Bahan baku kang akehe 200 lempeng tembaga diasilaké saka Jakarta. Pangiriman kagolong lalncar teka lokasi.

Alangan ing pagawéan Garuda Wisnu Kencana[besut | besut sumber]

Ing pagawéan Garuda Wisnu Kencana, Djuki Ridwan uga nemu alangan kanggo ngerampungaké Garuda Wisnu Kencana kasebut. Kaya ta kurangé bahan baku kang dipasokaké marang Djuki Ridwan amarga telat ing pangiriman. Faktor alam uga bisa dadi alangan kang nyata ing pagawé an Garuda Wisnu Kencana. Kaya ta ing pamasangan buntut Garuda Wisnu Kencana marang Djuki Ridwan, angina ing Bukit Ungasan panggonan patu madek lagi kenceng-kencengé. Kakuatané nganto 12 knot utawa padha karo 22 km/jam. Modul kang abote 1,5 ton kang lagi dikèrèk nganggo crane, bisa muter-muter dewe. Ora akeh kang bisa dilakone kanggo ngelongi kuate angina kang teka saliyané delaki kanthi premana menit saben menit perkembangan saka Garuda Wisnu Kencana.  

Amarga wektu uga dibatesi, mula panggarapan uga kudu bisa cepet. Djuki Ridwa tau nemuni alangan 3 dina sadurunge bates per 1 Agustus bagean ing Garuda Wisnu Kencana durung rampung. Sisa gawean dikerjakaké kanthi militan ing wektu 3 dina pungkasan. Para seniman patung lan tèknisi dikomando langsung marang Djuki Ridwan. Modul kang boboté 1,5 ton diangkut nganggo trek ing panggonan bengkel menyang lokasi pagawean Garuda Wisnu Kencana kang adohe 500 meter. Ana tukang kang melu trek, uga ana kang lumaku ngarak trek kasebut. Djuki Ridwa ana ing tengahing rombongan. Akèh pangarep-arep supaya pagawean ing dina kasebut lacar lan bisa rampung. Modul kaping 754 wiwitan dikèrèk jam 11  bengi. Bagean kasebut arep dipasang ing bagean paling duwur lan paling mburi ing jambulé. Panggonan kanggo tukang ing bagean kasebut kagolong sempit. 15 menit sadurunge jam 12 wengi bagean pungkasan kasebut kapasang.

Teknik Gedhekake lan Uji Kakuatan[besut | besut sumber]

Wiwitan gabung ing proyék Garuda Wisnu Kencana, Djuki lagi 2 taun kerja marang Nyoman Nuarta dadi staf divisi teknologi informatika. Ing wektu kasebut, Nyoman lagi gaw Monumen Jalesveva Jayamahe (Monjaya) ing Surabaya kang kapasang taun 1993. Monumen Jalesveva Jayamahe (Monjaya) duwéni duwur 30 meter. Patung Monjaya digawé kanthi cara Teknik panggedhean. Nyoman gawé patung kang luwih cilik kanggo model. Djuki kang nangani urusan perangkat lunak computer, ngetung skala panggedheané, uga ukuran keping kanggo patung supaya padha karo bentuk asliné. Saka gagasn Nyoman kang kepengin patung kang wis ana digedhekaké ukurané, banjur Djuki nyoba gawé nganggo komputerisasi. Cara kasebut nuwuhaké asil. Teknik panggedhean kasebut ngolehaké hak paten saka Kementrian Kehakiman nomor 009388 taun 1993 kanthi jeneng “teknik pembuatan patung organis dengan menggunakan pembesaran skala dan pola segmentasi”. Teknik kasebut uga dikanggokaké ing proyèk Garuda Wisnu Kencana. Garuda Wisnu Kecana 2x luwih gedhe ukurani tinimbang Monumen Jalesveva Jayamahe (Monjaya). Patung Garuda Wisnu Kencana dirancang supaya bisa tahan saka gempa, angina banter, bledeg, lan duwe angen-angen supaya bisa awet nganti 100 taun. Ukuran lan syarat teknis diuji bola bali kalebu ing Melbourne (Australia) lan Toronto (Kanada). Hasil saka panguji kasebut dipercaya patung kasebut bisa tahan saka gempa bumi kang kakuatané 8 skala richter, angin banter 250 km/jam lan bisa jupuk energi listrik sana bledeg.

Pesan kang Kaandut ing GWK[besut | besut sumber]

[2] Patung Garuda Wisnu Kencana mujudaké Dewa Wisnu, Dewa Pemelihara ing agama hindu kang digambaraké lagi numpaki manuk garuda. ana pesen kang kaandut lan patut dimangerti saka patung Garuda Wisnu Kencana. I Nyoman Nuarta nyebutake, pesen kasbut yaiku kanggo saben manungsa khususé wong Indonesia. Pesen kasebut yaiku supaya duweni misi ngopeni lan nyelametaké lingkungan, uga bisa jaga alam lan kearifan lokal.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. JALUARDI, HERLAMBANG (2018-08-07). "Djuki Ridwan, "Konduktor" Pembangunan Patung GWK". Kopas. Diarsip saka sing asli ing 2019-05-13. Dibukak ing 2019-05-13.
  2. Harun Syah, Moch (2018-09-25). "Pesan yang Terkandung dari Mahakarya Patung Garuda Wisnu Kencana". LIPUTAN 6. Dibukak ing 2019-05-13.