Dede Martino

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Dédé Martino penemu mesin sanggat

Dédé Martino (lair 30 Mei 1965) ya iku wong kang ngripta mesin “Sanggai” pengawèt panganan lan obat. Dédé Martino, Dosèn lan Peneliti Téknologi Pertanian Universitas Jambi, kang wis welasan taun suwéné makarya ana ing sajroning laboratorium uga bèngkèl kerja “Tekno Martino” nggoné dhèwèkè ing Kutha Jambi.[1] Dhèwèké gawe tèknologi pengawètan pangan lan obat. Dhèwèkè awèh aran mesin sanggai, sing kajupuk saka istilah basa melayu, sanggat, kang nduweni arti nggaringaké kathi cara nyanggat utawa nyangkutké ing ndhuwur geni. Béda tinimbang tèknik sanggat, mesin sanggat ngganti mèdium geni nganggo gelombang udara. Piranti mesin kuwi mau, manéka warna jinis pangan, saka janganan, woh, bumbu, uga bahan obat tradhisional bias awèt pirangpirang wulan suwéné ana ing suhu ruangwan. Ana uga sing bisa awèt ngasi telung taun suwéné, menawa disimpen ing sajroning kulkas, tanpa owah kandunghan senyawané.[2]

Kauripan[besut | besut sumber]

Dédé Martino lair Jambi, 30 Mei 1965. Lulusan saka S1 Jurusan Agronomi Fakultas Pertanian Universitas Jambi lan S2 Jurusan Agronomi Fakultas Pertanian Universitas Andalas.[1]

Dhèwèké nduwèni bojo sing jenengé Ir.Yulma Erita, lan saka kramane wong sakloron mau banjur kanugrahan anak cacah papat yaiku Gilang Muhammad (26), Galih Muhammad (26),M Irsyad (20), lan Muthia Azzahra (12). Kajaba dadi dosen, Dédé Martino uga nduwèni akèh banget prestasi sing diéntukaké menawa menang lomba utawa amung olèh penghargaan saka penemuané dhéwéké.[2]

Prestasi:

- Nyiptakaké 137 karya inovasi teknologi pertanian

- Penghargaan Kalpataru tingkat Provinsi Jambi (2012) kategori Pengabdi Lingkungan.

- Mbangun pabrik mini skala UMKM kanggo pengelolaan pupuk cair organik, zero waste, hemat listrik, lan pengelolaan sampah komunitas.

- Kabehgaweyane sing diwènèhi aran Tekno Martino dadi bahan ajar

- Alat Pemungut Spora Tunggal temuané oleh penghargaan BPPT(2004). Produk iku wis dipatènké.

- Juara Harapan I Tingkat Nasional (2006) saka Depdagri kanggo Inovasi bak sampah bio-reaktor pembangkit pupuk cair.

- Proses temuan kompos luwing (2003) dadi skénario paling apik sing difilmké dening BPPT.

Proses Risèt Mesin Sanggai[besut | besut sumber]

Risèt Dawa Mesin sanggai lair saka rasa prihatin amarga sitiké wong kang ngginakaké bahan pangan lan obat. Manéka warna tanduran sing migunani kang urip lan ngrembaka ing nagari tropis iki sakmestiné dadi sumber sejahterané masyarakat. Nyatané, asil bumi umumé didol mentah saéngga ora nekakaké nilai tambah. Salah sawijiné sing kuduné bisa digunakake kanthi maksimal yaiku obat-obatan tradhisional. Jaé abang, kunir, kencur iku produk jamu unggulan sing apik kanggo keséhatan, uga wis dipercaya nduwéni khasiat dadi tamba maneka warna penyakit.[1]

Prosés nggawé mesin sanggai diwiwiti saka taun 2.000-an. Dhèwèké butuh luwih saka 10 taun bolan-balèni nganyari mesin. Ing mesin kapisan lagi bisa nggaringaké kadhar banyu 15%. Banjur, ing mesin kapindho dhèwèké nggawè inovasi anyar kathi mènèhi vèntilasi khusus, nanging malah teka masalah anyar yaiku suhu mesin cepet munggah. Ing mesin sing katelu, dhèwèké ngrombak manèh. Digawé pengering udara lan pendingin suhu ruang ing sak mesin sisan, tujuané supaya hémat ènérgi. Banjur sing kepapat, Dédé ngganti badan mesin ssing maune saka seng diganti kayu seng jebul menghambat gelombang, beda yen karo kayu kang sifaté ora menghambat. Lan sing terakhir, dhéwéké ngganti lawang mesin nganggo kaca bening. Kanthi mangkono, nyetèlé wektu sawatara 32 jam kanthi suhu ing ngisor 40 serajat cèlcius bisa apa ora mesin kerja optimal, mergané dhéwéké bola-bali mbukak lawang mesin amung arep ndeleng kadaré banyu.

Dédé nduwèni kekarepan, manéka warna wit-witan ing negara iki bisa diopèni luwih maksimal. Indonesia aja ngasi manèh gumantung karo obat-obatan impor. Karya tèknologi wis mangsané digunakaké kanggo ndhongkrak ketinggalan supaya petani lokal uga bisa ngrasakké manfaat saka risét iki. Yen wis mangkono, ilmu sing diduwèni ora amung dienggo awaké dhéwé nanging migunani marang wong liyan, opo manèh para petani lokal sing mesti kangèlan menawa arep ngedol produké.

Mesin sanggai lair saka rasa prihatin lan gela saka minime piguna bahan pangan lan obat. manéka warna tanduran sing urip lan ngrembaka ing negara tropis sakmestiné dadi sumber sejahterané masyarakat. Kasunyatané, hasil bumi umumé didol mentah saéngga ora nekakake bathi. Salah sawijiné kang mestine bisa dimanfatké luwih maksimal yaiku obat-obatan tradhisional. Jaé abang, kunir, temulawak, utawa kencur iku produk jamu unggulan kang becik kanggo kesehatan, uga wis terbukti ngilangi manéka warna jinis penyakit. Obat-obatan tradhisional saya mréné akèh sing seneng merga padha tertarik marang pengobatan tradhisional.

Ing Sajroning kajiané, Guru Besar Fakultas Farmasi UGM Ratna Asmah Susidarti kang kawénéh irah-irahan Terapi Dan Pengembangan Obat Baru (2017) wis tau mbahas perkara potènsi sing gedhé saka tanduran tropis ing Indonesia sing durung dienggo kanthi becik. Kira-kira 30.000 spèsiès tanduran sing ana ing hutan hujan tropis Indonesia. Saka jumlah kuwi mau, lagi sekitar 9.600 spèsiès sing dimangertèni nduwèni khasiat obat. Nanging sing dimanfaatké kanggo jamu utawa pengobatan, lagi 200 spesies.[2]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b c "Ir DEDE MARTINO, MP - Universitas Jambi - PROFIL DOSEN". www.profildosen.com. Dijupuk 2019-05-14. 
  2. a b c Irma, Tambunan (22-11-2108). "Dede Martino Menciptakan Mesin Sanggai Pengawet makanan dan Obat". Kompas.  Priksa gandra date ing: |date= (pitulung)