Menyang kontèn

Deddy Corbuzier

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Deddy Corbuzier
LairDeodatus Andreas Deddy Cahyadi Sunjoyo
28 Dhésèmber 1976 (umur 49)
Jakarta, Indonesia
BangsaIndonesia
Jeneng liyaDeddy Corbuzier
PakaryanPesulap, Artis
BojoKalina Ocktaranny (o. 2005; peg. 2013)
Sabrina Chairunnisa (o. 2022)
AnakAskanio Nikola Corbuzier

Deodatus Andreas Deddy Cahyadi Sunjoyo utawi ingkang langkung misuwur kanthi nama Deddy Corbuzier (lair ing Jakarta, 28 Dhésèmber 1976; umur 49 taun).[1] Deddy Corbuzier punika salah satunggaling Mentalis ingkang misuwur ing Indonesia.[1] Deddy Corbuzier punika salah satunggaling pesulap profésional keturunan Tionghoa.[1] Deddy Corbuzier misuwur kanthi dandanan wajah ingkang unik.[1] Deddy Corbuzier asring tampil wonten ing acara sulap saha talk show ing stasiun-stasiun tivi.[1] Kajawi punika Deddy Corbuzier.[1] Deddy Corbuzier ugi naté akting wonten ing salah satunggaling sinétron, dados bintang tamu.[1] Deddy Corbuzier ugi dados bintang pariwara wonten ing tivi saha médhia cetak.[1] Kajawi ngginakaken trik-trik sulap ingkang umum, Deddy Corbuzier ugi asring ngginakaken trik sulap ingkang gadhah resiko ingkang awrat sanget.[1] Sanajan dipunwasatni pesulap, nanging Deddy Corbuzier langkung remen dipunwastani mentalist.[1]

Deddy Corbuzier nikah kaliyan Kalina Oktarani utawi ingkang langkung misuwur kanthi nama Kalina.[1] Deddy Corbizier saha Kalina nikah nalika tanggal 25 Fèbruari 2005.[1] Saking pernikahan punika, Deddy Corbuzier saha Kalina patutan satunggal ingkang namanipun Azkanio Nikola Corbuzier.[1] Kajawi pagawean wonten ing donyaning entertainment, Deddy Corbuzier ugi gadhah investasi wujud bisnis.[1] Deddy Corbuzier mbikak warung mangan Jepang Takigawa sesarengan kaliyan kanca-kanca artis sanèsipun.[1] Pesulap ingkang dipunremeni Deddy Corbuzier inggih punika Harry Houdini.[2] Deddy Corbuzier naté ngarang buku ingkang irah-irahanipun The Book of Magic.[2]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 selebriti.kapanlagi.com(dipunundhuh tanggal 21 September 2011)
  2. 1 2 infoselebindo.com Archived 2011-09-25 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 21 September 2011)