Danbo
Danbo ya iku kangkatan saka Danboard, ya iku bonéka kang digawé saka kertas karton board. bonéka iki digawé déning Azuma Kiyohiko kang uga nggawé kartun manga Yotuba.[1] Wujud bonékah iki unik, ya iku kaya manungsa cilik kang ukurané 7 cm lan 13 cm.[1] Danbo bisa diobah-obahaké lan digawé warna-warna gaya.[1] Perusahaan kang nggawé gunakaké tèknologi kang canggih ing saben ugel-ugel bonéka iki mula obah-obahé bisa luwes.[1]

Ana ing nagara asalé Jepang, Danbo bisa payu didol regané wiwit 5000 yèn utawa sakiwa-tengené Rp. 500.000 sijiné.[1] Ana ing serial manga danbo bisa obah yèn ana dhuwit rècèh kang dilebokaké saka lambéné.[1]
Caran gawé
[besut | besut sumber]Bonéka Danbo digawé saka kertas karton.[1] Rega asliné ya iku 5000 yèn, kelebu larang kanggo wong Indonesia.[1] Nanging kanggo kang pengen duwé bonékah iki bisa nggawe dhéwé.[2] Ing ngisor iki bakal diandharake cara nggawé bonékah Danbo.[2]
- Cepakaké kertas karton utawa kertas liya kang kandel
- Gambar pola danbo ing kertas karton
- Gunting kertas karton manut polané banjur diwangun miturut polané
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- 1 2 3 4 5 6 7 8 Danbo boneka kardus yang memiliki jiwa Archived 2012-02-22 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 25 Juli 2012)
- 1 2 Cara Mudah Membuat Danbo Archived 2012-08-07 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 26 Juli 2012)