C++

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Basa Pemrograman C++

C++ iku basa pemrograman komputer C++ dikembangaké ing Bell Labs (Bjarne Stroustrup) ing wiwitan taun 1970-an, Basa iki diturunaké saka basa sadurungé, ya iku BCL, Wiwitané, basa kasebut dirancang minangka basa pemrograman sing dilakokaké sajeroning sistem Unix, sabanjuré, versi ANSI (American National Standart Institute) Basa pemrograman C dadi versi dominan, sanadyan versi kasebut saiki arang dianggo sajeroning pengembangan sistem lan jaringan utawa kanggo sistem embedded, Bjarne Stroustrup ing Bell labs pisanan ngembangaké C++ ing wiwitan 1980-an, kanggo ndhukung fitur-fitur ing C++, diyasa efisiensi lan sistem support kanggo pemrograman tingkat cendhèk (low level coding).[1] Sajeroning C++ ditambahaké konsèp-konsèp anyar kaya class kanthi sipat-sipat kaya inheritance lan overloading.[butuh sitiran] Salah siji prabédan sing paling mendhasar karo basa C ya iku panjurung marang konsèp pamrograman mawa orièntasi objèk (Object Oriented Programming).[2]

Conto Program C++[besut | besut sumber]

Contoh program prasaja C++ kanggo hello world sing migunakaké Pustaka Dhasar C++ bisa dipirsani ing ngisor iki:[butuh sitiran]

#include <iostream.h>
int main()
{
	cout << "hello world\n";
}

[3]

Katrangan[besut | besut sumber]

Baris pisanan :

#include <iostream.h>

Minangka pérangan saka prosès kompilator, Kompilator c++ ngalkokaké program sing diarani preprosesor. Preprosesor duwé kamampuan nambahaké lan mbusek kodhe saka sumber, Ing pérangan #include mènèhi weruh preprosesor supaya nyertakaké kodhe saka iostream, Berkas iostream isi deklarasi kanggo manéka fungsi sing dibutuhaké déning piranti alus, utawa class-class sing dibutuhaké.[3]

Baris kaloro :

void main ()

Pratélan iki mbiwarakaké fungsi utama, yèn sawijining program C++ bisa isi akèh fungsi, sing kudu tansah duwé fungsi utama (main function), Fungsi iku modul sing isi kodhe-kodhe kanggo ngrampungaké masalah-masalah tinamtu. Tembung Void nandhakaké fungsi utama ora duwé jinis.[3]

Baris ketiga :

{

Kurung kurawal buka menandakan awal program.[3]

Baris kapapat :

cout Cout << "Hello world\n";

Cout iku object saka Pustaka piranti alus standart C++ sing dipigunakaké kanggo nyethak string menyang piranti output standard, sing biyasané layar komputer, Compiler ngubungaké kodhe saka pustaka piranti alus baku iku kanthi kodhe sing wis ditulis kanggo ngolèhaké asil executable, Tandha

\n

iku format modifier sing dipigunakaké kanggoganti baris sawisé nampilaké string, yèn ana cout liya ing program kasebut, string sing nyertani bakal ditulisaké ing baris ngisoré.[3] Baris kalima:

}

Kurung kurawal tutup nandhakaké pungkasan program.[4]

Tembung sing dipesen[besut | besut sumber]

Klompok siji[besut | besut sumber]

C++ duwé 32 tembung sing dipesen (reserved words), Tembung kunci golongan pisanan minangka turunan saka basa C, antarané:.[4]

auto const double float int short struct unsigned
break continue else for long signed switch void
case default enum goto register sizeof typedef volatile
char do extern if return static union while

[5]

Klompok kaloro[besut | besut sumber]

Tembung sing dipesen golongan kaloro cacahé 30. Tembung-tembung iki anyar lan mung ana ing basa C++.[5]

asm dynamic_cast namespace reinterpret_cast try
bool explicit new static_cast typeid
catch false operator template typename
class friend private this using
const_cast inline public throw virtual
delete mutable protected true wchar_t

Kata-tembung yang dipesan tersebut di atas tidak boleh dipakai sebagai nama variable, class, enum, macro, dan struct.[5]

Tipe data dhasar[besut | besut sumber]

Kanggo nyimpen variabel diperlokaké papan mirunggan ing memori komputer, Gedhé lan jinis Variabel-variabel ing dalam baku program C++ dispesifikasi kaya kasebut ing ngisor.[5]

Nama Katrangan Ukuran Jangkauan
char Abjad/karakter utawa kanggo wilangan bulat cilik 1 byte signed: -128 to 127

unsigned: 0 to 255

short int (short) Wilangan bulat dengan jangkauan pendek 2 byte signed: -32768 to 32767

unsigned: 0 to 65535

int Wilangan bulat 4 byte signed: -2147483648 to 2147483647

unsigned: 0 to 4294967295

long int (long) Integer kanthi jangkauan panjang 4 byte signed: -2147483648 to 2147483647

unsigned: 0 to 4294967295

bool Boolean, bisa bernilai bener utawa salah (true or false) i byte true or false
float Angka nganggo titik ngambang (wilangan cacah) 4 byte 3.4e +/- 38 (7 digit)
double Wilangan cacah kanthi ketelitian gandha 8 byte 1.7e +/- 308 (15 digits)
long double Wilangan cacah dengan ketelitian ganda panjang 8 byte 1.7e +/- 308 (15 digits)
wchar_t Karakter lebar, biyasa dianggo Unicode karakter 2 byte 1 karakter lebar

Pratélan C++ compiler[besut | besut sumber]

Kanggo ngowahi kodhe-kodhe C++ program dadi program aplikasi sing dingertèni déning sistem operasi lan komputer, diperlokaké sawijining kompilator C++. Ing ngisor iki sawetara kompilator C++ sing bisa dipigunakaké aecara gratis,

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ Hanif al fatta (2006). Dasar Pemrograman C++ dibarengi dengan Pengenalan Pemrograman Berorientasi Objek. ISBN 979-763-582-1. 
  2. ^ Bruce Eckel (2000). Thinking in C++. Jilid 1 dari Thinking in C++ Introduction to Standard C+, Bruce Eckel. ISBN 0139798099, 9780139798092 Priksa gandra |isbn= (pitulung). 
  3. ^ a b c d e Nicolai M. Josuttis (1991). C++ primer Jilid 54848 dari Programming languages, penerbit Addison-Wesley, 1991. ISBN 0201548488, 9780201548488 Priksa gandra |isbn= (pitulung). 
  4. ^ a b Nicolai M. Josuttis (2002). Object-oriented programming in C++, Penerbit J. Wiley, 2002, Tebal 610 halaman. ISBN 0470843993, 9780470843994 Priksa gandra |isbn= (pitulung). 
  5. ^ a b c d Gregory Satir, Doug Brown (2002). C++: the core language, Penerbit, O'Reilly Media, Inc., 1995, Tebal 207 halaman. ISBN 156592116X, 9781565921160 Priksa gandra |isbn= (pitulung).  horizontal tab character ing |title= ing posisi 68 (pitulung)

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Basa pamrograman
ALGOL | APL | Ada | BASIC| C | C++ | C# |CSS| COBOL | Common Lisp | Eiffel | FORTH | Fortran | Haskell | Java | JavaScript | Jython | LISP | LOGO | Mesa | Modula-2 | Oberon | Ocaml | Objective-C | Perl | PHP | Prolog | PL/I | Pascal | PostScript | Python | Ruby | Scheme | Smalltalk | SQL | Tcl | Visual Basic