Beksan Bengberokan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Jogèd Bengberokan

Bengberokan utawi berokan minangka pertunjukkan tolak bala mirib barongsai saking Tiongkok.

Sajarah[besut | besut sumber]

Miturut tuturan riwayat ingkang dipunwarisakenn kanthi turun-temurun ing kalangan senimanipun, bengberokan minangka warisan Pangeran Korowelang utawi Pangeran Mina, sawijining panguwasa laut Jawa ing wewengkon Cirebon lan Indramayu. Nanging wonten ugi tuturan ingkang dipunwarisaken ing kalangan seniman berokan, bilih berokan minangka kreasi Mbah Kuwu Pangeran Cakrabuana, nalika nyebaraken syiar Islam ing wewengkon Galuh, kados ingkang dipuntindakaken déning wali, migunakaken pertunjukan minangka médhia syiar agama, kanthi ancas langkung gampil katampi ing lingkungan budaya wekdal punika.

Wonten pamanggih bilih tembung berokan asalipun saking tembung "barokahan" (kaslametan). Nanging kadosipun katrangan mau namung sawijining kirata (basa Sunda, ingkang ngemu teges dipunkinten-kinten namung katingal nyata), sawijining pratandha ingkang umum kadadosan ing pemerian nama jinis seni rakyat.

Wujud kesenian[besut | besut sumber]

Wujud berokan ingkang celak kaliyan bentuk-bentuk mitis totemistik saking kéwan kados ta baya, rupa raksasa, lan sanès-sanèsipun, nedahaken adhaptasi budaya mau. Pertunjukan berokan punika populer sanget ing wewengkon Cirebon lan Indramayu. Nalika wiwitan dipunadani minangka péranganing upacara ruwatan nalika nanggulangi pageblug (epidemi lelara), mapan ing omah énggal, lan sanès-sanèsipun. Nanging, sapunika pertunjukan berokan langkung kathah dipunadani saperlu ngregengaken pista khitanan utawi palakrami. Bengberokan dipunadani ugi nalika upacara Ngunjung Buyut, inggih punika upacara saperlu paring pakurmatan dhumateng arwah leluhur ing pasaréan désa-désa tartamtu. Bengberokan minangka kedok ingkang dipundamel saking kayu, ingkang bentukipun mirib kaliyan baya. Werni kedokipun abrit kanthi mripat ageng lan murub, kanthi lambe dipunebah-ebahaken bikak nutup saéngga ngasilaken swara "plak-plok". Badanipun kadamel saking bekas karung beras ingkang dipunjait saéngga nutupi pemainipun, saha maringi kesan badan kéwan ingkang ageng lan kebak wulu, lajeng dipunsambung kayu ingkang dipundamel mirib kados buntut kanthi warni belang-belang abrit pethak, lancip saéngga pucukipun mirib kaliyan buntut iwak cucut. Berokan limrahipun dipunmainaken kanthi giliran.

Umumipun para juru main berokan punika kakung. Saperlu nglibataken penonton. Berokan dipunobah-obahaken kanthi lincah, kedokipun kados meh nyokot penonton. Efek spontanitas ajrih saking penonton (mliginipun lare-lare) dipunmanfaataken déning para juru main Berokan saperlu nambaih hiburan.

Pertunjukan Berokan dipunwiwiti kanthi tetalu lan kidung ing basa ibu (Indramayu utawi Cirebon), dipunlajengaken kanthi jogèd Berokan ingkang alon, lajeng saya dangu samsaya rikat. Pertunjukan Berokan langkung menarik malih manawi dipunmainaken ing sanginggilipun pecahan kaca (beling). Manawi pertunjukan Berokan dipungayutaken kaliyan upacara tartamtu, limrahipun dipunadani Kirab Sawan, inggih punika upacara penyembuhan utawi saperlu kaslametan lan kaberkahan. Kirab Sawan dipunadani sabibaring sesajen lan persyaratan sanèsipun jangkep. Musik pengiring Berokan prasaja sanget, kasungsung saking kendhang, terebang, kecrek, lan bende (gong kecil) ingkang dipunmainaken déning 6 tiyang. Musikipun panci kraos monoton, nanging dinamika kadang kala medal saking kendhang lan kecrek, sesautan kaliyan swara "plak-plok" saking sirah Berokan ingkang mbukak nutup.

Sumber Rujukan[besut | besut sumber]

  • Ganjar Kurnia. 2003. Deskripsi kesenian Jawa Barat. Dinas Kebudayaan & Pariwisata Jawa Barat, Bandung.

Cathetan suku[besut | besut sumber]