Menyang kontèn

Bathik tulis

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Bathik tulis (carakan: ꦧꦛꦶꦏ꧀ꦠꦸꦭꦶꦱ꧀) yaiku ragam bathik sing digawé mawa cara ditulis utawa dibathik amung nganggo piranti canthing.[1] Ana pirang-pirang panemu sing ngelompokaké bathik dadi rong kelompok seni bathik, yaiku bathik keraton (Surakarta lan Ngayogyakarta) lan seni bathik pasisiran. Motif seni bathik keraton akèh sing nduwèni teteges utawa makna sing adiluhung, kebak kanthi makna kauripan. Corak kuna keraton sugih kanthi corak panji-panji (abad ke-14), lan perang, uga corak anyaman kaya tirta téja. Banjur motif bathik pasisiran nuduhaké gambaran ngalam lan unsur-unsur saka budaya manca singbéda lawan bathik keraton. Bathik pesisir luwih bébas uga akéh motif lan werna.

Bathik tulis digarap nganggo canthing ya iku alat sing digawé saka tembaga sing dibentuk kanggo nampung malam (lilin bathik) kanthi pucukan kaya pipa cilik kanggo ngetokaké malam kanggo miwiti nggawé gambar ing mori. Werna kain biasané luwih enom timbang werna corèkan motif (bathik, tulis putihan/tembokan). Wektu sing dibutuhaké kanggo nggawé bathik tulis luwih suwé tinimbang nggawé bathik cap. Regané bathik tulis luwih larang, amarga saka kualitas biasané luwih apik, méwah lan unik.[2]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. "Balai Besar Kerajinan dan Batik". www.batik.go.id. Dibukak ing 2026-01-17.
  2. Anindito., Prasetyo, (2010). Batik : karya agung warisan budaya dunia (édhisi ka-Cet. 1). [Yogyakarta]: Pura Pustaka. ISBN 9789791706209. OCLC 688645162.{{cite book}}: CS1 maint: extra punctuation (link)